Sang Putri Dan Sang Pemintal by Neil Gaiman

Judul:Sang Putri dan Sang Pemintal / The Sleeper and The Spindle
Penulis:Neil Gaiman
Ilustrasi:Chris Riddell
Penerjemah:Nina Andiana
Penerbit/Tahun:Gramedia Pustaka Utama/2017
Tebal:72 hlm
ISBN:9786020335483
Baca di:Ipusnas
Personal Rate:2/5 Bintang

Blurb

Si penyihir jahat merasa terpinggirkan, seribu tahun silam. Maka dia mengutuk si putri raja cilik. Saat usianya 18 tahun, jari sang putri akan tertusuk dan sang putri akan tertidur selamanya. sampai si pangeran tampan berkuda putih datang menyelamatkannya dan membangunkannya dari tidur abadi.

Tetapi tidak ada yang menunggu kedatangan pangeran tampan disini. Sebab ini versi cerita Neil Gaiman, dan kata Neil Gaiman, “Kalian tidak butuh pangeran untuk menyelamatkan kalian. Saya tidak begitu suka cerita-cerita yang wanita-wanitanya diselamatkan pria.”

Cover Sang Putri Dan Sang Pemintal

Personal thoughts

Blurb-e keren ya? Mulane tak tulis maning si. Nyong setuju nek wanita ana kok sing bisa nylametna awake dewek utawa nylametna wanita liyane, ora kemudu selalu pangeran tampan sing dadi penyelamat.

Iki kue re-telling dongeng Snow White karo Sleeping Beauty, di-mix. Nah, bingung ora kue.

Ceritane sawijining kerajaan kue agi kenang wabah penyakit tidur, dadi wong-wong kue kaya kenang sihir, agi pada beraktivitas ijig-ijig turu bae. Sing wong agi numpak jaran ijig-ijig turu sejaran-jarane, sing wong agi dodolan iwak nang pasar ijig-ijig turu ngono bae, nganti wong agi tani ya nggletak bae ujug-ujug turu. Kue ora mung wong siji loro tapi meh kabeh, sebab wabah kie bergerak terus.

Awite ana telu kurcaci sing agi maring kota nggolet hadiah nggo Ratu-ne sing arep nikahan, terus kurcaci-kurcaci mau krungu kabar ngenani wabah iki. Bar kue tekan ngadep Ratu-ne warta kie disampekna, dicritakna mbarang nek asal muasale wabah iki jane kedadean 80 taun kepungkur. Dadi ana putri raja sing disihir terus deweke dadi turu selawase 80 taun kue.

Putri raja mau mung bisa tangi nek ana pangeran sing teka nylametna, tapi nyatane saben-saben pangeran sing teka ora ana sing teyeng mlebu istanane. Sebab nang kabeh temboke kastel kue tukul kembang mawar rambat, sing ri-ne landepe kaya peso, nang antarane wit-wit kue esih ana jerangkong-jerangkong bet-e para pangeran sing arep nylametna putri raja mau nanging ora bisa.

Terus endi lakone Snow White karo Sleeping Beauty??

Pancen nang buku iki wis disebutna nek lakon-lakone akeh sing ora diwai jeneng nang penulise, dadi nek penasaran monggo maca langsung hahaha. Tapi lakon-lakone karaktere unik, lain daripada yang lain. Ratu-ne bae, deweke iki posisine arep nikah ngesuk-isuk tapi krungu kabar ana wabah tidur mau, ora ragu-ragu deweke langsung budal karo kurcaci telu mau. Calon manten lanange sing kon ngenteni, crita iki kawit sekang blurb-e pancen wis aweh kode nek nang kene lakon wadone bakal lewih ditonjolna, tapi nyong ora ngira nek nganti urusan kaya kie be akhire sing mangkat sing wadon.

Sing nyong paling seneng sekang novel grafis iki asline ilustrasine. Unik, sepisan maning. Warnane mung ireng-putih-coklat pancen tapi style ilustrasine beda karo nek dongeng sing identik karo ilustrasi sing ‘indah-indah’ kae. Iki nek menurute nyong senajan mandan creepy tapi keren.

Nyong kebayang Coraline mbarang jane, urung maca bukune si, tapi nyong wis nonton film-e bola-bali, Coraline iki kan padabae dongeng tapi serem ya, ilustrasine nggemesi tapi ya creepy. Wkwkwk Mungkin kue salah siji ciri khas-e Neil Gaiman, nyong dadi pengin maca Coraline…

Asline critane apik si, tapi nyong dewek ngerasa kurang cocok. Padahal terjemahane kepenak, tapi pancen nyong sing ora cocok karo crita-crita kaya kie. Mungkin karena nyong wis sue ora maca dongeng, terus sekaline maca dongeng malah maca sing mandan ‘beda’ kayakie nyong dadi tambah ngrasa kurang cocok. Nyong seneng padahal nek dongeng-dongeng sing nuansane cerah, ora dark kaya kie.

Alure cepet padahal, 70an halaman kebek ilustrasi, cepet kan? Cocok iki nggo selingan, apa nek dewek agi pengin eksplor bacaan, ora terlalu menyita waktu. Nek sing wis biasa macani novel kandel-kandel mungkin sekali njagong maca iki mesti rampung. Nek nyong tah rong ndina mbene rampung.

Jane novel iki aweh akeh insight anyar, lur. Kaya kae mau contone, ora kabeh lakon wanita butuh pangeran tampan nggo dadi penyelamat, ana juga lakon-lakon wadon sing bisa dadi penyelamat. Lakon Ratu nang crita iki contone. Terus ending sing awite tak kira ‘Lah paling ngko rampunge kekie..’ ternyata ora lur, aja salah sangka, nyong juga digawe kaget karo plot-twist-e, ora nyangka blas arep kaya kae akhire. Akhir ceritane kue nggantung, dan nyong paling ora bisa karo akhir crita sing nggantung kaya kie, plis lah, nyong kepikiran T_T

Tapi jenenge selera, kan, ya, pengalaman membaca juga saben wong mesti beda-beda, dadi nek nyong ora seneng buku iki ya urung mesti nek wong liya maca juga ora seneng. Nyong macani review nang goodreads, akeh kok sing seneng.

Nek kanca-kanca penasaran novel grafis iki bisa diwaca gratis nang ipusnas ya.. ketik bae judule apa asmane penulise ngko li muncul. Nyong jane paling penasaran karo karyane Neil Gaiman kue sing Mitologi Nordik, sebab nek sekang sing nyong wis nonton film-e kaya Stardust karo Coraline, kue critane krasa ora kaya sing tak bayangna, beda lah. Apamaning selawas iki nyong ngenal lakon Thor kan mung sekang Thor-e Marvel.

Tapi nyong tbr-e esih akeh dadi nggolet sing tipis bae nggo selingan.

Yawis ya, lur.. kekue bae, tekan kene ndisit.. suwun wis maca yaa…

Wassalam…


Link:

Cover : https://ebooks.gramedia.com/ebook-covers/36643/big_covers/ID_GPU2017MTH03SPDSPSATS_B.jpg

Silsilah Duka by Dwi Ratih Ramadhany

Judul:Silsilah Duka
Penulis:Ratih Ramadhany
Penerbit:Basabasi
Tebal:134 hlm
ISBN:978-623-7290-21-6
Personal Rate:4/5 Bintang
Baca Di:Ipusnas

Blurb

Setelah Ramlah meregang nyawanya sendiri, Juhairiyah mulai iba pada Majang dan Mangsen yang dianggap kehilangan sepetak surga di telapak kaki ibunya. Berkali-kali Farid dipaksa menikah lagi agar kedua anaknya yang piatu itu punya pintu baru menuju surge yang diimpikan.

Namun rencana-rencanya tak pernah berjalan mulus. Surga di telapak kaki Juhairiyah yang selalu dia banggakan, dikoyak dan disia-siakan oleh anak perempuannya sendiri. Berkat Majang dan Mangsen, perlahan-lahan terkuak akar silsilah duka  yang terjalin dalam keluarganya. Apakah rantai obsesi yang mengikat mereka juga akan terputus?

Cover Silsilah Duka

Personal Thoughts

Novela iki crita nganggo alur maju-mundur sing gonta-gantine cepet antarane masa siki pas Ramlah seda lan seteruse, karo wektu seurunge Mangsen lair, karo masa lalune Juhairiyah, karo masa lalune Farid mbarang. Narasine sekang sudut pandang orang ketiga, dadine dewek minangka sing maca bisa ngerti kabeh rahasia sing ditutup-tutupi nang lakon-lakone, ya mawa kehendake sing nulis tentu saja.

Senajan alure cepet tapi novela iki rasane padet mbeti, lur, padet tur ya kesel nggone maca. Pengalaman macane kue rasane kaya mlayu-malyu nguber jambret wkwk, cepet, menegangkan, memacu semangat, kesel, tapine rasane seneng pas si jambrete berhasil kecekel, alias marem mbanget pas tekan endinge. Jane nyong seneng karo alur critane, tapi crita iki kaya judule, dukaa tok anane, sedawane crita sing maca ora bakal teyeng mesem, apa maning ngguyu, saking akehe hal tragis sing kedadean, padahal bukune dewek kandele mung 134 halaman.

Iki jane nyritakna nek wong umah-umah kue jane ora selalu seidah yang sering dipertontonkan media. Nyritakna kayangapa angele dadi istri sing kudu ngrewangi suami menuhi kewajiban bekti maring biyunge, padahal nang kene biyunge Farid utawa mertuane Ramlah kue anane nyobaa tok, ora karo mantune ora karo anake dewek, pokoke anane nyoba.

Uga nyritakna posisine ibu sing nglairaken nganggo cara operasi sing kadang esih dadi sasaran empuk bahan gosipan nek buibu pada ngumpul nang bakul sayur. Nyritakna mbarang kayangapa susahe dadi ibu baru sementara ibune dewek be wis ora ana, malahan ibu mertuane kaya kae, karepe apa-apa sesuai kehendake si biyung mertua, mantune karepe kudu takluk apa ngendikane 😥 Nangkene krasa mbanget setres-e si lur… Nyong nganti wedi..

Sing paling penting, nggambarkan kayangapa duka karo angkara sing kadang ora sadar diwarisna turun temurun.

Kabeh kue gonta-ganti suk-sukan nang pikirane nyong sedawane rong ndina maca novela iki. Mulane menurute nyong padane pengin maca Silsilah Duka iki nek bisa pas kondisine mood agi apik lan ora agi ngrasakna setres sing keprige. Asale nang nyong dewek iki mengaruhi maring mood, nyong rasane surem mbeti rong ndina melu-melu kegawa aurane crita kie.

Tapi jempol si, penulise berhasil mbanget nggone nyampekna sosok ibu mertua paling ditakuti menantu perempuan wkwk Karaktere menantu yang tersakiti juga jos mbanget, nyong melu perih atine, seseg dadane mbayangna enggane kudu ana nang posisine Ramlah 😥 Ya apik, ya marai lara ati, marai seseg, pokoke butuh energi gede lah maca iki.

Nang awal-awal nyong mikire iki critane bakal fokus karo anak-anake Ramlah, si Majang karo adine, Mangsen. Tapi nek diibaratna game ya jebule Majang karo Mangsen iki jebule mung boss cilik T_T

Arepa kayangapa rasane, akhire nyong si seneng karo critane. Ora ketang endinge menyesakkan dan meresahkan, marai mood elek, tapi penulise brilian mbeti cara nyong. Terus ya, sawangen covere, apik si? Ilustrasine, komposisi wernane, memanjakan mata jane, mulane nyong seneng, senajan mbasa wis maca weruh covere be rasane dadi ngeri.

Buku iki bisa diwaca kanthi legal lan gratis nang ipusnas ya lur, ngantri si, tapi tenang, nek niat pengen maca ngantrine ora separah Filosofi Teras wkwk. Nek ora pengen antri ya nggolet bae nang ecommerce anu akeh, sing penting seurunge checkout pastikan dulu bukune ori, lur..

Kaya kue bae, suwun wis maca ya.. muga-muga manfangat…

Wassalam…


Link:

Cover Novela Silsilah Duka : https://i.gr-assets.com/images/S/compressed.photo.goodreads.com/books/1571896433l/48568287.SY475.jpg

Novela-novelane Penerbit Basabasi sing Cendek, Rame Lan Bisa Diwaca Gratis Nang Ipusnas

Seurunge nyong arep nyampekna ndisit kabeh buku iki nyong ulih referensi sekang thread sing digawe nang Kak @reverreads nang twitter, jane nang thread kue ana buku nonfiksi mbarang tapi nyong arep mbahas novela-ne bae, sing nyong tertarik mbanget pengen maca, karo sebagian ana sing wis tak waca mbarang. Kanggo Kak @reverreads matur suwuun mbanget wis gawe thread sing sangat berfaedah iki, sehat selalu ya! ^^ Oiya link maring thread-e tak selehna nangisor ya lur…

Nyong mulai sekang sing wis tak waca ndisit ya..

Yawis, lur, markicus alias mari kita cuss maring judul sing pertama..

Silsilah Duka

Novela iki nyritakna Ramlah sing bunuh diri nangarepe Majang, anake sing mbarep. Majang nyekseni dewek Ibune sekarat nangarepe. Terus alur-e ditarik mundur, maju, mundur, maju, pokoke maju mundur cakep nganti terungkap apa sebabe Ramlah sing urung sue nembe nglairaken Mangsen, adine Majang, bisa nganti nglakokna bunuh diri nangarepe anake dewek. Kedadean kaya kue gelem ora gelem mengaruhi psikis-e Majang sing esih bocah cilik mambu kencur.

Tapi, lur, nang sedawane crita bakal bermunculan maning crita-crita sing lewih marai miris lan lara ati.

Crita masa lalune Juhairiyah, mertuane Ramlah, sing subhanallah kae, crita sedihe Majang ngalami menstruasi pertama tapi nang sandinge wis ora ana ibune, critane Kholila—adi ipare Ramlah—sing ora perduli nganggo cara apa pokoke pengen mbanget ngalahna ibune sing serba ora gelem ngalah, lan crita-crita sampingan liyane sing pokoke sedawane satus sekian halaman pemaca ora bakal teyeng mesem, nyong bae lah, sedawane maca kie rasane ora karu-karuan, lur! Boro-boro ka ngguyu, mesem setitik be ora bisa, ora ana sing bisa nggawe nyong mesem sekang crita surem lan tragis kie. T_T

Rumah Ilalang

Nyong maca iki sebab langsung tertarik pas maca blurb-e. Critane ana siji waria jenenge Tabita, deweke seda nanging pas kancane, Tania, ngabari bapake respons-e ora sesuai harapan, bapake Tabita bahkan ora nunjukkan niatan arep methuk jenazahe Tabita nang rumah sakit. Wis kaya kue pas arep disarekna, warga sekitar nolak nek Tabita disarekna secara muslim sebab, minggu-minggu terakhi uripe warga sering weruh Tabita melu ibadah nang gereja. Tapi pas Tania maringi gereja sing biasa ditekani Tabita, hasile ora beda adoh, gereja nolak sebab Tabita ora kedaftar dadi jemaat.

Isu-ne sensitif, tapi menarik ya, lur. Sebab kue nyong langsung pengen maca. Sekang ceritane wis mantep, nyong seneng, tapi sayange nek nyong kurang cocok karo gaya bahasa-ne. Malahan tekan rampung maca nyong esih bingung karo ending-e. Nek iki si jane dasare nyong bae sing telmi hahaha

Tapi iki apik, nggo nambah-nambah insight, nambah wawasan. Seurunge nyong ora ngerti si nek nang gereja jebule sisteme jemaat-e didaftar kaya kue, ujare nyong pada karo awake dewek sing bebas arep melu sholat nang masjid sing endi, ternyata ora, ya.. Mungkin nek nang agama liya-liyane juga beda maning carane. Tapi nyong seneng dadine ngerti.

Rumah Jadah

Rumah Jadah iki nyritakna Marsia karo Fandrik sing wis dijodokna kawit Marsia esih nang njero wetenge ibune. Tapi mbasan gede, pas Fandrik teka maring ngumahe Marsia, Marsia malah nolak, sebab deweke ora tresna karo Fandrik, sebab deweke wis ndue pacar Linggo, tapi wong tuane malah ndukung Marsia, padahal perjodohan kan kaya janji ya tapi wong tuane kaya gampang mbanget mblenjanine. Marsia jane kepikiran, apa jangan-jangan wong tuane ndukung Marsia karo Linggo sebab Linggo anake wong sugih, ora kaya Fandrik sing wis yatim piatu lan esih urung jelas kerjane pas nglamar Marsia. Tapi deweke ora ambil pusing, sebab deweke juga ora tresna meng Fandrik, Marsia pengine rabi karo Linggo.

Penolakan kue jebul marai lara atine Fandrik, lara ati sing ora uwis-uwis senajan deweke akhire wis sukses, wis rabi mbarang karo wong liya. Dadia permusuhan sing berlarut-larut, ora Marsia ora Fandrik ora ana sing gelem ngalah. Puncak-e, pas Fandrik nyalon dadi kepala desa si Marsia kebakaran jenggot, akhire melu-melu nyalon. Pas agi panas-panase swasana kampanye, ora nyana ora ana sing ngira, jenazahe Marsia ditemokna wuda blejet nang komplek pesarean.

Sayang telungewu sayang, novel iki akhire ora sesuai harapan senajan plot-twist-e tetep ngageti, tetep nggregeti. Nanging nyong tetep hah? Heh? Hah? Pas rampung maca sebab akeh misteri sing urung kejawab, tapi mungkin penulise pancen pengen sing maca nyimpulna jawaban dewek.

Kejaba sekang dendam karo permusuhan, novela iki uga ngangkat topik-topik seputar tahayul kaya mahluk jadi-jadian sing arane mogut sing jare senenge mangani jenazah sing wis dikubur, karo kepercayaan nek saben malem jemuah ahli kubur temenan pada tilik ngumah dadine warga pada mbakar dupa nangumahe.

Ana mbarang ngenani masalah perbedaan keyakinan sing ruwet, terus ngenani tumindake warga Tanjung Mayang sing marai tambah mumet, senenge nggosip, percaya mbanget karo tahayul. Pokoke kadang nyong sebel dewek lah. Wkwk.

Na kue sing wis tak waca lur, rame si? Wkwk part loro-ne ngenteni nyong rampung maca maning ya!

Terus kue kan stok-e juga gur siji loro malah ana sing kudu antri, tapi tenang, lur.. iki ngantrine ora bakal separah nek awakmu antri Filosofi Teras apa Laut Bercerita, sering-sering ngecek adalah koentjinja, oke?

Suwun wis maca…

Wassalam…


Link

Thread @reverreads : https://twitter.com/reverreads/status/1388332877629194240

Burning Heat by Akiyoshi Rikako

Novel Burning Heat by Akiyoshi Rikako

Kaya ketulis nang blurb-e sing mung kur rong kalimat kae, Sakiko kepeksa rabi karo sing mateni garwane ben bisa menuntut keadilan, ben bisa balas dendam. Sakiko ki dibelan-belani operasi plastik ben bisa rabi karo Hideo sing mateni garwane. Senajan beci Sakiko tetep dadi istri sing solehah, abendina masak nggo Hideo, nganterna Hideo tekan ngarep umah nek arep mangkat makarya, umbah-umbah, reresik umah, wis pokoke idaman mbeti asline. Enggane niate ora demi arep nyelidiki Hideo, enggane niate ora arep balas dendam.

Tetapi hey tetapi, lur, sapa sing ngira terjadilah witing tresna jalaran saka kulina.

Jujur bae nyong ora nyangka arep se-drama kie. Iki novele Akiyoshi Rikako sing paling drama menurute nyong wkwk. Burning Heat ki diwaca rasane ana mirip-miripe karo Memory of Glass asline lur, tapi Burning Heat lewih drama hahaha, terus lewih krasa kuat juga suasana tegange. Thrillere mbarang lewih krasa ujare nyong. Plot-twist-e juga lumayan.. urung sing nganti jos mbanget, apa maning nganti jos gandos wkwk tapi nyong be bisa ora tau kepikiran bakal dadi kaya kue critane.

Tapi ya tetep ranking sijine nyong adalah Absolute Justice. Urung ana sing ngalahna Noriko. Mbuh kie bar nyong ngrampungna Holy Mother kayangapa. Nyong wis maca Holy Mother ana 100an halaman, tapi ya plis, seurunge nyong keceplosan kayane wis ndisit bae la, mbalik maning meng Burning Heat.

Kisahe Sakiko ki dicritakna nganggo alur sing maju mundur, tapi tulung aja ditambahi cantik sebab ukara cantik kurang relate karo isi bukune. Senajan alure maju-mundur, lur, tenang dewek sing maca ora bakal bingung… Akiyoshi Rikako ki pintere pol nggone meramu narasi-narasine dadi alur sing maju mundur kae ora marai dewek rancu karo urutan kedadeane. Mantep pokokmen la.

Terus lur, terus, novel-novele Akiyoshi Rikako ki selalu page turning, selalu.—Ya kayane kecuali Holy Mother sing agi tk waca si— Burning Heat iki juga kekue. Kayane iki alasan terbesar kenangapa nyong sing sebel ngoleksi novel berseri bisa nganti wis ndue 8 judul novele Akiyoshi Rikako numpuk nang meja.

Nek ana sing rasane nyong mengganggu sekang novel iki yakue, kahanane adine Hideo sing lara jantung. Dadi critane Akiko—adine Hideo—ki nganggo alat bantu ventrikel. Kaya kie gambarane nek nyong ngutip sekang paragraf ngisor dewek nang halaman 154

“Mendengar soal alat bantu ventrikel, tidak terbersit gambaran apa pun di kepala orang biasa sepertiku, dan ketika mendengar soal “model tanam” pun, kupikir alatnya benat-benar tersembunyi di dalam tubuh. Namun, Akiko bersandar di kasur dengan lubang di bagian perutnya, dan dari sana ada slang yang menjulur tersambung dengan jantung buatan serta baterai eksternal.”

Tekan semono tok be rasane nyong wetenge nyeri lur. Apa rasane jal, wetenge dibolongi terus awake dewek dileboni selang. Mbuh nyong ora sanggup mikirna. Iki mungkin nek nang platform sing lewih terbuka karo lewih rame kaya twitter nyong wis ditegur ngana-ngene, sebab nang awal ora aweh trigger warning. Pangapura lur, nyong blaka bae urung terlalu paham penggunaane trigger warning ki sing bener kudune kepriwe.

Nah sekang cuplikan mau konangan kan, narasine nganggo narasi orang pertama sekang sudut pandange Sakiko. Bisa-bisane Hideo rabi karo wong sing arane mirip karo adine, ya, Sakiko karo Akiko. Iki biasane nek ana sing mirip-mirip kekie ki jere pertanda jodoh, si jere.

(Ya Allah.. nyong ngapura mbanget ya lur, iki nyong kayane ka agi akeh ngelantur si.)

Tapi nyong paling seneng karo seper telu terakhir bukune. Awite nyong gemes mbeti rasane, sebab maca rong pertelu bukune ki kaya urung ulih petunjuk sing penting babagan kasuse Hideo sing mateni garwane Sakiko, keterlibatane Hideo ki kaya jejake angel mbeti dilacak. Malahan nyong mesam-mesem dewek pas Hideo karo Sakiko akhire kencan wong loro, pokoke pas Sakiko karo Hideo agi uwu-uwunan kae, Ya Allah nyong mesam-mesem dewek kaya wis melu klalen karo apa tujuane Sakiko rabi karo Hideo. Nyong sing udu sapa-sapa nang crita kie be bingung, lur, apa maning Sakiko ya, kayangapa rasane jal ana nang posisine Sakiko.

Ndilalah sepertelu terakhir bukune ki cukup mbanget nggo njelasna kebingungane nyong, pitakonan-pitakonan sing kebek nang njero sirah akhire nemokna jawabane. Ora gur jawaban, dewek bakal dituduhi kebenarane, kebenarane lur. Mbuh ngono waca dewek, rasakna dewek kagete.

Jane nyong esih ndue pitakonan siji sing urung kejawab. Tapi nyong bingung pitakonane arep tak sampekna nang kene apa ora. Pengen tak tulis nang kene tapi ngko mbokan dadi spoiler, apa dadi marakna ngurangi keseruane pas dulur-dulur pada maca.

Novel iki nembe bae rilis terjemahane wulan Maret Rongewu Selikur wingi. Nek ngglet-ngglet mungkin nang marketplace esih ana edisi sing ber-ttd digital-e Akiyoshi Rikako. Diterbitaken nang Penerbit Haru kaya novel-novel terjemahane Akiyoshi Rikako sing liyane, diterjemahaken dening  Asri Pratiwi Wulandari, kandele 296 halaman. ISBN-e 978-623-7531-65-8

Penggemare Akiyoshi Rikako, cus lah, kudu maca sing siji kie. Nyong be jane arep maca Holy Mother ndisit, tapi begitu paket buku iki teka nyong wis ora sabar. Akhire trobos bae wis wkwk.

Nek dulur-dulur seneng thriller sing dramane mending dominan ya kayane iki cocok. Kanggo sing nembe penasaran-penasaran karo karyane Akiyoshi Rikako iki juga cara nyong cocok nggo kenalan.. Nyong lewih merekomendasikan Absolute Justice nggo perkenalan pertama jane, tapi Burning Heat juga mantep, lur.

Wis, wacanen kabeh. Ngandel. Hahaha.


Oiya.. Marhaban Ya Ramadhan ya, sedulur kabeh sing nglampahi puasa… Sedoyo lepat nyuwun ngapunten, kadang mbokan ora krasa nulise cokan ora genah-genah, njaluk agunge pangapura ya, lur… Sebab nyong esih amatir, kadang mesti ana-ana bae kelepatan, salah ngetik, salah paham, salah liya-liyane pokoke nyong njaluk pangapura..

Muga-muga sedulur kabeh puasane lancar, ya…

Tekan kene disit #ReboBuku-ne

Matur suwun kanggo sing wis maca…

Wassalam…


Link:

Alat bantu ventrikel : https://www.google.com/search?client=firefox-b-d&q=apa+itu+alat+bantu+ventrikel

Instagram

Rara Mendut by Y.B. Mangunwijaya

Rara Mendut by Y.B. Mangunwijaya

Iki kepindo nyong maca novele Y.B. Mangunwijaya, seurunge nyong wis maca sing Burung-burung Manyar nang ipusnas pas melu maca marathon sing dianakna nang readathon.id. Wisa taun wingi jane, tapi Burung-burung Manyar-e ki berkesan mbanget nang nyong.

Buku iki diterbitaken nang Penerbit Gramedia Pustaka Utama, Rara Mendut iki buku pertama sekang Trilogi Rara Mendut, buku kepindone judule Genduk Duku, terus buku ketelune Lusi Lindri. Tapi buku kepindo karo ketelune nyong urung maca.

Rara Mendut iki kandele 338 halaman, terus–wis genah mbanget–nyritakna kisahe Rara Mendut sing lair lan gede nang daerah pante utara Jawa. Sawijining dina deweke kepilih dadi garwane Adipati Pragola, Junjungane Kadipaten Pati. Tapi urung kelakon Mendut dikrama nang Adipati Pragola, mawa dawuhe Raja Mataram, Tumenggung Wiraguna teka meng Pati nggawa pasukane. Pati digempur enteng-entengan, Adipati Pragola seda kanthi tragis nang perang kie. Mendut sing ket awal asline ora kepengin urip nang istana dadi mikir sebab Adipati Pragola wis ora ana terus deweke bisa balik maring umahe Siwa Lanang karo Siwa Wadone, mbalik maning paring pante sing ditresnani. Tapi nyatane Mendut malah dadi “wanita rampasan”, deweke karo dayang-dayane diboyong maring Mataram. Singkat kata, Tumenggung Wiraguna ket nembe weruh Rara Mendut ke meneng-meneng wis ngesir.

Tapine kan Mendut ora kaya prawan biasa sing gawean sedina-dinane reresik umah, ngumbahi klambi karo njangan ngrewangi Siwa Wadone. Mendut kue tipe sing senenge melu Siwa Lanange golet iwak tekan tengah laut. Deweke uga sosok Raden Rara sing ora ragu-ragu kemucap ora gelem dikrama nang Tumenggung Wiraguna, jelas mbanget Mendut kie ndue pendirian sing kuat,ora apa-apa waton sendika dawuh. Tapi senajan kue sing marakna Tumenggung Wiraguna tambah penasaran karo Mendut, tetep bae tumindake Rara Mendut ki danggep nyalahi adate istana, tumindak kaya kue mau danggep pembangkangan miturut adate dalem istana.

Wis kaya kue, nggari muncul si Pranacitra sing nek miturute Rara Mendut jere kaya Nakula karo Sadewa didadekna siji. Nyong dewek ora mandan paham perumpamaan sing nganggo lakon-lakon wayang kaya kue, tapi ya intine Pranacitra digambaraken dadi jaka sing ora gur bagus rupane, tapi uga apikan karo sepada-pada, ora gemedhe senajan putrane saudagar sing sugihe ora eling, terus poin sing paling penting deweke juga tresna karo Rara Mendut. Iki sing marakna Rara Mendut tambah moh dadi selire Tumenggung Wiraguna.

Critane Rara Mendut kan wis kondhang asline ya, novel iki juga gemiyen jere wis tau difilmna, jaman rama biyunge dewek esih pada enom. Nyong juga wis tau maca cerpen judule Roro Mendut Triman nang buku kumcer judule Roro Mendut & Atmo sing dianggit dening Besar S.W. , garis besare pada, ning nang cerpen kue lewih ringkes, ana kesan lewih “kekinian” nang sekitar taun 2001-2002 pas buku kumcere terbit, terus endinge juga digantung, siji maning ya, nang versi cerpene ora akeh lakon sampingane dadi ora ana banyolane Ntir Untir karo si Bolu—pengawale Pranacitra—wkwk. Tapi ikonik mbanget ora si, lakon Rara Mendut sing dodol rokok lintingan kae? Nang cetakan novel kie sing cover coklat kae, sing telung buku didadekna siji kae kan juga gambare wong wadon agi udud kan ya..

Buku Kumcer Roro Mendut & Atmo by Besar S.W

Terus nyong pertama ngerti novel Rara Mendut iki malah sekang nonton film Matt & Mou sing adaptasi sekang novel wattpad kae, critane Mou diwai novel Rara Mendut kie meng Matt terus nang akhir critane Mou crita meng Matt jere critane sedih tur tragis. Ditambah weruh nang covere ana asmane penulise, sing wektu semono be nyong esih kaya urung move on sekang Burung-burung Manyar akhire novel iki dadi wishlist.. Nek ora maca Burung-burung Manyar kie kayane nganti siki nyong urung bakal tertarik maca fiksi sejarah wkwk.

Novel iki bahasane campuran Basa Jawa karo Basa Indonesia, tapi sebagai wong Jawa naha nyong esih ora mudeng karo larik-larik tembang sing sering mbanget muncul apamaning kan tembang-tembang iki unsur sing penting nek ngemut-emut settinge pas jaman kerajaan. Sebab Basa Jawa sing digunakaken nang tembang-tembang kue kan biasane Basa Jawa kuno ya, sing nek jaman siki wis ora lumrah dinggo, apamaning ditembangna. Malahan kayane ora akeh pemuda Jawa jaman siki sing paham, termasuk nyong, duh..

Tapi narasine Y.B. Mangunwijaya ki cara nyong kepenak, kawit nang Burung-burung Manyar juga kae kepenak, senajan nyong pengalamane urung akeh karo buku-buku kaya kie tapi ya nyong esih ngrasa menikmati karo rong bukune Y.B. Mangunwijaya wing wis tak waca. Ana kalane nyong nggone maca separagraf tak bolan-baleni tapi tetep ora mudeng ya ana… dadi mungkin bae pas nyong maca akeh detail-detail sing keliwat, eman-eman mbanget jane tapi ya, prige maning, sapa ngerti ngemben pas nyong maca maning wis dadi lewih paham.

Nyong seneng novel iki, tapi ki tetep bae pas maca nyong tetep ana bosene, asale alure mending alon, terus pas nang bagian Rara Mendut diboyong meng Mataram-e ki krasane suwee mbanget, untung mipil diselipi adegan-adegan lucu dadi nyong esih kelipur. Apa maning pas lakone Ntir Untir karo Bolu metu, ngguyu bae nyong. Rong lakon iki senajan porsine ora patia akeh nang novele tapi nyong paling seneng karo lakon loro iki, nek ora ana Ntri Untir karo Bolu mungkin iki crita gur anane sepaneng karo tragis tok.

Lakona Rara Mendut ki nek cara nyong wis kaya pemudi-pemudi kekinian. Miturute wong jaman gemiyen kan wong wadon kudune lemah lembut tur manut, nanging Rara Mendut justru tampil dadi wong wadon sing ndueni daya tarik merga deweke ndueni sifat maskulin. Deweke kanthi tegas wani nolak dikrama nang Tumenggung Wiraguna ora mung gur gara-gara wis ana Pranacitra nang njero atine, tapi uga sebab jiwa bebas nang njerone Rara Mendut ora gelem nek dikon manggon nang istana sing aturane kayane ora nggayah cocok karo bebas sing dikarepaken si Rara Mendut.

Rara Mendut ya wis ora ana gengsi ora ana isin-isinan, dodol udud lintingan nggo mbayari pajege Tumenggung Wiraguna. Ora ketang diunekna “nyaris melacur”, Rara Mendut orapapa timbang pasrah didadekna selir nomer sekiane Tumenggung Wiraguna. Ketebak lah, sidane sing isin ya Tumenggunge.

Tapi jane senajan si Mendut iki kena diomong keras, deweke juga Raden Rara sing tresna ora eling maring dayang-dayange, maring Si Genduk Duku sing wis danggep adine dewek, maring Ni Semangka mbarang sing wis kaya simboke dewek. Mendut juga digambarna ndueni sifat setia kawan, sebab pas ndilalah ana kesempatan nggo kabur sekang Puri Wiragunan, deweke disengi kabur meng Pranacitra be ora gelem, sebab moh ninggal Genduk Duku karo Ni Semangka, karo Putri Arumardi—salah siji selire Tumenggung Wiraguna sing kebeneran cedek karo Mendut—mbarang.

Terus ya, Tumenggung Wiraguna ki nang awal-awal uajre nyong kesatria mbeti kesane—yaiyalaa piyambakipun Panglima je—tapi mbarang tambah meng mburi tambah meng mburi nyong ki gregeten sebab Tumenggung Wiraguna ki wis ndue garwa padmi sing pol teladane kaya Nyai Ajeng, wis ndue selir pirang-pirang mbarang ka ya esih nguber-uber Mendut sing genah-genah wis ora gelem, sing genah-genah wis lewih milih Pranacitra timbang deweke, nyong gregeten ora umum. Tapi ya bisa bae iki nggambaraken sifate menungsa sing selalu kaya ora ana mareme padahal Gusti Allah wis ora kurang-kurang le maringi.

Penulise ki pokoke nggone aweh deskripsi jos, cukup mendukung nyong le berimajinasi mbayangna kayangapa kauripan nang wilayah Kerajaan Mataram pas jaman pemerintahane Sultan Agung Hanyakrakusuma. Siji sing menarik mbanget menurute nyong ya penggambaran suasana pasare, carane pedagang-pedangane nawakna dagangane ki lucu-lucu, wis kaya kue wong-wonge juga krasa mbanget antusiase maring sing jenenge pasar, ora kaya siki, ya, maring pasar rasane bisa ora serame jaman cilik miyen. Mungkin nek jaman siki esih ana wong dodol lemper nggone nawakna monine “Lemper tumenggung, mangga Den, mangga Kangmas, lemper tumenggung, gedhem-gedhi, gedhem gedhi! Jadah dhuda ngengleng. Ayo dik, Diajeng, mangga lho, dhuda ngengleng, nyamleng, ileng-ileng! Kecut-kecut nyamleng!”(hlm.205) auto viral bisa-bisa, nyong senajan ora mandan mudeng karo ukara-ukarane be pengin ngguyu mbayangna ana mbak-mbak nyunggi tampah adol lemper karo jadah terus nggone promosi kaya kue :DD

Wis kekue pokokmen, nek tak critakna kabeh ya ora ana rampunge mengko wkwk. Ndang maca lah… nyg be wis apan otw buku kepindone bar ngrampungna sing agi tak waca siki ndisit.

Eh siji maning, nyong ki lope lope mbanget maring desain covere buku kie! Awite rasane gur apik temen iki samake, tapi mbasan rampung maca akhire nyong mudeng, lur, karo apa sing arep dicritakna nang ilustrasine. Telu-telune ki jan.. ayu-ayu mbanget desaineee pokoke nek mejeng nang rak!

Yawis cekap sementen #ReboBuku episode Rebo Pon, pitu April taun rongewuselikur. Ketemu maning Rebo ngarep ya, Lur!

Suwun wis maca ya..

Wassalam…

Cantik Itu Luka by Eka Kurniawan : Akhire Rampung, lur!

Cantik Itu Luka by Eka Kurniawan

Akhire rampung juga luur 😀 Meh sewulan maca kie akhire rampuuung!

Cantik Itu Luka dianggit dening Eka Kurniawan, diterbitaken nang Penerbit Gramedia Pustaka Utama, kandele 505 halaman, kanthi ISBN : 978-602-03-1258-3. Wis tau tak singgung nang postingan sing iki juga.

Novel iki nyritakna Dewi Ayu sing urip maning sawise seda selikur taun. Dewi Ayu seda rolas dina lebar nglairna anake nomer papat sing nang buku iki digambarna dadi bayi sing ala rupane sebab Dewi Ayu njaluk, ndonga, supaya ora nglairna anak wadon sing ayu-ayu maning kaya anake sing 3. Nanging, bayi sing ora ayu iki malah diarani Si Cantik marang Dewi Ayu.

Dadi, Dewi Ayu kui keturunan Landa campuran karo Pribumi, sing garis keturunane, silsilah keluargane be hurung-hururng wis marai mumet sing maca. Dewi Ayu digambaraken ndueni paras campuran sing ayu mbanget. Sawijining dina, pas Landa akhire kalah terus Halimunda dikuasani Jepang, sedulur-sedulure Dewi Ayu pada ngungsi kabeh bali maring Eropa, tapi Dewi Ayu ora gelem melu, deweke ngeri nang Halimunda nganti sidane ditangkep nang tentara Jepang bareng karo wanita-wanita keturunan Landa liyane, terus akhire dadi pelacur nggo tentara Jepang. Nganti Indonesia akhire merdeka Dewi Ayu esih tetep dadi pelacur sebab nggo mbayari utange deweke maring Mama Kalong, mucikarine, tekan akhire ndue anak papat sing kabeh ora genah sapa ramane.

Alure maju mundur, acak jane, tapi carane Eka Kurniawan nyampekna critane ora marakna sing maca bingung, sing ana perasaane nyong wis kaya diobrak-abrik sedawan critane. Narasine Eka Kurniawan senajan ana istilah-istilah sing kanggone nyong terlalu frontal, tapi asli sepisan maca hawane pengin maca bae molak-malik molak-malik halamane banget ramene critane. Malahan latar belakange lakon-lakone ki banget detail-e kadang nyong malah dadi selak pengin ngerti kelanjutan alure wkwk. Sebab kue ora ana siji lakon utama sing paling dominan lur, kabeh lakone wis diterangna kabeh asal muasale. Kadang pancen dadi mandan bosen saking kumplite penjelasane, tapi tetep bae lakune crita kie bakal marai penasaran terus, marai kepikiran terus.

Sekang samak bukune bae dewek wis langsung ngerti penghargaan apa bae sing diulihna buku kie, langsung weruh nek buku iki wis diterjemahna maring lewih sekang 30 bahasa. Keren mbok?

Senajan buku iki pancen sekeren kue, tapi tetep bae nyong ora bisa ora ngungkapna kie, nyong terganggu karo adegan-adegan seksuale, karo adegan-adegan kekerasan nang njero bukune mbarang. Wis diwai kode 20+ pancen, tapi nyong asli ora ngira arep se-eksplisit kie isine.

Nyong wis nulis nang kene, kayangapa kesane 200 halaman pertama nyong maca buku kie. Abot lur, wkwk. Tekan halaman terakhir be nyong esih di gawe syok. Lakon-lakone ki udu jenise lakon sing marakna sing maca tresna, apamaning ka bucin, kedadean-kedadean sing dialami nang uripe lakon-lakone ki ora ana sing lumrah. Sempat nang tengah-tengah nyong krasa simpati maring Kamerad Kliwon, ujare nyong, kayane iki wong tok sing paling waras. Eeeh… mbasan meng mburi-mburi, pada bae.

Nyong juga kaget nemoni ana hantu komunis nang crita kie. Sedawane maca nyong malah justru kebayang-bayang zombie wkwk. Sebab hantune miturut deskripsine cara nyong lewih mirip zombi. Tapi nyong njur kelingan pas adegan Dewi Ayu bangkit dari kubur, dadi mikir, oalah iya ya, ket awal be wis nyrempet-nyrempet, iki sing diarani surealis kan ya? Terus terang bae nyong ngrasa janggal karo hantu-hantu wong komunis sing pada dibantai kae, tapi ya mbasan tekan mburi akhire mesti pemaca bakal mudeng lah pas kebukak kabeh aling-alinge.

Intine iki crita pembalasan dendam vs kekuatan cinta, sing dawane ngoler-oler, sing bakal marakna sing maca kaget, syok, kukur-kukur sirah, geleng-geleng kepala, wis pokoke lah. Pemaca bakal dituduhi, kayangapa ruwete uripe lakon-lakone, bakal ngaweruhi kayangapa anehe kauripan nang kota imajiner Halimunda kie.

Kejaba kue, nyong juga dadi mending ngerti jane gerakane kaum komunis nang jaman semana kui kaya kae, nyong selawas kie mikire wong-wong komunis sing pada dibantai kae ya sebab anu wong jahat. Tapi jebul, sekang Kamerad Kliwon nyong dadi ngerti jane ana juga nilai-nilai karo pemahaman sing janjane ya bener. Kaya pas Kamerad Kliwon mbela kaum buruh, terus sing sebab deweke komunis dadi ora gelem ngapak-ngapakna Alamanda saurunge dadi bojone, nang kene kie sing marakna nyong simpati karo Kamerad Kliwon. Minangka pengetahuan, ya lumayan.

Na iki kutipan-kutipan sing paling take ling-eling, gur loro tapi nempel wkwk

“Dengar, Nona,” kata laki-laki itu, “aku menyukaimu, tapi jika kau tak menyukaiku, itupun taka pa-apa.” –Kamerad Kliwon (hlm. 209)


“Ia sebenarnya waras bukan main, yang gila adalah dunia yang dihadapinya.” –Adinda (hlm.358)


Makaten, lur, tekan kene ndisit #ReboBuku –ne. Mungkin tulisan iki urung bisa makili kabeh sing tak rasakna pas maca buku iki, kue sebab nyong bingung antara nyong seneng karo alur critane, tapi asli nyong terganggu pol karo adegan seksual & kekerasan nang njerone. Nyong juga urung mampu nangkep pesan-pesan tersirate kayane, sebab wis kadung kegawa critane, kadung kaget ora uwis-uwis wkwk. Tapi siki nyong dadi paham apa gunane penanda umur nek nang buku, film, utawa media-media liane. Maning-maning nek milih buku kudu nggatekna babagan iki juga, apa maning nek nggoletna buku nggo adine utawa ponakan-ponakan.

Yawis sedulur… suwun wis maca ya.. ketemu maning rebo ngarep..

Wassalam…


Review Bahasa Indonesia : https://www.instagram.com/p/CKam8UCB0SW/?igshid=1ctcgjrfb0v07

Absolute Justice by Akiyoshi Rikako

Blurb

Seharusnya monster itu sudah mati…

***

J-Lit mawa genre misteri-thriller iki kasusun sekang 5 bab, nyritakna seklompok bala dolan ket jaman SMA. Kazuki, Yumiko, Riho lan Reika ngejak Noriko sing nalika semono bocah anyar sing senenge lungguhe dhewekan nek pas istirahat makan supaya nggabung. Jebul cah papat ngrasa cocok karo Noriko sing akhire jejuluk ‘Pahlawan Kebenaran’. Ora disangka-sangka akhire lima-limane dadi kanca raket nganti pada dene diwasa, nyambut gawe, nganti wis pada rabi.

Sawijining dina Kazuki, Yumiko, Riho karo Reika ulih serat undhangan sekang Noriko, padahal semono critane Noriko wis seda. Noriko dicritakna seda sebab tumindake kanca-kanca raket-e. La terus nek Noriko wis seda, kepriwe critane undhangan mau bisa tekan tangan Kazuki dkk? Kenangapa Kazuki dkk bisa tega mateni Noriko?

Menarik kan ya?

Akhire #rebobuku is baack! Judhul iki wes tak singgung setitik nang postingan July 2020 Wrap Up kan ya. Tapi iki versi lewih lengkape, yuh lanjut..

Novel Absolute Justice iki anggitane Akiyoshi Rikako sing juga ngripta novel-novel sing se-genre kaya Scheduled Suicide Day, Girls in the Dark, The Dead Returns, Holy Mother, Silence lsp. Pokokmen sing seurunge ana cetakan kover anyar ki novel-novel sing tak sebutna mau warna kovere seragam dominan ireng, surem, mendung.. Wis pokoke mencerminkan genre-ne lah. Penggemar thriller nyong ngandel wis ora asing.

a2b5820c9383125b46bddedcbc76625a
Kover Novel Absolute Justice

Kover ngarepe be wis unik ya, gambar cah wadone kewalik… Nyong pertama ki ora sadar, ajaha tak bukak nembe sadar nyong nek nggone mandeng kewalik. Wkwk. Ilustrasine jos nek menurute nyong, lumayan serem si gambar cah wadone. Terus kover mburine, ora kalah misterius, blurb-e juga mung sebaris, terus ana gambar cah wadon sing menurut dugaane nyong kayane cah wadon sing nang kover ngarep tapine iki gambare kang mburi dadi ora katon raine, nambahi kesan misteriuse. Kombinasi palet warnane, juga sedhep nang mripat, intine nyong seneng karo desain kovere.

Versi terjemahan Basa Indonesiane diterbitaken dening Penerbit Haru, diterjemahaken dening Nurul Maulidia. Kandele juga mung 268 halaman, tapi tak jamin padhet isine.

Nyong seneng novel iki tapi ora ana sijia lakone sing tak senengi. Karaktere asli, medeni. Terutama Noriko ya, tentu sajha. Dadi Noriko ki wonge lurus-rus, lenceeeeng, ora ana menggoke. Uripe ora tau jenenge nguja-nguja nglanggar aturan, padahal nek kaya dewek mbok kadang cokan mikire dene mung perkara sepele, salah setitik kan ora ketera. Tapi Noriko ora, pokokmen ora kena weruh ana salah seuprit bae. Terkesan nggedhek-nggedhekna masalah jane, walaupun ya jane bener.

Tapi kepribadhene Noriko sing kaya kue berlanjut nganti tahap sing kena diomong ekstrem. Dheweke wis kaya mung ngaweruhi jenenge ‘kebenaran’ kue kaya mung werna ireng karo putih, pokoke salah ya salah, nglanggar hukum ya nglanggar hukum, ora ana maklum senajan kui mung perkara cah cilik njiot permen nang mini market ora mbayar, gelem-gelem digawa tekan Polsek maring Noriko. Padahal jane kadang-kadang jenenge bener karo salah, ireng karo putih, kan cokan ana garis abu-abu nang tengahe ya, ana maklum nggo hal-hal tertentu senajan tetep ana sing ora bisa dimaklumi.

Noriko iki kaya wong terobsesi maring kebenaran, mungkin wis nang tahap kecanduan kaya wong sing kecanduan narkotika. Dadi tibane, dheweke dadi Pahlawan Kebenaran ki gur nggo menuhi hasrat pribadine, kaya gur nggo muasna awake dewek tok ngono. Ora ana rasa demi mewujudkan perdamaian dunia, senangkepe nyong.

Gelem ora gelem kanca-kancane kan akhire ngrasa ora pas karo kepribadhene Noriko. Tapi ora pada wani ngungkapna maring satu sama lain-e, pokokmen pada dipendhem bae dhewek-dhewek. Kabeh mikire Noriko kan kaya kue demi kebagusan, malah dadi pada mempertanyakan diri sendiri kenangapa bisa ora seneng karo tumidake Noriko padahal kue kan becik. Ya padahal ngracun si nek menurute nyong. Toksik lah miturut bahasa sikine.

Aduh enggane kie wis klebu spoiler ya wkwkwk

Tapi Noriko kan wis seda, terus kae surat undhangan sekang ngendi asal muasale??

Wkwk… Silahkan diwaca dewek nek penasaran ya ges. Rekomendasi nggo sing seneng genre thriller kie. Jos critane. Nyong maca kie be kaya meh ora bisa mandheg wkwk. Tak belan-belani ngantuk-ngantuk tak tahan, tak belan-belani tekan jam siji wengi bet-e apa? Banget nyong le kesedot maring njero critane. Alure maju-mundur tapi tetep narasine kepenak diwaca, terjemahane juga ora angel dipahami, pokoke diwaca nyaman. Crita-critane Kazuki dkk sing diungkapna turut siji juga menarik, dewek dadi kaya kon menyelami critane cah papat mau disit siji-siji. Asik si. Siji maning, plot twist-e. Jane nyong wis nebak beberapa bagian, tapi tetep bae, tekan mburi greget ora umum. Emosi, jengkel, gregeten. Apa kie ya sing diarani keberhasilan membangun emosi nang critane. Seketika nyong rasane pengin maca novele Akiyoshi Rikako sing liyane.

Lebare rampung maca bukane lega, bukane plong. Sing ana nyong kepikiran. Ndina-ndina kepikiran, kepriwe ya bisa nggawe crita kaya kie, alur-e, karakter lakone, konflike, endinge, emosine, rasane nyong racikane pas mbanget.

Intine nyong ora sabar pengin maca novele Akiyoshi Rikako sing liyane.

E tapi merga konten nang njerone, novel iki keterangane nggo umur 15 meng ndhuwur lho ya… Dadi nyong pengin ngemutna, ora kena klalen niliki rating umur nek tuku buku, oke? Senajan ora mesti ana, tapi nek genre thriller tak gatekna nyong sering nemoni ana, kadang-kadang mung huruf D gedhe terus ana tulisan “DEWASA” cilik nangisore. Kaya nang Sometimes I Lie.

O iya, novel iki juga wis diadaptasi dadi TV Series nang Jepang mawa judhul Basa Inggris Justice Monster, terus judhul Basa Jepange Zettai Seigi. Tapi sayange nyong urung nemu link nggo nonton sing subtitle-e Indonesia. Padahal nyong juga penasaran ora eling karo versi TV Series-e… Pengin weruh kaya ngapa Noriko nang wujud wong hehe 😀

Nek iki penampakan salah siji poster-e

Priwe lur, penasaran? Pada nyong jugaa (T_T)

Yawis lah.. cekap sementen nggone cuap-cuap ya kanca-kanca. Salam ngapak salam dhawet ayu, eh btw nyong kangen nginum dhawet lungguh ngisor wit ringin alun-alun si, muga-muga gelis sehat ya bumiku…

Ketemu maning nang #rebobuku selanjute yaaw!

Matur suwun wis maca..

Sekian.. Wassalamu’alaikum…

July 2020 Wrap Up

Gambar : istimewa

Assalamu’alaikum… priwe kabare sedulur??

Muga-muga senajan esih urung rampung pandemi-ne tetep pada sehat-sehat ya, tetep diparingi lancar rejekine, urusane sekabehane.. aamiin.. aamiin..

Akhire lur… akhiree… keturutan juga nyong gawe July 2020 Warp Up! Jujur bae, iki rekor rong puluh taun punjul uripe nyong nembe tau sewulan teyang ngrampungna limang buku. Hehehe… Biasane ki nyong sewulan rampung telu be wis syukur Alhamdulillah… tapi wulan Juli kie tak rasakna pancen beda suasane ka lah, wulan spesial wkwk.

Yawis la ya, sah kakeen basa-basi, langsung bae cus, iki lima buku sing tak waca nang wulan Juli wingi ya:

Kim Ji-yeong Lahir tahun 1982 by Cho Nam-joo

Novel iki nyritakna Kim Ji-yeong, sawijining wanita sing lair nang Korea Selatan nang taun 1982. Nyritakna kayangapa jenenge budaya patriarki nang tengah-tengahe masarakat Korea Selatan. Sing ngageti ya, ternyata segitune, padahal nek menurute nyong nang India esih lewih nemen lho, tapi ternyata iki juga wis lumayan gawat dampake nggo kaum perempuan nang kana. Jane si ora gur nang Korea Selatan karo India ya, gelem ora gelem pancen nyatane wong lanang kan posisine lewih dominan kang wong wadon. Senajan jere jumlahe siki akeh wadon timbang lanang. Nyong ora yakin si, tapi kawit jaman sekolah SD tekan SMK pancen sekelase nyong selalu lewih akeh murid wadone. Padahal nyong SMK-ne TKJ.

Pas maca kie jane nyong deg-degan ijig-ijig ka nyong kebayang Kim Ji-yeong nang dunia nyata sing cepake pol karo nyong. Terus ana beberapa kedadean sing dialami Kim Ji-yeong nang novel kie ka ndilalah ana bae sing mirip karo sing wis pernah tak alami, dadine novel kie rasane pedek bae karo nyong.

Setting karo data-data pendukung sing dicantumna nang novel kie juga marakna critane ki seolah-olah pancen temenan kedadeyan. Seolah-olah Kim Ji-yeong ki wong temenan. Pas maca juga nyong ya sempat klalen nek Kim Ji-yeong ki mung lakon fiksi nang novel kie. Ya apa maning sebabe, nyong anu wis nonton adaptasi film-e disit wkwk dadine visualisasine kan lewih gampang, padahal novel karo film-e ki bedane lumayan signifikan nek menurute nyong. Garis besare si pada ya, tapi akeh detail-detail karo data-data pendukung sing ora ditampilna nang film-e.

Pokokmen, nek bisa, ya maca novele ya maca bukune lah.

Apa maning novele ki tipis, seneng nyong. Tapi nyong kaget si menangi mbasa rampung maca dengka akeh sing tak tandani karo index tab. Nek akeh sing tak tandani berarti ana akeh juga sing kudu tak emut-emut kang buku kie.

***

Absolute Justice by Akiyoshi Rikako

Akhire kesampean juga maca novele Akiyoshi Rikako. Ya jenenge nyong agi nembe dadi penggemar novel thriller, ora bisa ora penasaran karo jenenge Akiyoshi Rikako, tersepona pokoke karo novel iki.

Nove iki nyritakna sekelompok batir dolan. Bocah lima wadon kabeh, terus konflike berpusat nang salah sijine. Jenenge Noriko, jejuluk ‘Pahlawan Kebenaran’ mergane uripe ki lurus-rus ora tau jenenge nglanggar aturan apa maning ka nganti nglanggar hukum. Tipe wong sing ora bakal meneng bae nek menangi keluputan ora ketang mung sedulit. Tapi kebenaran nang versine Noriko ki versine esktrem. Pokokmen kebenaran garis keras, ora bakal kebayang ana wong sing ngasi semono-ne lah.

Critane cah wadon sing papat mau, kanca-kancane Noriko kan wes pada dewasa ya, wis ana sing mbojo ana sing mujudna cita-citane. Nah sawijining dina cah papat pada olih surat kang Noriko, padahal nang kono posisine Noriko ki wes seda. Nek Noriko-ne wis seda terus sapa sing ngirim surat?? Nah ya… Penasaran ora jal??

Tekan kene bae nyong wes meh ora teyeng mandheg maca wkwk. Kebelan tekan jam tengah loro wengi banget penasarane.

Pokokmen menarik lah novel kie, senajan blurb-e gur sebaris kalimat. Nyong rampung novel sing kandele 300an halaman kie mung sedina sewengi saking kepenake narasine, saking nyong le kesedot mlebu nang njero critane. Recommended mbanget lah nek nggo penggemar thriller, ya pecinta thriller wajib kenal tulisane Akiyoshi Rikako pokokmen. Asli ketagian.

Apa maning jere buku kie wis diadaptasi dadi TV Series nang Jepang waa… Nyong pengin nonton tapi ka brosing-brosing ra nemu link sing bener.. jajal mbok ana sing ngerti laa :((

***

Perempuan di Titik Nol by Nawaal El-Saadawi

Perempuan di Titik Nol

Novel iki nyong ngandel wis akeh sing kenal. Nyong tertarik pertama karena pernah sinopsise, jere nyritakna wong wadon sing dipenjara terus agi ngenteni hukuman mati. Ora bisa ora penasaran nyong, nangapa ana wong arep dihukum mati tapi ngejokna banding be ora gelem, malah sukaha mati, kan mesti nimbulna pitakon, jane apa sing wis terjadi? Kenangapa nganti dipenjara?

Nyong pengin maca iki wes sue, tapi rung ana rejeki nggo tuku wkwk. Akhire maca sekang aplikasi ipusnas. Suwun ipusnas.. :)) Wis gratis, resmi maning, timbang tuku buku bajakan si. Antrine lumayan sue pancen, tapi penantian berharga nggo buku kie, yakin pengen nanges.

Dadi novel kie nyritakna uripe Firdaus sing kawit cilik kie ora tau begja nek urusan karo wong lanang, mbuh ramane, mbuh lilike, bojone, ngantekan akhire isa ngrasakna ketaman asmara be Firdaus tetep ora begja. Uripe juga nelangsa, kudu nglakoni pekerjaan ora halal, dadi pelacur naun-naun, sekaline pengen leren kerja sing halal, kaco kabeh gara-gara wong sing ditresnani jebul seje antarane lambe karo tumidake marang Firdaus.

Akhire Firdaus mbalik maring kerjane sing lawas. Nah nangkene muncul ki konflik sing marakna Firdaus bisa tekan penjara.

Aduh nyong kayane nggone nggambarna ki terlalu dangkal ya. Padahal novel iki isu sing diangkat ki serius. Terus pelajarane juga, ya sebagai wong wadon sing uripe jebul lewih begja timbang Firdaus jebul nyong lewih akeh nggone ngangkluh timbangane ngucap syukur. Nang novel kie nyong ora menangi Firdaus ngangkluh, nyalahna keadaan, nyalahna urip, ora menangi nyong 😥

***

99 Untuk Tuhanku by Emha Ainun Nadjib

Nek iki buku kumpulan puisine Emha Ainun Nadjib alias Cak Nun. Wis ket sue nyong penasaran karo buku-bukune Cak Nun, tapi nembe iki ana kesempatan maca. Ya kue mau, merga terhalang budget wkwk, iki juga nyong maca nang ipusnas. Suwun ya ipusnas hehe :)) Matursuwuuun banget akses gratis & legal sing disediakna :)))

Isine temenan ana 99 iji puisi nek ora ngandel ya itungen dewek. Jujur bae awit pertama nyong mikire wong puisi religi ya ora beda adoh karo lagu-lagu religi sing selalu gemerung nalikane wulan puasa, tapi jebul nyong salah kaprah.

Pancen bener ya, ukara, urung puisi nek mawar maknane esih mawar, nek segara maknane esih segara. Tapi justru karena kue, nyong esih kangelen mahami bahasa puisine Cak Nun nang buku kie. Sebabe kosa katane nyong urung akeh, nyong juga nembe tau namatna maca buku puisi seumur-umur. Padahal diksine ki senajan nyong ora ngerti artine diucapna ya krasa bae endahe.

Apa ana saran buku puisi sing bahasane lewih gampang dipahami nggo pemula kaya nyong? Tell me, please…

Seora mudeng-ora mudenge nyong, tetep bae nyong seneng carane penulis nggambarna rasa kangen-e marang Gusti. Indah pokokmen, carane penulis ngungkapna keresahane sing ngrasa esih adoh karo Gusti Allah. Ngena nang nyong. Asli.

***

Berani Tidak Disukai by Ichiro Kishimi & Fumitake Koga

Jane nyong berharap buku kie bakal aweh langkah-langkah awit nomer siji tekan sekian ben nyong bisa ‘Berani Tidak Disukai’ temenan terus uripe nyong bahagia selawase wkwk karepe ya. Tapi ya tidak semudah itu fergusso, alejandro, paijo, sutrimo.

Ora nana step by step kaya nang procedure text, sah ngarep. Ya keles enak temen enggane iya. Dewek dikon nyimpulna dewek liwat dialoge si Pemuda karo Filusuf nang njero bukune. Apa maning nyong kan nembe kenal jenenge Alfred Adler. Nek Freud, Socrates, apa Plato kan seorane ya pernah krungu lho, senajan krungu mung nang pelajaran gemiyen jaman sekolah. Tapi Alfred Adler? Nembe ngerti nyong ajaha maca buku kie. Klik bae link kae lur, penasaran sapa si jane Alfred Adler? Wis tak wai link nang asma-ne Alfred Adler pertama kali tak sebut, nang ngisor ngana juga ana kurang apa jal?

Dadi buku iki modele ora mung narasi kaya nang Sebuah Seni untuk Bersikap Bodo Amat kae, tapi arupa dialog antarane sawijining Pemuda karo Filusuf.

Teori-teorine menarik si, tapi buku iki terjemahane terus terang bae bahasane abot nggo nyong. Nyong juga dadi rasane ora puas karo apa sing tak tangkep. Asale esih akeh bagian sing marakna tanda tanya nang nyong. Ya kaya sing diucapna Filusuf-e si, “Kita bisa membawa seekor kuda ke air, tapi mau minum air itu atau tidak itu tergantung kudanya.” Ya kayakue kurang lewih, pangapurane nyong ora apal persise.

Padahal buku kie apik nek diwaca umur-umur rong puluan kaya dewek. –Ha dewek? Wkwk. Nyong dadi ngerti apa kue hubungan interpersonal. Nyong dadi ngerti nek selawas kie nyong uripe nerapna hubungan vertikal karo sapa bae, padahal miturut penggambaran nang buku kie nek srawunge nyong karo wong-wong nerapna hubungan sing horizontal ki isa lewih harmonis karo sapa bae. Bagi nyong isa nangkep kia bae wis lumayan.

Ngesuk-ngesuk nek wis akeh sinau, wes akeh referensi wacan, nyong gelem lah maca buku kie maning. Muga-muga si lewih mudeng. Pokokmen bukune kebek index tab siki, sebagian tak nggo nandani bagian sing penting, tapi akehe isine tanda tanya wkwk.

Topike ki sekilas sederhana, tapi jebul lumayan abot. Makane bar maca kie nyong bisa rasane kesel dewek wkwk.

Konon, Untuk memahami betul teori psikologi Adler dan menerapkannya untuk benar-benar mengubah cara hidup seseorang, orang membutuhkan “separuh tahun kehidupannya” Dengan kata lain kalau mulai mempelajari pada usia empat puluh tahun, kau butuh dua puluh tahun, yaitu sampai kau menginjak enam puluh tahun. Kalau kau mulai belajar pada usia dua puluh tahun, kau butuh waktu sepuluh tahun, yaitu sampai kau menginjak usia tiga puluh tahun.

(Ichiro Kishimi)

What do you think, lur? Apa iki tandane pancen kudu sabar?

***

Kabut by riankobe

Jane iki nyong rampung tgl 30 Juli, esih ana wektu sedina nggo ngrampungna buku siji maning sing nembe tak waca separo. Tapi nyong butuh jeda ges. Nyong perlu nonton film ben seger maning.

Jane ana siji maning kie, nyong maca nang wattpad. Nyong jane pembaca wattpad ket jaman esih sekolah, tapi wingi-wingi sempat sue leren ora mbukak wattpad acan. Nembe bae nyong mulai ngglet-ngglet wacan maning nang wattpad.

Akehe siki nyong maca paling cerpen karo cerita sing chapter-e sitik-sitik, asale nek maca nang hape ka rasane lewih cepet pedes mripate. Dadi nyong biasa mung ngglet sing bisa rampung sekali grok.

Kabut kie wis sue nangkring nang library, tapi nembe tak waca wingi. Apik lur. Serius. Pokokmen penggemar thriller jajal maca si. Iki nyritakna wong papat, 1 cewek, 3 cowok, pada muncak nang salah siji gunung nang Jawa Tengah. Tapi urung tekan puncak wis ana-ana bae kedadeyan. Sing cah wadone ilang di glet ora ketemu, sing ketemu wong papat mudun wengi-wengi tapi ternyata mbuh menungsa mbuh udu, terus menangi penampakan makhluk aneh agi ngubek-ubek tenda.

Wis pokoke tegang lah. Nyong kan ora tau jenenge muncak apa sing sebangsane ya, ora paham nyong jebul ngeri juga ya, tambah ora pengin wkwk. Tapi iki critane maen asli. Jajal waca si.

***

Priwe, priwe? Bukune tipis-tipis mbok? Nah kue rahasiane kenangapa nyong bisa ngrampunna maca limang buku sewulan.  Hehe. Tapi jenenge buku kan ora kena dihakimi sekang kandel tipise, ora kemudu kandel ben isa ngemot akeh amanat, ya mbok? Muga-muga wulan Agustus ora kalah sekang wulan kie ya. Muga-muga TBR segunung gugur kae bisa cepet tak tumpes. Muga-muga dewek kabeh dipiringi rejeki sing akeh sing barokah wulan Agustus kie karo wulan-wulan seteruse dadine wishlist-e nyong isa kelaksanan hahaha, muga-muga pandemi-ne cepet rampung, sekabehane gelis normal maning.. aamiin.. aamiin..

Enteni review-ne siji-sijine buku mau ya ges wkwk.

O iyaa.. Siji maning, buat teman-teman yang nggak mengerti Bahasa Jawa, saya juga menuliskan ini dalam versi Bahasa Indonesia-nya ya.. Silahkan visit link berikut ini: https://medium.com/@rifahkh/july-2020-wrap-up-67d4e710d408

Cekap sementen.. Matursuwun kanggo sing wis maca tulisan kie…

Wassalam…

Referensi link:

(foto)

https://www.instagram.com/p/CCOS4lpAari/

https://www.instagram.com/p/CCd1jPrgspw/

https://www.instagram.com/p/CCvgfFvA3Ku/

https://www.instagram.com/p/CDP2e75gJQV/

https://www.instagram.com/p/CDWdipHAGol/

(artikel, warta, lsp.)

https://id.wikipedia.org/wiki/Patriarki

https://dunia.tempo.co/read/493803/budaya-patriarki-sebabkan-aborsi-di-india-tinggi

https://g.co/kgs/Wxubmi

https://id.wikipedia.org/wiki/Alfred_Adler

https://my.w.tt/TpVCByUIF8