Looking For Alaska by John Green

Looking for Alaska / foto koleksi pribadi

Novel iki diterbitaken dening penerbit Gramedia Pustaka Utama, diterjemahaken dening Barokah Ruziati kaliyan Sekar Wulandari mawa judhul terjemahan Mencari Alaska. Looking for Alaska kandele 288 halaman, nyritakaken Miles Halter sing seneng mbanget karo ukara terakhir sing ducapaken nang wong-wong terkenal seurunge seda, biasane ukara-ukara mau dimot nang buku-buku biografi. Dadi Miles ki seneng maca buku biografi.

Miles nerusaken nang sawijining sekolah asrama nang Alabama jejuluk Culver Creek, alesane pengen nggolet “Kemungkinan Besar” utawa “Great Perhaps” sing disebut-sebut nang Francois Rebelais nang ukara terakhire seurunge seda.

Ket maca Turtles All the Way Down patang wulan kepungkur, nyong wis penasarane pol karo novel iki. Gemiyen nyong nonton film The Fault in Our Stars sing diadaptasi sekang novel-e John Green sing judhule pada, terus maca Paper Town nyilih nggone kanca sekamarku pas ngekos jaman SMK, bar kue nonton film-e mbarang, nyong seneng karo crita-crita karangane John Green. Akhire nyong pengin ngumpulaken novel-novele John Green. Terus Agustus wingi nemu nang shopee Looking for Alaska gur 14 ewu, ori lur… Ya auto checkout.

Dadi uripe Miles kawit nang Culver Creek ki berobah satus wolungpuluh drajat. Gemiyen pas esih nang Florida critane Miles ki ora ndue kanca, terus nang Culver Creek ketemu karo kanca sekamar sing akhire dadi kanca raket jenenge Kolonel, bar kue ketemu karo Alaska sing marakna deweke ketaman asmara, bar kue ketemu Takumi, terus deweke dicomblangna karo kancane Alaska sing jenenge Lara, sebab Alaska wis ndue pacar. Sekilas crita kaya kie wis biasa beredar nang ndi-ndi kan ya. Tapi gaya critane John Green ki nyenengna, pengalaman-pengalaman karo petualangan-petualangane Miles dkk gawe ‘kejailan-kejailan’ ki asik, rasane bayangan-bayangane nang njero sirahe nyong wis kaya agi nonton film.

Ujare nyong wong judhule be Looking for Alaska alias Mencari Alaska ya critane arep kaya nang Paper Town sing si Margo ijig-ijig ngilang. Menurute nyong Alaska karo Margo ki mirip asale kelingan pas Margo ngerjani mantan pacare sing gandheng karo kancane kae, terus Alaskane kan juga senenge gawe kejailan-kejailan ngerjani gurune, ngerjani klompok bocah-bocah sing critane status sosiale lewih dhuwur nang Culver Creek sing diarani Weekday Warriors.—Biasa la ya, kaya nang film-film barat mesti ana golongan sing cah-cah populer, anake wong sugih, atlet sekolah lsp, terus ana sing bocah-bocah biasa, nek nang novel iki Alaska, Kolonel, Miles dkk mlebu golongan sing bocah-bocah biasa tapine ora njur gur dadi bahan bullyan, cah-cah kie sering gawe ulah, gawe kejailan-kejailan, pokokmen wales-walesan karo Weekday Warriors lah.—Tapi ora. Margo karo Alaska beda satus wolungpuluh drajat. Rasane pancen Miles juga ana mirip-miripe karo Quentin nang Paper Town. Tapi nyong lewih seneng Paper Town si terus terang bae.

Looking for Alaska / foto koleksi pribadi

Novel iki dibagi dadi rong bab gede, sing diarani SEBELUM karo SESUDAH, terus nang njerone ana sub bab-sub bab cilik, nanging iki model tata letake ora kaya novel biasane sing ganti sub bab ya ganti halaman, iki bablas bae nangisore gur ditandani karo sub judhul sing hurufe lewih kandel karo Mandan gede sitik ukurane, kaya kie ge:

Looking for Alaska / foto koleksi pribadi

Nyong maca 30 halaman pertama ki wes asik, tapi sayange nyong maca tekan separo punjul konflik utamane nembe metu, terus nyong ngenten-enteni ‘gong’-e tapi tekan entek halamane ‘gong’-e jebul ora patia gedhe.

Terus nyong juga sing marai kurang sreg kui bagian-bagian sing Miles alias Pudge karo kanca-kancane agi pada nglanggar peraturan. Udu apa-apa, tapi iki mencolok mbanget bedane remaja nang barat karo nang kene. Mungkin nang kana biasa jenenge remaja-remaji lanang wadon pada ngrokok, pada nyimpen alkohol nang kamar asramane, biasa jenenge sing pacaran ya pada nglakokna seks, malah ana sing ndue ganja, mungkin juga nangkene awake dewek kadang nemoni cah-cah sing ora biasa sumungkem maring pergaulan sing salah. Tapikan dewek ora ngerti apa sing ditunjukaken nang novel karo film-film iki pancen kaya kue kenyataane nang kana, apa mung dilebih-lebihkan.

Kue kabeh mau nek nang kene ora gur nglanggar aturan sekolah tok, nglanggar aturan agama mbarang wis jelas sebab mayoritas kan warga kene muslim, sing ora muslim akae nyong ngandel wong tua nang kene ora nggayah seneng nek anak-anake sing esih sekolah terlibat karo perkara-perkara mau.

Tapi minangkane ‘pengetahuan’ cara nyong ya ora ana salahe ngerti. Gur tetep ana rasa kuatir si mbokan ditiru nang remaja-remaji nang sekitare nyong.

Jujur, nyong ora marem karo endinge, iki terjemahane juga lewih kepenak sing Turtles All The Way Down si menurute nyong. Mbuh ngapa kawit maca Girls in the Dark karo Scheduled Suicide Day anding kae, rasa seneng sing biasa tak rasakna nek agi maca ndadakan ora patia tak rasakna maning, urung ilang, mungkin memudar istilahe. Tapi untung critane asik, senajan nyong tetep ora seseneng kue si.


Sumber Gambar: