Girls In The Dark & Scheduled Suicide Day by Akiyoshi Rikako

Scheduled Suicide Day & Girls in the Dark

Assalamu’alaikum kanca-kanca…

Priwe kabare? Sehat kan? Sehat ya? Muga-muga waras sehat kabeh ya..

Cepet mbanget ora krasa wis wayahe #ReboBuku maning ya wqwq. Ujare nyong nembe bae wingi upload #ReboBuku iki wis ketemu dina Rebo maning. Kadang nyong mikir apa siki wektu wis ora mlaku maning ya? Apa siki wektu mlayu?

Yawis la ya seurunge nyong tambah ngawur, yuh dilabuhi.

Crita disit setitik ya. Nyong anding wis melu live nang shopee-ne owlbookstore, nyong wis ngincer buku-bukune Akiyoshi Rikako. Dadi live-e mulai jam pitu wengi, ket jam tengah pitu nyong wis standby, wis ngeklaim voucher diskon, wis tak tata nang kranjang buku-buku sing tak incer. Tapi sayange voucher potongan ongkire nyong mung isa dinggo nek pembayarane nganggo shopeepay. Akhire tak tinggal ngisi shopeepay disit sedela. Nyong wis tak cepet-cepet, tapi pas saldone mlebu terus nyong siap-siap arep checkout nang kranjang wis ilang kabeh lur! T_T Sebele. Sing tak incer wis sold out kabeh padahal ora ana seprapat jam nyong ngisi shopeepay.

Tapi pancen dasare wis rejeki ya, pirang ndina lebare nyong ulih Girls in the Dark karo Scheduled Suicide Day kie sekang toko liya, regane juga ora kalah murah. Mung 25ewuan per bukune, buku bekas pancen tapi ora masalah, paling kuning-kuning setitik, terus dasare agi begja nyong ulih sing kover lawas, nguja ben nek ditata ireng-ireng kabeh seragam hehe, buku sing tak tuku iki uga kerumat pisan, disampuli tur esih lengkap karo bookmark-e mbarang. Waaah… Pokokmen auto aweh review bintang lima meng seller-e.

Padahal kae Silence karo Memory of Glass-e plastike be urung tak bukak wqwq. Tapi nyong maca loro iki disit sing wis ngawe-awe hahaha.

Girls in the Dark karo Scheduled Suicide Day iki anggitane penulis Jepang sing asmane Akiyoshi Rikako, pokoke penggemar J-lit mesti wis ora asing karo asma kie. Versi terjemahan Basa Indonesiane diterbitaken dening Penerbit Haru. Loro-lorone diterjemahaken dening Andry Setiawan. Tapi desainer kover-e beda senajan rasane aurane pada, sing Girls in the Dark kovere di desain nang Kana Otsuki menawa sing Scheduled Suicide Day sing ndesain kover asmane Pola.

Girls in the Dark iki kandele 283 halaman. Gur beda pirang puluh halaman tok karo Absolute Justice sing wis tak waca wulan Juli anding. Tapi nyong ngrampungna Girls in the Dark kie bisa meh patang ndina dewek. Itunge sue ya nggo ukuran novel semene kandele.

Sing tak waca iki kovere sing desain lawas, terbitan taun 2017. Kovere sederhana, gur gambar cah wadon setengah badan nganggo sragam sekolah khas Jepang. Nanging ekspresine serem, mripate kaya menatap kosong, lambene lempeng boro-boro mesem. Cara nyong jane apikan sing kover anyar tapi nyong ora seneng sebab wernane putih. Rasane nek warna ireng kaya kie lewih pas karo suasana suram nang njerone.  Terus apik bae nek ditata jejer-jejer Akiyoshi Rikako sragam kabeh wernane ireng. Kovere ki dadi kaya temane siji, bisa dideleng sekang kover mburine sing ornamene pada. Na iki juga sing marakna nyong seneng.

Kaya biasane kae, magane nyong wis tergoda mbeti karo blurb-e:

Menarik mbok? Tapi mbuh nyong sing keduwuren ekspektasine, mbuh sebab nyong pas maca kui mood-e agi elek terus, mbuh ngapa pokoke rasane ora pas karo bayangane nyong.

Endinge tetep nampol, pol, ora ngira nyong nek bakal kaya kue akhire. Nyong ket awal wis sempat curiga karo kie wong, tapi ngatekan cerpene lima anggotane Klub Sastra diwacakna kabeh rasane tetep ora tinemu ngakal keprige carane, prasangkane nyong ora nemokna dalan. Firasate nyong Itsumi kui nutupi sesutu, tapine tetep tebakane nyong mleset kabeh.

Terus terang bae maca rong cerpen pertama nggone Nitani Mirei karo nggone Kominami Akane nyong rasane wis ogah-ogahan arep lanjut, pokoke G-A-L-A-U alias Gelisah Antara Lanjut Atau Udahan. Tapi nyong nontoni review nang youtube, terus review-an nang goodreads tak wacani maning, akeh sing ngomong nek endinge warbiyasah, ora bakal ketebak.

Akhire demi endinge nyong ngumpulna niat maning.

Na pas mlebu critane Diana Detcheva sing siswi internasional sekang Bulgaria ki critane labuh asik. Nyong wis labuh menikmati. Seneng bae nyong maca pengalaman semester pendek-e Itsumi nang Bulgaria. Nuansane sing beda karo cerpen-cerpen-e anggota klub sing liya dadi nggawa efek seger.

Gur rasane nyong narasine tetep ora patia kepenak, nyong mikire mungkin karena alih bahasa sekang Bahasa Jepang sing formal, asale pas nyong maca cerpene Takaoka Shiyo ki rasane lewih kepenak, sebab bahasane lewih nyante. Bar maca nggone Shiyo malah nyong dadi lewih seneng nggone Shiyo padahal maune favorit-e nyong critane Diana. Ya memper jane, kan nang kene critane Shiyo wis dadi penulis professional, wis nerbitna novel.

Tak akoni, endinge blas ora ketebak. Tapi nyong ora sekaget kue. Gur li, kenangapa feel-e ora tekan maring nyong?? Padahal nyong pengin seneng karo Girls in the Dark ngungkuli seneng maring Absolute Justice. Tapi ngantekan maca telung judhul nggone Akiyoshi Rikako, Absolute Justice tetep nomer siji nang atikuu.

Novel iki juga wis diadaptasi dadi film ternyata, nyong ora nguja weruh nang yutub pas agi ngglet-ngglet review novele.

Tapi bar nonton filme juga nyong malah tambah kuciwa. Maning-maning ora pas karo sing tak bayangna. Nyong nek maca novele terus rasane kaya mau, pengine pas bar nonton filme impresine berubah. Tapi ora.  Nyong ora setuju mbanget lakone Koga Sonoko ora ana nang versi filme.  Lakone ilang siji kan otomatis critane ya dadi lewih krasa bedane. Terus bagian pas Itsumi nang Bulgaria, kepriwe ya, padahal nyong ngarep pengin weruh Bulgaria nang film kie, tapi kayane ora syuting nang Bulgaria ca. Simpule, akeh detail-detail nang novel sing ora ana nang filme. Crita kaca gedhe nang sekolahan sing jere isa ngatokna masa lalune wong sing ngaca juga ora ana, padahal nyong pengin weruh mbet kayangapa wujude.

Terus akeh juga detail-detail sing ora ana nang bukune tapi dadi ana nang filme. Nyong juga ora sreg karo adegan seksual sing ditampilna. Intine ya nyong tetep lewih milih crita versi novele.

Novel iki kandele 273 halaman. Beda karo Girls in the Dark, kover ngarepe lewih katon nyeni, katon rame sebab ora gur gambar cah wadon tok, tapi ana gambare kupu-kupu, terus ilustrasine ki modele kaya lukisan kae lo, apa ya jenenge nyong urung paham. Gambare cah wadon agi lungguh mangku buku werna coklat terus ana kupu akeh nang sekitare. Iki cah wadone cara nyong lewih ayu timbang sing nang Girls in the Dark, ora katon semedeni sing nang Girls In The Dark karo Absolute Justice juga. Terus rambute sing wernane ana semu-semu ungune juga dadi rasane lewih kepenak disawang.

Wulan September iki juga nek ora salah wis labuh bisa di-order sing versi kover anyare, sing warnane putih seragam karo Holy Mother, Girls in the Dark, karo The Death Return sing wis lewih ndisit dicetak versi kover anyare. Maning-maning, tak akoni versi kover anyare lewih apik. Tapi nyong tetep pengen ngumpulna sing werna ireng, ben kesan suram-e ana hahaha.

Scheduled Suicide Day iki nyritakna Watanabe Ruri, sing yakin nek ibu tirine wis mateni bapake. Tapi deweke ora ndue bukti dadi lapor pulisi naha ora bisa diproses. Akhire Ruri nekat lunga maring hutan sing wis tau nggo syuting film horror, arep nglalu alias ngendhat. Tapi tekane kana deweke malah ketemu karo medi wujude cah lanang seumuran deweke, jenenge Shiina Hiroaki. Anehe medi iki malah ngandheg Ruri supaya aja nglalu. Hiroaki janji, deweke gelem ngrewangi Ruri nemokna barang bukti sing diumpetna marang ibu tirine, terus nek nganti seminggu ora ketemu sekarep nek Ruri esih ngotot arep nerusna niate nglalu.

Ket awal nyong ora setuju karo gagasane Ruri nek ibu tirine sing mateni bapake. Senajan kemungkinane ana, motife juga ana, tapi tetep rasane ana sing ora pas. Nganti akhire Ruri karo Hiroaki bisa kasil nebak sandhi email-e ibu tirine Ruri. Tapi ya apa ana wong ndadekna jenenge wong sing wis dipateni nggo sandhi? Cara nyong lewih masuk akal nek ndadekna jenenge wong sing ditresnani nggo keperluan kaya kie bangsane.

Nanging isine pacelathon antarane ibu tirine Ruri karo Dhoktere bapake Ruri nang email kui marakna nyong dadi pindah ndukung Ruri. Kawit sekang bagian kie nyong dadi ngandel karo prasangkane Ruri. Jane esih ana rasa nek aja-aja Ruri gur saking sedhih-e gara-gara wis ditinggal ibune ndisit, terus ora setuju mbarang pas bapake nggarwa maning, eeh malah bar kue gari ditinggal bapake. Umur nembelas taun wis ngalami kaya kue, mbayangna be nyong kayane ora sanggup.

Ket awal tekan Bab 6 utawa sing nang novele diarani Butsumetsu, nyong blas ora seneng karo karaktere Ruri. Idolane nyong ket awal ki Hiroaki wqwq. Iki kutipan-kutipan sekang Hiroaki sing marakna nyong seneng karakter iki:

“… Bunuh diri itu bukan masalahmu sendiri. Bunuh diri itu akan membunuh hati orang-orang di sekelilingmu.”

Shiina Hiroaki

Karo:

“Karena itu, alih-alih mengatakan kalimat seperti ‘Kalau kau berjuang keras, kau pasti bisa’ atau ‘ kalau kau punya keberanian untuk mati, kau pasti bisa melewatinya’ aku ingin membantumu menghadapi masalahmu.”

Shiina Hiroaki

Novel iki ngluwihi bayangane nyong, rasane iki bisa dadi sesuatu nggo sing agi ngrasa ora ndue pangarep-arep. Kayane sawetara ukara nang buku kie bisa migunani nek enggane dewek pernah kepikiran jenenge nglalu alias bunuh diri. Awite tak kira sig bisa kaya kie mung buku-buku motivasi karo pengembangan dhiri, tapi nyong salah kan ya. Kaya buku iki, karya fiksi juga akeh maringna apa sing diarani ‘nilai kehidupan’. Sering crita-crita fiksi malah bisa dadi kaca nggo dewek ngilo.

Gur Sayange akhire krasane ‘terlalu sempurna’ karo ‘terlalu mulus’. Mbuh ngapa iki bisa nyong rasane nyayangna, padahal biasane nyong seneng akhir sing kaya kie.

Tapi terus terang bae nyong lewih seneng Scheduled Suicide Day timbang Girls in the Dark, kejaba merga critane sing rasane lewih cerah ora sesuram sing Girls In The Dark, bumbu-bumbu katresnanan remaja nang njerone juga nyenengna, tur kepenak dinikmati. Ya ora se-uwu-uwu Dilan-Milea si, tapi ya cukup marakna nyong mesam-mesem.

Okelah kalo begitu.. cekap sementen ya kanca-kanca #ReboBuku kali ini… ketemu maning Rebo ngarep yak..

Wassalam..