Sang Putri Dan Sang Pemintal by Neil Gaiman

Judul:Sang Putri dan Sang Pemintal / The Sleeper and The Spindle
Penulis:Neil Gaiman
Ilustrasi:Chris Riddell
Penerjemah:Nina Andiana
Penerbit/Tahun:Gramedia Pustaka Utama/2017
Tebal:72 hlm
ISBN:9786020335483
Baca di:Ipusnas
Personal Rate:2/5 Bintang

Blurb

Si penyihir jahat merasa terpinggirkan, seribu tahun silam. Maka dia mengutuk si putri raja cilik. Saat usianya 18 tahun, jari sang putri akan tertusuk dan sang putri akan tertidur selamanya. sampai si pangeran tampan berkuda putih datang menyelamatkannya dan membangunkannya dari tidur abadi.

Tetapi tidak ada yang menunggu kedatangan pangeran tampan disini. Sebab ini versi cerita Neil Gaiman, dan kata Neil Gaiman, “Kalian tidak butuh pangeran untuk menyelamatkan kalian. Saya tidak begitu suka cerita-cerita yang wanita-wanitanya diselamatkan pria.”

Cover Sang Putri Dan Sang Pemintal

Personal thoughts

Blurb-e keren ya? Mulane tak tulis maning si. Nyong setuju nek wanita ana kok sing bisa nylametna awake dewek utawa nylametna wanita liyane, ora kemudu selalu pangeran tampan sing dadi penyelamat.

Iki kue re-telling dongeng Snow White karo Sleeping Beauty, di-mix. Nah, bingung ora kue.

Ceritane sawijining kerajaan kue agi kenang wabah penyakit tidur, dadi wong-wong kue kaya kenang sihir, agi pada beraktivitas ijig-ijig turu bae. Sing wong agi numpak jaran ijig-ijig turu sejaran-jarane, sing wong agi dodolan iwak nang pasar ijig-ijig turu ngono bae, nganti wong agi tani ya nggletak bae ujug-ujug turu. Kue ora mung wong siji loro tapi meh kabeh, sebab wabah kie bergerak terus.

Awite ana telu kurcaci sing agi maring kota nggolet hadiah nggo Ratu-ne sing arep nikahan, terus kurcaci-kurcaci mau krungu kabar ngenani wabah iki. Bar kue tekan ngadep Ratu-ne warta kie disampekna, dicritakna mbarang nek asal muasale wabah iki jane kedadean 80 taun kepungkur. Dadi ana putri raja sing disihir terus deweke dadi turu selawase 80 taun kue.

Putri raja mau mung bisa tangi nek ana pangeran sing teka nylametna, tapi nyatane saben-saben pangeran sing teka ora ana sing teyeng mlebu istanane. Sebab nang kabeh temboke kastel kue tukul kembang mawar rambat, sing ri-ne landepe kaya peso, nang antarane wit-wit kue esih ana jerangkong-jerangkong bet-e para pangeran sing arep nylametna putri raja mau nanging ora bisa.

Terus endi lakone Snow White karo Sleeping Beauty??

Pancen nang buku iki wis disebutna nek lakon-lakone akeh sing ora diwai jeneng nang penulise, dadi nek penasaran monggo maca langsung hahaha. Tapi lakon-lakone karaktere unik, lain daripada yang lain. Ratu-ne bae, deweke iki posisine arep nikah ngesuk-isuk tapi krungu kabar ana wabah tidur mau, ora ragu-ragu deweke langsung budal karo kurcaci telu mau. Calon manten lanange sing kon ngenteni, crita iki kawit sekang blurb-e pancen wis aweh kode nek nang kene lakon wadone bakal lewih ditonjolna, tapi nyong ora ngira nek nganti urusan kaya kie be akhire sing mangkat sing wadon.

Sing nyong paling seneng sekang novel grafis iki asline ilustrasine. Unik, sepisan maning. Warnane mung ireng-putih-coklat pancen tapi style ilustrasine beda karo nek dongeng sing identik karo ilustrasi sing ‘indah-indah’ kae. Iki nek menurute nyong senajan mandan creepy tapi keren.

Nyong kebayang Coraline mbarang jane, urung maca bukune si, tapi nyong wis nonton film-e bola-bali, Coraline iki kan padabae dongeng tapi serem ya, ilustrasine nggemesi tapi ya creepy. Wkwkwk Mungkin kue salah siji ciri khas-e Neil Gaiman, nyong dadi pengin maca Coraline…

Asline critane apik si, tapi nyong dewek ngerasa kurang cocok. Padahal terjemahane kepenak, tapi pancen nyong sing ora cocok karo crita-crita kaya kie. Mungkin karena nyong wis sue ora maca dongeng, terus sekaline maca dongeng malah maca sing mandan ‘beda’ kayakie nyong dadi tambah ngrasa kurang cocok. Nyong seneng padahal nek dongeng-dongeng sing nuansane cerah, ora dark kaya kie.

Alure cepet padahal, 70an halaman kebek ilustrasi, cepet kan? Cocok iki nggo selingan, apa nek dewek agi pengin eksplor bacaan, ora terlalu menyita waktu. Nek sing wis biasa macani novel kandel-kandel mungkin sekali njagong maca iki mesti rampung. Nek nyong tah rong ndina mbene rampung.

Jane novel iki aweh akeh insight anyar, lur. Kaya kae mau contone, ora kabeh lakon wanita butuh pangeran tampan nggo dadi penyelamat, ana juga lakon-lakon wadon sing bisa dadi penyelamat. Lakon Ratu nang crita iki contone. Terus ending sing awite tak kira ‘Lah paling ngko rampunge kekie..’ ternyata ora lur, aja salah sangka, nyong juga digawe kaget karo plot-twist-e, ora nyangka blas arep kaya kae akhire. Akhir ceritane kue nggantung, dan nyong paling ora bisa karo akhir crita sing nggantung kaya kie, plis lah, nyong kepikiran T_T

Tapi jenenge selera, kan, ya, pengalaman membaca juga saben wong mesti beda-beda, dadi nek nyong ora seneng buku iki ya urung mesti nek wong liya maca juga ora seneng. Nyong macani review nang goodreads, akeh kok sing seneng.

Nek kanca-kanca penasaran novel grafis iki bisa diwaca gratis nang ipusnas ya.. ketik bae judule apa asmane penulise ngko li muncul. Nyong jane paling penasaran karo karyane Neil Gaiman kue sing Mitologi Nordik, sebab nek sekang sing nyong wis nonton film-e kaya Stardust karo Coraline, kue critane krasa ora kaya sing tak bayangna, beda lah. Apamaning selawas iki nyong ngenal lakon Thor kan mung sekang Thor-e Marvel.

Tapi nyong tbr-e esih akeh dadi nggolet sing tipis bae nggo selingan.

Yawis ya, lur.. kekue bae, tekan kene ndisit.. suwun wis maca yaa…

Wassalam…


Link:

Cover : https://ebooks.gramedia.com/ebook-covers/36643/big_covers/ID_GPU2017MTH03SPDSPSATS_B.jpg

Meniti Bianglala by Mitch Albom

Judul:Meniti Bianglala / Five People You Meet in Heaven
Penulis:Mitch Albom
Penerbit:Gramedia Pustaka Utama
Penerjemah:Andang H. Sutopo
Tebal:208 hlm
ISBN:978602033397
Personal Rate:3/5 Bintang

Blurb

Eddie bekerja di taman hiburan hampir sepanjang hidupnya, memperbaiki dan merawat berbagai wahana. Tahun-tahun berlalu, dan Eddie merasa terperangkap dalam pekerjaan yang dirasanya tak berarti. Hari-harinya hanya berupa rutinitas kerja, kesepian, dan penyesalan.

                Pada ulang tahunnya yang ke-85, Eddie tewas dalam kecelakaan tragis ketika mencoba menyelamatkan seorang gadis kecil dari wahana yang rusak. Saat mengembuskan napas terakhir, terasa olehnya sepasang tangan kecil menggenggam tangannya. Cerita kemudian bergulir ketika Eddie “terbangun” setelah kematiannya. Alih-alih berada di surge, taman yang indah yang selama ini ia bayangkan, ia malah berada di tengah padang awan, di mana Eddie akan dipertemukan dengan lima orang yang tanpa ia sadari telah mengubah jalan hidupnya. Kelima orang ini akan menjawab setiap pertanyaan Eddie mengenai hidupnya yang selama ini ia anggap tidak bermakna.

                Meniti Bianglala adalah sebuah kisah tentang perjalanan hidup yang baru disadari dan dimaknai justru setelah datangnya kematian.


Cover Meniti Bianglala

Personal Thoughts

Nyong tuku buku iki gara-gara weruh regane sing miring nang e-commerce oren. Seperti biasa wkwkwk. Jane nyong mandan ragu, wedi mbok bajakan tapi pas tak deleng deskripsi karo fotone, iki buku stok lawas, kertase mbarang wis pada kuning-kuning sebab kue regane murah. Pas akhire bukune tekan terus tak deleng taun cetake, bener bae buku iki cetakan taun 2016.

Pas mulai maca asline nyong agi pol awang-awangene maca apa-apa. Sing biasa maca buku nggo pelarian nek ana masalah, iki malah ngadepi masalah siji be nganti segala-galane rasane ora ana nikmate dilakoni. Akhire ya mlayune maring nyambut gawe, gawean apa bae pokoke demek, asale nek ora nggo obah mengko kepikiran bae.

Iki wis kaping telu nyong maca bukune Mitch Albom. Apik si, tapi sayang mbanget iki terjemahane kurang kepenak nang nyong. Terus ndilalah mood-e agi elek dadi kan nggone maca mipil leren, sidane ya feel-e kurang, gregete uga kurang. Padahal selain sedih, critane asline meaningful mbeti. Nyritakna kauripane wong sing wis dewek wek wong tuane wis pada seda, sedulure wis seda, ora ndue anak, bojone juga wis seda ndisitan, terus sisa umure dientokna nang rutinitas sing menurute deweke ora ana maknane.

Ana siji, bab sing paling berkesan nang nyong. Sawijining bab tanpa judul nang halaman 108. Paragraf pertamane kaya kie…

 “Semua orang tua merusak anak-anak mereka. Tak bisa dihindari. Anak-anak seperti gelas cair, mengikuti bentuk yang dibuat oleh pencetak mereka. Sebagian orang tua membuat buram, sebagian membuat retak, sebagian lagi meremukkan masa kecil menjadi pecahan-pecahan yang tak mungkin lagi diperbaiki.”

Jeru ya, lur?

Halaman 108

Dadi bab iki fokus maring hubungane Eddie karo bapakane sing kurang rukun. Bapake Eddie kie critane tipe bapak sing kurang gemati maring anake, dicritakna nek ibune kue gemati tur lembut, nek bapake sing selalu “mendisiplinkan” kadang cenderung terlalu keras, malahan Eddie kue karo Joe kakange cilikane ngalami jenenge dicambuk, disabet, diantem, boro-boro ngrasakna jenenge digendong meng ramane. Padahal jenenge anak lanang kan figure sing didadekna panutan pertama mbokan ramane, ya?

Padahal bapake Eddie kue senajan tumindake marai seseg atine sing maca, deweke asline ya tresna maring anak-anake. Gur kaya ora ngerti kepriwe carane nggone nyampekna. Nek dirunut maning kan bisane bapake Eddie kaya kue uga sebab hasil didikane wong tuane gemiyen ya ra? Terus narasine paragraf siji mau kae rasane mbayang maning nang sirah. Masa enggane wong urip turun temurun kon kaya kie ya…

Kadang iki sing marai nyong mandan wedi mbojo wkwkwk. Wedi mbokane nek diparingi anak nang Gusti Alloh ngko malah nyong anane mung gawe lara atine tok. Mbokan nyong dadi wong tua sing gawe burem utawa gawe ajur gelas bening sing kudune tak sayangi karo tak tresnani. Mumet asli nek dipikir.

Siji maning kendala maca buku iki kejaba sekang terjemahane ya kue, alure sing maju-mundur, maju-mundur, ana juga adegan sing settinge nang dunia lain utawa nek miturut bukune ya kue alam akherat wkwk kue semakin marai nyong mikir, dadi nyong ora bisa rileks, ora bisa nek maca buku iki niate arep nglemesna pikiran. Sing ana pikirane nyong tambah.

Crita iki asline sedih, nyong ngrasa relate mbarang maring Eddie sing naun-naun nglakoni gawean sing deweke ora seneng, bahkan deweke ngarasa kue tidak berarti. Kadang dewek ana nang posisi kue, terus nyerah, resign. Padahal golet gawean angel. Ora risen tekanan, pas sidane milih risen nggari ngrasakna nganggur ya ngangluh maning. Padahal mending endi, si, nglakoni gawean anu tertekan tapi kepeksa butuh apa sukaha nganggur ora tertekan tapi kadang pusing ora ndue duit nggo nyukupi kebutuan? Cara nyong pada bae si jane, ora ana sing mending hahaha, malahan asline sukaha nyambut gawe ora ketang kayangapa rasane, seorane kerja kue dibayar, teyeng nabung teyeng ngrewangi wong tua ora ketang setitik.

Siji-sijine dian nang uripe Eddie kue kayane mung Marguerite, garwane. Malahan Marguerite kue dipundut ndisitan nang Sing Nggawe Urip dadi Eddie semakin, semakin, semakin ngerasa tidak berarti. Tapi sekang crita sing iki dewek dadi belajar, pancen sencinta apa pun jangan sampai terlalu menggantungkan kebahagiaan dan harapan kepada pasangan, sebab kita ini cuma manusia yang tiap harinya menunggu waktu kapan dipanggil pulang ke asalnya. Kalaupun pasangan kita sekarang adalah jodoh yang Tuhan anugerahkan, perpisahan itu tetap hal pasti, entah kita yang pergi dulu entah dia, jangan sampai perpisahan itu menjadikan salah satunya kehilangan cinta untuk Allah dan diri sendiri.

Berharap paling baik adalah berharap kepada Yang Maha Menciptakan, supaya ketika perpisahan itu terjadi, misalkan dia pergi lebih dulu, kita tetap bisa berdiri menghadapi dunia sambil tetap mencintainya meskipun tidak lagi bisa melihat dan memegang tangannya.

Iya, buku iki pancen jeru. Tapi jane si nyong mandan kurang cocok karo konsep surga nang critane hahaha. La tapi kan iki mung karangan, fiksi, dadi ya ora perlu terlalu dipikirna kayane. Sebab nang ngarep pisan penulis juga wis nyampekna kaya kie..

“Versi (surga) yang digambarkan di sini hanyalah dugaan, harapan, agar paman saya, dan orang-orang lain seperti dia—yang merasa keberadaannya di dunia tidaklah penting—akhirnya menyadari betapa mereka sangat berarti dan disayangi.” :’)

Iya crita iki memang terinspirasi sekang pamane penulis sing wis seda, asmane uga Eddie.


Quotes Sing Lumayan Maknyess!

“Ibunya berbisik bahwa ia (Eddie) “hanya perlu waktu”, tapi ayahnya semakin hari semakin tidak sabar. Ia tidak mengerti urusan depresi. baginya itu suatu kelemahan.”

—hlm. 112

“Melalui itu semua, tak peduli semua itu, diam-diam Eddie memuja ayahnya, karena anak laki-laki selalu memuja ayah mereka. Begitulah mereka belajar arti pengabdian. Sebelum pengabdian kepada Tuhan atau kepada wanita, anak lelaki akan mengabdikan dirinya lebih dulu pada ayahnya, walaupun itu hal paling bodoh, walaupun itu sama sekali tak bisa dijelaskan dengan akal sehat.”

—hlm. 110

“Orang-orang asing,” kata si Orang Biru, “adalah keluarga yang masih belum kau kenal.”

—hlm. 54

“Tidak ada kehidupan yang sia-sia,” kata si Orang Biru “Satu-satunya waktu yang kita sia-siakan adalah waktu yang kita habiskan dengan mengira kita hanya sendirian.”

—hlm. 55

“Cinta yang hilang tetap cinta, Eddie. Hanya bentuknya saja yang berbeda. Kau tidak bisa melihat senyumnya, atau membawakannya makanan, atau mengacak-acak rambutnya, atau berdansa dengannya. Tapi ketika indra-indra itu melemah, indra-indra lain menguat. Kenangan. Kenangan menjadi pasanganmu. Kau memeliharanya. Kau mendekapnya. Kau berdansa dengannya. Kehidupan harus berakhir,” kata Marguerite. “Tapi cinta tidak.”

—hlm. 179

Okelah klw begitu.. tekan kene ndisit ya lur.. ngapura nyong tulisane semakin berantakan kayane :’) tapi muga-muga ana manfangat sing bisa dijiot ya..

Suwun wis maca…

Wassalam..

Maca Buku Basa Inggris Jebule Angel T_T

Kawit jaman sekolah nyong paling seneng pelajaran Bahasa, apa maning Basa Inggris. Tapi nyong kurang serius nggone nyinaoni dadi nganti siki gur lancar cas cis cus muni Basa Inggrise nek nembangna lagu barat tok wkwk Nek kon ngomong, kon bercakap-cakap ora lancar. Boro-boro lancar, wong nek aseng foto bule nang papan wisata be grogi wkwkwk ora ngerti arep ngomong apa. Seumur-umur mbene sepisan nyong memberanikan diri njaluk foto maring bule, kue pas dolan meng monas, tahun 2019 kepungkur, pas urung ana jenenge social distancing, psbb, ppkm, lsp. Pas jaman urung akrab karo jenenge masker. Grogiii mbanget, nganti mbuh ngomong apa ora genah, tapi beja alhamdulillah bule-ne mudeng! Hahaha (Nyong tau crita nang postingan sing kie)

Mbiyen nyong teyeng mahami lagu sing tak senengi be wis bungah ora kaprah rasane. Ngerti maknane lagu sing tak nyanyekna bola-bali karo umbah-umbah, karo asah-asah, karo konser nang kamar mandi, kue wis pol senenge nyong… Bodone, tekan kono tok nyong wis berpuas diri.

Siki mbasan weruh wong pada lancar omong-omongan nganggo Basa Inggris, nyong pengin, pengiin mbanget. Ditambah-tambah akeh mbanget buku sing menarik perhatiane nyong tapine urung ana versi terjemahan Bahasa Indonesia-ne. Nyong sempat ngimpi arep ndue kindle, tapi ya kue wong buku-buku nang kindle mbokan Basa Inggris, apalah daya, masa enggane wis dibelan-belani nyelengi ora teyeng maca hahaha.

Terus nang wulan Maret wingi nek ora salah nyong njajal tuku buku nang Big Bad Wolf, semono BBW nang toko ijo anane mung buku impor, Basa Inggris kabeh. Terus nyong menangi flash sale, buku ke-loro-ne seri Magnus Chase, hard cover mung songolas ewu, terus nyong tuku, mumpung murah sisan nggo sinau Basa Inggris mikire. Tapi nyatane apa, nyong maca urung ana separo wis menyerah. Hahaha padahal akeh sing ngomong nek buku-bukune Rick Riordan Basa Inggrise esih mending gampang nek nggo pemula.

Halaman-halaman sing wis tak waca kebek corat-coretan, nyong dadi sadar jebul kosa katane nyong se-miskin kue. Wis kaya kue sue-sue nyong koleng dewek hahaha. Jebule angel, jebule kesel wis mbolak-mbalik gugel translet be esih akeh sing nyong ora mudeng… (T_T) Terus nganti siki urung tak rampungna bukune.

The Hammer Of Thor (Magnus Chase Book 2) by Rick Riordan

Malahan wulan Juli wingi nyong tuku maning buku Basa Inggris, iki nyong nguja milih sing tipis, wedi koleng kaya dong sing Magnus Chase wkwk. Nyong tuku The Little Prince, ujare nyong anu buku anak-anak li ora seangel sing Magnus Chase, tapi jebule angel lur.. Ya kanggone nyong esih angel… Anu sebabe kie buku klasik apa, ya, rasane Basa Inggrise beda karo nek nang film.

Tapi wong iki buku semene tipise, buku anak-anak sisan, nggane nyong ora rampung ya nyong isin meng awake dewek hahaha. Akhire tak rampungna, rong bab telung bab nyong esih menikmati mumet mbolak-mbalik gugel translet, padahal gugel translet wis pol mayare ya, ora kaya kamus sing bentuke buku cetak. Malahan siki wis ana fitur sing nggari arahna kamera maring sing arep di translate terus wis otomatis nang layar hape tampil terjemahane, wis segampang kue jane. Tapi nek kaya kue nyong justru angel nggone ngemut-emut kosa kata anyar. Nyong malah dadi fokus karo terjemahane, fokus mahami alure. Itulah, nembe umur semene be nggo sinau rasane wis kaya gaman kethul 😦

Terus sidane nyong nggaya bae, jajal tak waca bae, ora mbukak gugel, tak pahami seteyenge, kata-kata sing ora mudeng tak kira-kira bae artine, sing ora banget teyeng ngira-ngira ya tak tinggal. Dadi ya kadang mudeng, kadang ana bagian sing nyong jane ora patia paham tapi nyong kelingan adegan nang filme. Gur nyong kagete, jebule nek garis besare ya nyong esih bisa mahami. Tapi pancen kosa katane nyong ora nambah akeh nek metode-ne kaya kie.

The Little Prince by Antoine De Saint-Exupery

Turmaning mesti nyong melewatkan banyak detail, nyong yakin, tapi alhamdulillah garis besar-e critane esih mudeng.

Terharu rasane pas tekan halaman terakhir, nyong ngrampungna maca The Little Prince kie meh rong minggu dewek. Tapi rampung, tur nyong mudeng… Kue sing marai nyong ketagihan.

Sidane akhir Agustus wingi nyong nggolet-nggolet buku impor maning nang BBW, jane pengen novel thriller tapi wedi men kaboten, terus nyong nggolet novel romance bae, sing young-adult. Ngarep-arep muga-muga Basa Inggrise ora terlalu nyastra ben nyong mudeng hahaha.

Terus nyong ketemu buku iki, judule From What I Remember, nyong ngecek goodreads ratinge juga mending duwur, akhire nyong tuku.

Kie buku tekan ngumah, terus bukak, langsung tak waca, padahal nyong esih maca rong buku liya wkwkwk maruk.. maruk…

Kagete, maca se-bab, rong bab, telung bab, nganti tekan halaman 50an bisa nyong ngrasa “iki buku page turning temen..” Kaya mau maning, kosa kata sing ora familiar ora terlalu tak pikir, tapi bahasane esih mending bisa tak pahami. Nyong seneng mbanget, siki wis tekan halaman 300an nyong ora mbukak gugel translet. Sing paling penting nyong mudeng karo critane (T_T) pengen nanges…

The Little Prince & From What I Remember

Padahal masalahe esih ajeg, nek ora mbukak kamus, terus gur mburu waton mudeng karo critane, kosa katane nyong nambahe ora akeh.. 😦

Buku iki nganggone Basa Inggris US, kaya nang film, kaya sing denggo nang hape karo komputer sing sedina-dina tak mek, dadine krasa lewih familiar. Mbuh ngapa rasane ora semumet kaya nek mahami teks wacan nang soal-soal ujian, apa soal semesteran mbiyen wkwk. Mungkin sebab nyong seneng karo critane mbarang si. Jal enggane gemiyen sing denggo nang soal ujian kue ngutip sekang novel-novel kaya kie ya…

Tapi gemiyen be ora tau jenenge diwai tugas maca novel terus kon nulis ulasan, ora Basa Indonesia ora Basa Inggris, ora tau nyong, dadine pas jaman sekolah gemiyen nyong ngrasa kurang akrab karo buku. Paling mentok kon nonton film terus nulis ulasan nek Basa Indonesia, nek Basa Inggris nyong taune pas SMP kon nonton film The Spiderwich Chronicles terus kon mengidentifikasi karakter-karaktere lakon-lakone. Kayane kue awal mula nyong seneng nonton film si. Asale sekang nonton kue bae nyong terus ngefans karo lakone, Freddie Highmore, sing main nang The Great Doctor karo nang Bates Motel mbarang.

Siki nyong agi semangat-semangate pengin nyinaoni Basa Inggris maning, sempat kepikiran pengen melu kursus, tapi wektu-wektu kie kayane agi mandan angel nggoletna biayane, dadine nyong pengin sinau dewek ndisit, seteyenge. Mumpung agi semangat mbarang, nyong pengin maca novel Basa Inggris maning, bodoamat lah diunekna “Maca novel terus gumun..” Sekarepe sing muni hahaha Malahan nyong arep tak tambahi nonton film nggo subtitle Basa Inggris mbarang, hayuh ngono apa ora tambah ngguang-ngguang wektu. Hahaha ora urus. Ngurusi komentare wong mono ora bakal ana entonge!

Nyong si pengine bakal ngrasakna hasile secepete, dasar generasi popmi apa-apa karepe instan! Padahal jane sing penting ana peningkatan terus ya, lur, mundak terus ora ketang turut seundak, seundak, seundak, kosa katane nambah terus, muga-muga taun ngarep wis bisa nonton film ora nganggo subtitle. Film Basa Inggris tapi, udu film Thailand hehehe.

Syukur-syukur ngemben wis lewih pede nek agi dolan terus kepengin aseng bule foto hehehe.

Apa kanca-kanca ndue tips sing ana kaitane karo belajar Bahasa Inggris secara otodidak? Aku akan sangat berterima kasih kalau teman-teman mau membagikannya di kolom komentar. 🙂

Kayane tekan kene ndisit, lur, nyong ora posting review buku sebab agi mandan jenuh nulis ulasan, dadi nyong sharing bae nggo absen minggu iki ben aja kosong hehe 🙂

Suwun wis maca ya, mohon dimaafkan kalau ada salah kata, semoga ada manfaat yang bisa diambil..

Ketemu maning minggu ngarep ya…

Wassalam…

The Dead Returns by Akiyoshi Rikako

Judul:The Dead Returns / Houkago Ni Shisha Ha Modoru
Penulis:Akiyoshi Rikako
Penerjemah:Andry Setiawan
Penerbit:Penerbit Haru
Tebal:252 hlm.
ISBN:978-602-7742-57-4
Personal Rate:5/5 Bintang
Cover Novel The Dead Returns

Blurb

Novel iki nyritakna sawijining bocah lanang, cah SMA, arane Koyama Nobuo. Deweke nembe tangi sekang koma, tapi anehe jiwa-ne Nobuo justru ana nang njerone ragane wong liya, nang ragane bocah lanang si nulungi Nobuo pas deweke di jurugna sekang tebing nganti tiba. Terus wong sing siki ragane dinggoni nang Nobuo iki kemungkinan wis seda gara-gara insiden kue. Sebab kue deweke ndueni tekad kudu nemokna sapa wong sing tega-tegane ndorong Nobuo nganti gigal sekang tebing. Kemungkinan paling gede, pelakune kue salah siji sekang 35 bocah nang kelase Nobuo.

Review

Iki wis kaping sanga nyong maca novele Akiyoshi-sensei. Dadi rasane wis terbiasa wis ora ana hal sing mengganggu, wis ora ana rasa ragu-ragu. Narasine kepenak, terjemahane kepenak, pokokmen macane lancar jaya bebas hambatan.

Iki salah siji novele Akiyoshi-sensei sing miturute nyong paling ringan. Ora patia tegang, misterine uga mandan kurang dan justru berakhir dengan heart-warming. Bintang limane nyong kue janjane nggo endinge, nyong seneng mbanget maring endinge, mandan sedih si tapi tetep seneng. Ya mungkin iki salah siji buku sing kudu diwaca nek kanca-kanca nggolet buku sing critane bisa muasna ekspektasine dewek minangka sing maca.

Senajan latare sekolahan, masa-masa SMA, kaya Girls In The Dark tapi The Dead Returns iki lewih simpel nek dideleng sekang konflike. Lakon-lakone uga ora sing kudu crita kabeh sekang sudut pandange dewek-dewek kaya nang Girls In The Dark, dadi ana sing kemunculane mandan kurang berkesan pancen, tapi meringankan pembaca, dewek ora kemudu ngapalna jeneng-jenenge kabeh lakone. Hehehehe

Nek narasine, novel iki crita sekang sudut pandange Nobuo nganggo pov orang pertama, wis tak singgung mau nang pertamanan nyong ora tau ana masalah karo gaya bahasane Akiyoshi-sensei, ora tau ana masalah mbarang karo terjemahane. Dadi wis ora gumun lah nek maca novele Akiyoshi-sensei ki selalu cepet mbanget rampung. (Secepet-cepete nyong ya rong ndina, si wkwk)

Buku iki recommended nek arep diwaca remaja, topike nyinggung-nyinggung pembunuhan pancen, tapi ora vulgar, interaksi lakon-lakone uga esih kelebu wajar ora ana sing nganti nyeleneh keprige.. Ya ala-ala cah SMA nang Jepang, kaya nang film-film Jepang mbanget lah. Tapi nek arep diwaca 20 meng nduwur ya esih oke, esih menghibur, esih marai menebak-nebak, esih bakal marakna sing maca melu terharu karo perjalanane Nobuo nggolet pelakune.

Terus terang bae nek nyong be esih ngalami mandan kaget maring plot-twist-e padahal ora segede nang Holy Mother wkwk.

Yawis lur.. Tekan kene ndisit ya.. Muga-muga manfangat, suwun wis maca…

Wassalam..

The Dead Returns hlm. 98

My Bookstagram

Di Tanah Lada by Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie

Judul:Di Tanah Lada
Penulis:Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie
Penerbit:Gramedia Pustaka Utama
Tebal:244 hlm.
ISBN:9786020318967
Personal Rate:4/5*
Cover Buku Di Tanah Lada
Blurb Di Tanah Lada (goodreads.com)

Kebayang ora lur ndue bapak sing sengit karo awake dewek? Bahkan karo anake sing esih cilik be ora ana tanda-tanda ngatonaken welas asih setitik acan. Karo biyunge kasar, karo anake ya pada bae tapi biyunge Salva ki terjebak karo bapake Salva, sebab deweke ibu rumah tangga sing apa-apane di cukupi bojone, dadine deweke nek arep misah juga mikirna le urung mampu secara ekonomi. Tapi kan melas anake ya…

Dadi nyong  maca novel iki nang aplikasi iJakarta, iseng bae awite download iJakarta terus nggolet-nggolet novele Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie (iki nyong nek nulis asmane penulise terpaksa copas, wedi mbokan typo wkwk) sebab pengin mbanget maca tapi nggolet bukune nang marketplace regane mandan larang, urung ana budget wkwk, terus nang ipusnas antrine padabae ora nguati. Ndilalah pas agi nggolet nang iJakarta kue ka ana. Nyong niate maca arep tak rampungna sewengi, saking penake narasine, nek ora bat-bete ora mripate sing wis ora kuat kayane tak rampungna temenan ora ketang tekan jam loro mbuh jam telu wengi. Tapi apalah daya mripate nyong ora sanggup, akhire tak tutup, nyong turu terus nembe lanjut maning ngesuke. Ya langsung rampung!

Novel iki kue crita nganggo sudut pandange Salva, nyong nembe tau si maca novel sing crita sekang perspektife cah cilik kaya kie dadine krasa seger lur. Anding nyong maca Negeri Bawah Air kan lakone juga cah cilik-cilik tapi tetep critane sekang sudut pandange penulise, nek Di Tanah Lada iki ora. Tapine senajan critane sekang perspektife bocah cilik, kayane buku iki ora pas nek diwaca bocah cilik. Sebab nang njerone ana adegan-adegan abusive sing dilakokna wong tua maring anake, terus kuatire nek diwaca cah cilik ngko mbokan bocah sing maca dadi skeptis kaya lakone. Sebab kue novel iki kanggone wong dewasa.

Kejaba sekang narasine sing kepenak, lakon-lakon nang novel iki sebagian ki krasa nyata. Ana si, sing mandan dipolas-poles ben ulih kesan drama-ne, tapi sebagian krasa kaya wong nang sekitare dewek. Contone Ibune Salva, deweke sayang mbanget karo Salva tapi ora ndue daya nek arep njaluk pisah karo bapake Salva. Nang kene nyong sadar, sebagai antisipasi terhadap kemungkinan terburuk, penting nggo wong wadon ndue sangu pendidikan, utawa keterampilan, penting kanggone wong wadon seorane nek ora bisa ngurus keluarga karo nyambut gawe tetep kudu ndue tabungan nggo awake dewek, bukane suudzon karo nasibe dewek, karo Sing Nggawe Urip mbarang ya tapi li ora ana salahe jaga-jaga.

Nyong menangi dewek figur kaya Ibune Salva kie. Dadine semakin on fire nyong nggone maca.

Terus lakone Kak Suri, lakone Mas Alri mbarang, akeh kayane sing seperti mereka berdua ini. Nyong pengin ngomong mbeti tapi dadine ngko spoiler T_T Bahkan nganti lakone bapak ibu sing tunggu Rusun Nero juga krasa kaya induk semang nang dunia nyata hahaha.

Tapi sing nyong paling seneng ya lakon utamane, Salva. Salva iki digambaraken dadi cah cilik sing baisa-biasa bae, ora sing sedih suram mbanget sebab diperlakukan kaya kae nang bapake, tapi juga ora sing tetep ceria hepi-hepi ulala senajan bapake kelakukane na’udzubillah. Justru respons-e Salva sing kadang kaya baisa bae padahal dikasari sedemikan rupa kue sing marai ati rasane kaya dibeset-beset. Perih dewek. Cah semana cilike ngerti apa-apa urung, wis ulih coba wong tua kaya kue. 😦

Kejaba kue, Salva ki bocah pinter lan seneng mbanget belajar bahasa. Dadi pas ulang taun kaping telu deweke ki dikadoni  Kamus Besar Bahasa Indonesia maring mbahe, asmane Kakek Kia. Nah terus kamus kue dadi benda kesayangane Salva. Digawa mengendi ora, selalu di bukak nek deweke krungu wong ngucap istilah-istilah sing deweke ora akrab. Carane penulis menarasikan pemahamane Salva uga rasane natural kaya cah cilik mbanget, ka bisa ya… nyong gumun asli.

Nyong juga seneng lakone P, iya jenenge mung sehuruf tok, P. Tapi keberadaan-e si P iki marai ngundang adegan-adegan sing marai ngguya-ngguyu, mesam-mesem dewek. P iki langsung klop karo Salva ket pertama ketemu, ditambah-tambah bapake P juga kelakuane ora beda adoh karo bapake Salva dadine cah loro ki kaya semacam berbagi kisah yang sama tentang memiliki Papa yang membenci anaknya. P iki umure lewih tua sekang Salva, ana kacek rong taun mbuh telung taun, tapine deweke ki temua mbanget wis kaya kakange Salva bae. Lorone ki kaya lengket maring siji lan sijine, nang kene kadang nyong ngrasa nek cah loro iki umure wis SMP utawa SMA mungkin iki bisa dadi kisah cinta ala-ala wkwk.

Tapi Alhamdulillah lakone cah cilik, dadine ora perlu nambah-nambahi konflik sing wis ruwet nganggo kisah cinta monyet wkwk.

Maca novel iki kaya numpak roller coaster, lur—senajan nyong urung tau, sebab ora wani—dewek wis dijunjung tekan nduwur wis melu terharu, melu seneng, ati wis labuh plong ijig-ijig serrrr… meluncur bebas maring ngisor 😦 Iki salah siji novel tersedih sing pernah tak waca.

Sing nyong seneng sekang novel iki, siji, narasine, gaya bahasane, loro, karaterisasine, telu amanate. Apa amanate?

Bisa bahaya, lur, nek cah cilik, anak-anak, mencari tahu sendiri tentang segala sesuatu yang membuat dia penasaran tanpa di damping orang dewasa.  Bocah cilik kadang nyimpulna dewek, mahami dewek, padahal kesimpulan karo pemahamane seringe urung pas nek dijorna bae, gelem-gelem bocah dadi skeptis, nek wis skeptis, kadang angel nglurusnane. Lewih bahaya maning nek pemahaman si keliru kegawa tekan gede.

Sebab kue buku iki nggo diwaca orang dewasa.


oiya nyong juga wis nulis review nggo bahasa Indonesia nang ig ya lur.. link-e nangisor.

Suwun wis maca wassalam…


Link:

Cover Di tanah Lada : https://i.gr-assets.com/images/S/compressed.photo.goodreads.com/books/1444954928l/27213435.SX318.jpg

Blurb Di Tanah Lada : https://www.goodreads.com/book/show/27213435-di-tanah-lada

Instagram :

Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Judul:Satu Hari Bersamamu / For One More Day
Penulis:Mitch Albom
Penerjemah:Olivia Gerungan
Penerbit:Gramedia Pustaka Utama
Tebal:248 hlm.
ISBN:9789792234336
Personal Rate:4/5*
Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Sinopsis

Charles “Chick” Benetto nglakokna percobaan bunuh diri sebab deweke wis ngrasa wis pol kecewane maring awake dewek, maring uripe, maring anake, maring segalane. Nang tengah-tengah sekarate Chick Benetto ketemu maning karo ibune sing wis seda wolung taun kepungkur. Mbuh kue hantu mbuh kue prewangan mbuh kue apa, butue Chick bali maring umahe ibune gemiyen terus nang kono deweke ketemu karo ibune.

Merga ketemu maning karo ibune kue, Chick Benetto dadi nemokna alesan kenangapa urip kue berharga senajan deweke tau salah milih, sering salah langkah, wis ping kopang kaping kecewa lan nguciwakna wong liya.

Tapi nemokna alesan kue naha ora bisa mbalekna kahanan dadi kaya maune maning. Ibune ora bisa urip maning, Chick tetep bae ora dikabari pas anak wadon siji-sijine rabi, Chick uga ora bakal rujuk karo mantan bojone. Deweke juga esih nang tengah-tengahe urip karo mati, urung genah bar kie terus arep dipundhut nang Sing Nggawe Urip apa njur esih arep diwai kesempatan urip maning.

Ulasan

Iki jinise buku sing pas mbanget diwaca pas dewek agi ngrasakna nang posisine Chick Benetto, kabehan ambyar, wis ngrasa kaya ora ndue apa-apa utawa sapa-sapa sing kena nggo cekelan, pokoke—na’udzubillah aja ngasi—ujug-ujug ka kepikiran kayane nek nyong ora nana ora bakal ana efeke apa-apa nggo dunya kie. Lumantar buku kie, penulis arep nyampekna se-sebel-sebele dewek karo urip, nek dewek gelem mikir maning jane alesan kenangapa dewek kudu bertahan hidup kue tetep ana.

Iki pertama kali nyong maca bukune Mitch Albom. Wah… Terkesan si, lur, terkesan mbanget. Senajan nyong maca separagraf be kudu tak bolan baleni sebab kadang nyong ora mudeng karo terjemahane, tapi setitik tok, secara keseluruhan si cara nyong terjemahane esih tergolong penak lan gampang dipahami.

Nyong sedih dewek saben maca bab Saat-Saat Ketika Aku Tidak Membela Ibu. Critane si Chick Benetto iki kaya pengeen mbanget cepak karo bapake, pengin mbanget ngrasakna disayang meng bapake kaya disayang meng ibune. Tapi ya kue, kadang dewek naha sering kaya lewih cenderung maring wong sing cuek karo anyes meng dewek tinimbang maring wong sing jelas-jelas nunjukna nek deweke sayang meng dewek. Semono uga si Chick Benetto, demi pengen ulih tresna lewih akeh sekang bapake, Chick malah dadi kaya anak sing pilih kasih maring bapake.

Chick ora krasa nek deweke sering gawe kuciwa ibune gara-gara pengin digatekna maring bapake. Padahal pas bapak ibune pisah, sing kerja keras nguripi karo nyekolahna Chick karo adine ya Ibune, bapake ngilang mbuh mengendi ora ngabari. Ibune banting tulang dewekan, esih kudu ngadepi pandangane wong-wong sing sering negatif maring randa, apa maning ka randane esih enom tur ayu kaya ibune Chick, dinyinyiri di-diskriminasi diunekna werna-werna pokoke ya maregi lag, sega ndog nek carane batire nyong. Wis kaya kue si Chick esih sering kaya ora langsung nyalahna ibune sebabe bapake lunga.

Ana bagian-bagian nang buku iki sing mandan nempel nang pikirane nyong dina-dina kie gara-gara maca Satu Hari Bersamamu kie, dadi Ibune Chick Benetto kue bawel, kaya ibu-ibu liyane lah, senenge kan mesti ribut dewek sing ngemutna wis nggawa payung apa urung mbokan udan, wis nggarap PR apa urung, maem apa urung, pokoke segalanya, na Ibune Chick kue senenge ngoreksi tata bahasane Chick, kaya kie, tak kutipna sekang halaman 40 ya..

“Aku dan Roberta akan…,” Aku mulai bicara.

“Roberta dan aku,” potongnya.

“Aku dan Jimmy ingin…,”

Jimmy dan aku,” katanya.

Kaya kue, kaya ora patia penting, tapi nang kono ana nasehat tersirat, bahwa tata bahasa yang digunakan orang barat menganjurkan kita supaya mendahulukan orang lain, secara tidak langsung dengan cara menyebutkan orang lain dulu baru menyebut ‘aku’.

Kayane nyong ora tau belajar kie pas sekolah…

Nek nang Basa Indonesia For One More Day utawa Satu Hari Bersamamu kue ya “mendamaikan”. Anget tapi marai adem, yuhh prige jal kue, bisa uga ngrewangi meredakan esmoci wkwk emosi maksude.

Oiya iki senajan nang mburi tulisane Novel Dewasa tapine tenang bae ora ana adegan seksual utawa kekerasan nang njerone, tapine tema-ne bunuh diri dadi mandan ekstrim mungkin gara-gara kue dadi ditandai Novel Dewasa.

Siki nyong agi maca Selasa Bersama Morrie, versi terjemahane Tuesdays With Morrie. So far, rong buku iki hawane tak rasak-rasakna ka pada we, lur, anget-anget tapi nang ati rasane nyess, wkwk anget tapi ngadem-ademi! Nyong dadi penasaran karo buku-bukune Mitch Albom sing liyane si..


Kutipan-kutipan sekang Satu Hari Bersamamu sing nyes nang ati:

“Yang terjadi saat impianmu menjadi nyata adalah kesadaran yang perlahan luruh bahwa impianmu tidaklah seperti yang kau bayangkan.

Dan impian itu tak bisa menyelamatkanmu.”

(Satu Hari Bersamamu hlm. 15)

“Jadi,” katanya , melangkah menjauh, “sekarang kau tahu ada orang yang sangat menginginkanmu, Charley. Anak-anak terkadang melupakan itu. Mereka melihat diri sendiri sebagai beban dan bukan sebagai jawaban doa.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 92)

“Ingat, Charley. Terkadang, anak-anak ingin kau teruka sebagaimana dia terluka.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 111)

“Anak yang merasa malu karena ibunya,” katanya, “hanya anak yang belum terlalu lama menjalani hidup.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 111)

“Kembali menjalani aoa yang pernah kau tinggalkan itu lebih sulit daripada yang kau kira.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 163)

“Semakin kau membela sebuah kebohongan, semakin marah kau jadinya.”

(Satu Hari Bersamamu hlm. 199)

“Sekarang aku merasa malu pernah berniat bunuh diri. Hidup begitu berharga. Aku tak memiliki seorang pun yang bisa membujukku keluar dari keputusasaan, dan itu sebuah kesalahan. Kau perlu memiliki orang di dekatmu. Kau perlu memberi mereka jalan masuk ke hatimu.”

—Charles Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 240)

visit my bookstagram:

https://www.instagram.com/rifleureads/

Orang-orang Oetimu – Felix K. Nesi

Judul Buku:Orang-Orang Oetimu
Penulis:Felix K. Nesi
Penerbit:Marjin Kiri
Tebal:220 hlm
ISBN:978-979-1260-89-3
Personal Rate:3,5/5
Orang-orang Oetimu by Felix K. Nesi

Blurb

Oetimu kue jenenge sawijining wilayah cilik nang plosok Nusa Tenggara Timur. Novel iki nyritakna penduduke Oetimu sebab kue judule Orang-orang Oetimu. Ana critane Am Siki sing ndue keyakinan nek leluhure kue asal muasale sekang wit lontar, dadine deweke ndue cita-cita pengen mati nangisor wit lontar. Ana critane Sersan Ipi sing yatim piatu, asal mula kedadeane si Sersan Ipi sing kena diomong tragis, terus kepriwe critane deweke bisa dadi sersan. Terus ana Silvy sing bocah ayu tur pinter, kembang desa lah, tapi banget pintere nganti gurune kewalahan, sebab kepinterane wis ngungkuli guru-gurune, nganti akhire gur kon tunggu perpustakaan ben ora ngganggu proses belajar mengajar. Ana maning Linus, sing asline ngebet pengen dadi tentara nanging ora kesampean terus malah dadi mahasiswa, ujare wong tuane disekolahna ben dadi bocah sing berhasil tapi malah nang rantau kana ngapusi rama biyunge nang kampung, njaluki duit terus jebul nggo minum karo madon. Bar kue ana critane Romo Yosef, sing aweh pituduh nggo pemaca sekalian nek skandal bisa bae kedadean nang lingkungan sing danggep suci kaya gereja, nang sekolahan mbarang. Marakna sing maca mikir, kayane pancen ora ana menungsa sing bener terus, lurus terus, suci terus, arep kue pemuka agama, apa wong biasa kabeh menungsa tetep panggonane salah karo luput.

Terus apa benang merah sing marakna lakon-lakon sing ndue crita dewek-dewek kue mau sambung sinambung?

Cus bae maca luur hehe…

Personal thought

Novele tah sekilas ora patia kandel gur 220 halaman, tapi, lur, lakone akehe pol! Kae mau sing tak sebutna be urung kabeh. Esih ana Laura, ibune Sersan Ipi, eseh ana Atino, eseh ana Maria, esih ana sing urung kesebut mbarang. Jujur bae awal-awal nyong mipil klalen karo lakon-lakone. Jenenge si  ora patia angel-angel jane, tapi anu akeh dadi kadang klalen. Sing marai kelingan bae li sebab karaktere sing kadang mumeti sirah.

Nyong ora bisa mangkir si, pancen bener nek nang mburi bukune ditulis menawa iki novel sing mengasyikkan. Pancen iya, meloni lakune crita wis kaya numpak sepur sing ana AC-ne, banter, ora macet, ora gerah, kepenak pokokmen. Penulise hebat, pinter mbanget nggone membangun suasana, nggone gawe deskripsi uga mendetil.

Saking detil-e nganti nang bagian pembantaian karo bagian narasi seks nang njero bukune uga genahe pol, gamblang mblang. Loro iki sing marai nyong ora sida aweh bintang lima. Sebab vulgar tur bola-bali muncul, sayange nek nang nyong mandan menggangu. Padahal nyong seneng karo plot-e, senajan alure maju mundur cantik terutama nang bab-bab awal. Nyong juga seneng karo endinge, senajan ora sesuai keinginan.

Jane sing marai ora nyaman gur nang bagian narasi seks karo pembantaian sing jelas mbanget kae. Seliane kue nyong enjoy mbanget maca buku iki.

Critane mbarang krasa seger, seringe nyong maca novel historical fiction settinge nang pulo Jawa. Nembe tau nyong maca crita kaya kie sing settinge nang Indonesia Timur, terus penulise juga wong Timur mungkin sebab kue mbarang critane krasa natural mbanget, seolah-olah kie temenan kedadean T_T kumenangis… muga-muga ora temenan…

Susunan bukune juga unik, biasane kan Tentang Penulis karo Daftar Istilah manggone nang halaman mburi ya, nek buku iki pertama mbukak dewek bakal langsung weruh judul tapi cilik bar kue nang mbalike langsung tentang penulis-e bar kue judul maning mandan gede, terus nembe data identitas bukune kaya penerbite, editore, nomer ISBN, kandele lsp. terus bar kue Daftar Istilah, nembe mlebu bab 1. Nyong nembe tau ketemu si buku kaya kie. Daftar istilahe juga lumayan ngurang-ngurangi mbolak-mbalik nggugel wkwk. Jane kayane bakal lewih kepenak nek didadekna catatan kaki bae si timbang digawe halaman dewek sing isine mung daftar istilah-istilah, sebagai pembaca rasane mandan ribet bolak-balik halaman. Ya tapi nek bukune asik kaya kie si ribeta kaya ngapa tak lakoni bae hahaha.

Terakhir, desain kovere. Ora ribet, ora akeh wernane, tapi mewakili suasanane Indonesia Timur nek cara nyong. Ana gambare botol-botol sing tak duga kue sopi, ana gambar wong nang sanding wit cara nyong kue Am siki. Ana gambar gereja, lan gambar-gambar liyane sing cukup makili isi critane. Jane nyong lewih seneng sing kover anyar kae, sing warnane oren. Tapi sing iki juga jane apik gur sing tak sayangna ka wernane putih, kayane nyong bukune akeh-akeh warna putih karo ireng si… Tapine ora lalia nyong tuku sing putih iki 😀 sebab sing regane diskon sing iki hehe.

Buku iki ora dianjuraken nggo sing umure urung 20 ya, lur, sebab nang njerone lumayan eksplisit. Nang bukune si keterangane 19+ tapi nek menurute nyong karo Cantik Itu Luka sing tandane 20+ be novel iki esih lewih vulgar. Sebab kue maca Orang-orang Oetimu kie rasane lewih ngageti timbang pas maca Cantik Itu Luka. Tapi lorone kan tetep ndue keunggulan karo kekurangane dewek-dewek ya, dadi ora bisa dibanding-bandingna endi sing lewih apik endi sing kurang apik jane. Tapine khususon Orang-orang Oetimu kie, lur, nyong wani njamin nek dulur-dulur seneng historical fiction kayane si bakal demen, sebab blas ora mboseni.

Oiya lur, novel iki juga menangna Sayembara Novel Dewan Kesenian Jakarta taun 2018 lur! Sebab kue ya ora heran la ya, kenangapa diwaca rasane bisa kepenak kaya kie. Satir karo amanat-amanate aluus mbanget penulise nggone nglebokna. Kadang malah nyong ora sadar, nyong mikire kue bagian critane. Kaya iki contone:

Hlm. 59

Iki mbarang:

Hlm. 100
Iki tipu dayane Linus sing kebangetene pol. Hlm. 140

Nyong awite tertarik karo novel kie gara-gara ngringokna review-ne nang yutube Podluck Podcast. Iya nyong pancen gampang teracuni hahaha. Tapi nek teracuni buku-buku apik si nyong ora masalah. Nangisor kie ana link-e mbokane dulur-dulur penasaran yaw!


Okelah klw begitu, tekan kene disit ya, ngesuk maning, suwun wis maca sedulur :))

Wassalam…


Link:

Review Orang-orang Oetimu – Podcast Bukukutu x Podluck Podcast : https://www.youtube.com/watch?v=llJWY-IOqMQ

Booksagramku:

The Silent Wife by A.S.A. Harrison : Novel Rasa Non-fiksi

Identitas Buku

Judul Buku:The Silent Wife
Penulis:A.S.A. Harrison
Penerjemah:Ingrid Nimpoeno
Penerbit        :Penerbit Noura Books
Tahun Terbit/Cetakan ke-:Januari 2017/ 2, Juni 2017
Tebal:366 hlm
ISBN:9786023851898
Personal Rate:2,9/5*
The Silent Wife by A.S.A. Harrison

Sinopsis

Novel iki nyritakna pasangan Jodi Brett karo Todd Gilbert sing sekang njaba katone sempurna, Jodi kerjane dadi psikoterapis, deweke ayu, berpendidikan, cerdas tur elegan. Nek Todd profesine kontraktor sing lumayan gede ngrintis dewek kawit nol, pokoke wong loro uripe serba cukup, stabil, kaya wis ora kekurangan apa-apa maning. Couple goals nek istilah jaman siki. Tapi katon gemerlap kaya kue sekang njaba jebul nang njerone wis kritis. Jodi njalani uripe kanthi ayem, itok-itok ora ngerti nek Todd kue tukang serong. Ora gur sepisan pindo, Todd kue pancen tukang selingkuh, Jodi ngerti nanging apen-apen ora ngerti.

Ulasan

Kebayang ora sih, kayangapa rasane dadi Jodi? Deweke bertahan padahal enggane milih pisah cara nyong esih akeh wong lanang sing gelem karo Jodi.

Jodi ndue alesan kenangapa milih bertahan nang hubungan sing wis genah-genah toksik iki. Jodi ndue alesan kenangapa milih meneng, itok-itok ora ana apa-apa, janjane deweke mung kepengin uripe tetep stabil lan mapan. Tapi sebagai wong wadon nyong lara ati mbeti rasane karo sikape Jodi. Bisa-bisane wis ngerti pasangane tukang selingkuh tapi acting cool kaya kue, wong nek ngerti pasangane berkhianat kaya kue mbok umume ngamuk? Ngunek-unekna, jengkel, sukaha lunga lah minimal. Tapi Jodi bertahan, sebab kue nyong sebel mbeti karo crita iki.

Tapi nek pancen kue sing dikarepaken penulis—gawe sing maca jengkel—beliau sukses pol gawe nyong emosi dewek.

Buku iki kue terjemahane formal, nyong maca kadang ki nganti mikir, iki novel deneng rasane kaya buku non-fiksi? Kaku kaya kie? Jebul mbasan maca tentang penulis-e nang halaman mburi, A.S.A. Harrison kue wis nulis 4 buku non-fiksi seurunge debut karo novel The Silent Wife iki. Iki juga bisa mempengaruhi ora si, lur?

Terus kan critane Jodi ki psikoterapis, dadi selipan materi psikologine juga akeh. Nek kanca-kanca tau maca buku Berani Tidak Disukai nggone Ichiro Kihsimi karo Fumitake Koga, kanca-kanca mesti bakal ngerasa familiar pas nemoni bagian sesi terapine Jodi karo Gerard Hartmann—psikoterapis lan pengikut aliran psikologi Adler—sing formate dialog persis nang buku Berani Tidak Disukai kae, sebab pada-pada nerapaken teorine Alfred Adler. Rasane pas diwaca ya pada persis, kaya mung nang novel kie konteks-e diganti. Tapi nang bagian iki jujur bae nyong rasane dadi kurang bisa menikmati jalan critane. Sebab ora kaya agi maca novel.

Si ora akeh tapi tetep bae…

Novel iki kue dibagi dadi loro, Bagian Satu: Sang Perempuan dan Sang Lelaki karo Bagian Dua : Sang Perempuan. Nang Bagian Satu saben bab-e kue genti-gentian crita sekang pandangane Jodi minangka Sang Perempuan karo sekang pandangane Todd minangka Sang Lelaki. Nang Bagian Dua lah full critane dadi ndek Jodi. Tapine kawit awal sekang akhir bukune penulis konsisten nggunakna sudut pandang orang ketiga.

Alure juga maju terus, senajan nang awal narasi sekang penulise sempat nyinggung bagian akhire setitik. Nyong jane sempat kelalen karo kie, ajaha nyong maca review-ne wong nang goodreads, terus nyong dadi penasaran akhire maca maning bab pertamane ternyata iyaaa wkwk.

Dadi Jodi karo Todd iki sebenere urip bareng 20 taun tapi ora ana ikatan pernikahan, tapi nyong kaya ora ngeh, mudenge wong loro ki ya pasangan wis nikah, akhire nang tengah-tengah nyong sempat bingung gara-gara kie. Asale nek nang nggone dewek kene kan kayane ora lumrah ya wong urip bareng kaya pasutri tapine ora nikah na nyong ki kaya ora menyadari nek setting-e nang barat wkwk.

Todd kie menganggap Jodi karo selingkuhane ki kaya dua dunia sing berbeda, sebab deweke kan ngertine Jodi pancen ora ngerti apa-apa, dadi pas akhire selingkuhane ngelunjak nuntut ini itu Todd justru kuatir mbokan dua dunia sing beda lan terpisah kae tabrakan. Deweke ora kuatir apa menyesal wis ngalarani Jodi sing wis ngancani, wis urip bareng, ngrumati Todd kaya istri ngrumati suami 20 taun lawase, Todd kue ora nunjukna penyesalan sedulit pun! Hih!

Sebab kue lakon-lakon nang crita iki udu lakon-lakon sing bakal marai pemacane tresna, angel pokoke. Mumeti wong-wongane. Nyong pertamane mandan seneng karo karaktere Jodi sebab ana sawijining adegan pas Jodi ngonangi Todd selingkuh untuk yang kesekian kalinya, na critane Jodi kan nemu botol obat tidur nang klambine Todd ya bar kue si Jodi ki ngide nggawekna Todd minum terus dicampuri obat tidur mau, sewelas blindi, bayangna kayangapa reaksine nginum obat tidur sewelas blindi sekaligus lur, sewelas blindi hahaha bar kue panik dewek li si Jodi.

Padahal nangarepe Todd, Jodi ki ekting ora ngerti apa-apa, Todd bahkan blas ora curiga meng Jodi. Iki kelebu perilaku passive-aggressive apa ora si ya, lur? Adegan iki epic mbeti carane nyong, pancen wong wadon nek dilarani nganti kaya kue ya ndue carane balas dendam dewek-dewek kan ya hahaha.

Tapi meng mburi-mburi nyong wis ora seneng maning karo karaktere Jodi sebab deweke kan asline wis mandiri kaya kae ya, tapi kaya arep ngelosna Todd bisa alot-kelat-kelot kaya kae. Padahal rasane nyong kaya nang antarane Jodi karo Todd juga ki wis ora ana sing diarani ‘cinta’. Nyong sedih asline.

Jane sekang desain sampule ki wis katon, warnane dominan ireng abu-abu, terus ana gambar rai wong separo, kesane misterius, aurane nggambaraken hubungane Todd karo Jodi sing wis anyes, suasana sedawane buku sing surem, pokoke mood-e elek senajan lumayan aestetik nek disawang.

100 halaman pertama buku iki nyong eseh semangat, tapi tambah meng mburi alure tambah alon. Terus nyong jane ngarepna kejutan-kejutan karo plot-twist sing wow, tapi pancen bener “too much expectation will kill you.” Nyong terlalu ngarep sebab kue endinge malah dadi anyep lan kurang nendang.

Buku iki asline menarik, psychological thriller sing kena domong ilmu psikologine kenthel ora mung nekanaken psikise lakon-lakone tapi gamblang nuduhna prakteke teori psikologi Adler liwat sesi terapine Jodi karo Gerard sing wis tak singgung mau. Nek kanca-kanca pancen wis ndue ketertarikan karo psikologi Adler kayane kanca-kanca bakal seneng nek maca novel iki. Tapi nek nyong, jujur bae kayane urung paham karo aliran psikologi Adler dadine ngrasa kurang cocok.

Nyong ki wong sing percaya karo eksistensine belahan jiwa, utawa sigaran nyawa, dadine kutipan iki kaya marai nyong penasaran, basanu pancen ketemu belahan jiwa kue kelebu peristiwa langka.

 “Belahan jiwa adalah gagasan menyenangkan, tapi jarang terbukti dalam praktiknya.”

—hlm. 254

Tekan kene disit ya, lur.. matursuwun wis maca..

Wassalam…


Review Bahasa Indonesia nang bookstgram:

Njajal Maca Novele Colleen Hoover

Pirang ndina iki ke rasane nyong novele Colleen Hoover agi sering mbanget nongol, nang yutub, nang instagram, pokokmen nyong agi sering weruh bae rasane. Na kui sing marai nyong penasaran tapi kan genre-ne romance dewasa dadi nek arep tuku ya nyong mikir-mikir mbok nggletak nangumah terus wong ngumah pada takon kue buku apa ya nyong bingung nggone semaur lur hahaha.

Terus dina Setu wingi kan nyong iseng ya nggolet-nggolet nang ipusnas eh ternyata ana.. Ana mending akeh jane tapi karena nyong paling familiar karo cover-e Ugly Love dadi nyong milih Ugly Love. Ndilalah pas mending akeh sing available dadi nyong terus cus bae nyilih langsung tak jajal maca, mbasan maca ora krasa lur ijig-ijig wis tekan halaman 58 lur. Magane bab pertamane ki mending dawa, biasane nyong sebel si nek novel bab-e dawa-dawa, tapi Ugly Love kie narasine kepenak mbeti lur, terjemahane be kepenak nyong awite mandan ragu asale pas kae sempat maca Gone Girl sing versi terjemahan nang ipusnas tapi terjemahane mandan ora kepenak, lur, terus ora tak lanjutna macane.

Wis kayakue critane juga menarik, nang njero pikirane nyong wis langsung njereng kelir, ujare nonton wayang men ya hahaha. Novel iki nyritakna apa si? Nyah diwaos sinopsise:

Review lewih akeh bisa cek nang goodreads ya, lur~

Iya bener dugaanmu lur, critane Tate karo Miles iki fwb-an. Halah… istiah friends with benefit iki kayane siki agi populer ya. Asale sejaman-jaman nyong nembe ngerti nang Indonesia kene jebul ana sing nerapna hubungan kayakue. Aja takon nyong ngerti kang ngendi, kadang kan ana thread-e wong-wong sliweran nang tl twitter la terus wonganu liwat kan otomatis nyong weruh, akhire ya kadang dadi maca. Dadine sekang kono nyong ngerti istilah-istilah sing janjane udu gaweane wonge dewek kaya fwb kue mau contone.

Nyong nembe maca tekan halaman 198. Jujur bae awale sekang narasine nyong rasane mandan naksir Miles. Mbasan nyawang cover bukune maning nyong dadi kepikiran karo Tate sing ngomong mripate Miles biru bening kaya segara. Hadee… Wis mesam-mesem dewek tok anane.

Mripate Miles biru bening kaya segara jere Tate.

Tapi mbasan akhire Tate karo Miles wis temenan nglakoni fwb-an mau, nyong rasane dadi mandan sebel maring Miles. Kaya, kie wong apa si, mikirna kepenake dewek tok, dadi si Miles kie ndue peraturan loro 1) Aja takon-takon perkara masa lalune 2) Usah ngarepna masa depan, terus si Tate sebagai wong wadon ya malah iyaiya bae >,< nyong ora sanggup mbeti. Arep ngarepna apa sekang hubungan kayakie jal??

Jelas nek nang prinsipe nyong ora masuk blas. Kejaba sekang nyong nganut agama islam ya, bodoamat arep Miles pilot, arep Miles ngganteng, arepa nyong naksir kayangapa nek kayakue carane ya nyong tah ora sudi-sudia.

Tapi mbalik maning, novel iki kan gaweane wong barat, dadi ya wajar mbanget nek nampilna budaya karo gaya hidupe wong nang kana. Ngomong bertolak belakang karo adate wong kene ya priwe, ya, siki kayane wis akeh sing urip nang kene tapi nganggo gaya hidupe wong barat kana. Ora selalu negatif si jane, asale nyong juga terkesan karo sifat terbukane wong barat, sing nek nyong ndeleng sekang film karo sekang maca novel bae bisa katon nek apa-apa ki didiskusikan ndisit, apa sing ana nang njero pikirane ya diomongaken, ora kaya wong kene, wong jawa khususe sing akeh nahan isi pikirane dadi kesane kaya, ngapurane, kepribadiane loro. Padahal menurute nyong ya ngomong bae apa anane, seneng ya seneng, ora ya ora. Aja nangarepe kaya ora ana maslah tapi nang mburi nggrundel, kue nyebeli terus terang bae.

Ndeleng Miles karo Tate bae lah, nang awal juga wong loro wis pada gawe kesepakatan ndisit, dadi lorone wis pada-pada setuju, gur arep seks tok ora kena lewih apa maning nglibatna perasaan. Padahal mah wis katon mbanget wong loro asline wis pada-pada naksir hmm…………………….

Terus sekang cover mburine mau kan genah ya, ana tulisane iki novel dewasa, dadi ya nyong berusaha ora kaget nek pas nemoni adegan dewasa nang njerone, tapi ya prige ya, wong iki bagian sekang jalan critane. Mipil tak skip skip si nggone maca sebab nyong jane wedi men dosa hahaha. Kan ket awal narasine wis grafis mbeti ya, nyong dadi kuatir ngko isi pikirane nyong dadi macem-macem. Halah sok-sokan temen si!

Kaya biasane pikirane resik-resika!

Lah usah terlalu digawe sing keprige kan ya lur, jenenge wis umur rong puluh munggah li mesti wis tau ngalami obrolan-obrolan perihal seks, wis udu rahasia maning nek siki konten seksual bisa muncul nangendi bae, nang video klip lagu, nang film, nang buku bahkan kadang ago browsing be ora sengaja metu kue gambar sing ora-ora. Mbuh nyong juga urung paham kudu keprige nyikapine. Kabeh wong sing jere wis cukup umur kan jane ngerti ya nek seks kue salah siji kebutuhane menungsa mbuh lanang mbuh wadon, tapi carane wong barat karo wong timur nyikapi kan beda ya, lur. Nek wong barat mungkin bebas karo pacare, sing penting wis ana perjanjian ndisit nang antarane wong loro, bisa juga mungkin fwb-an kaya Tate karo Miles, bisa juga rabi. Nek wong timur khususe Indonesia sing mayoritase muslim kan kebanyakan lewih meng opsi sing terakhir, ya, rabi. Sebab agama islam ora mbenerna wong melakukan seks seurunge ana ikatan nikah.

Nyong setuju karo aturan islam sing kie, sebab menurute nyong hubungan seks seurunge nikah seringe merugikan pihak sing wadon. Jajal nek mung fwb-fwb-an ijig-ijig sing wadon hamil padahal asline loro-lorone pada-pada ora pengin terikat komitmen? Ya nek sing lanang wong bener terus gelem tanggung jawab, la nek ora, kan sing susah sing wadon. Nek nang barat kayane wis hal biasa wong hamil ora rabi, tapi nang kene? Ngerti dewek bakal kayangapa dadine mbok?

Beda nek wis ana ikatan, kan tandane loro-lorone wis pada-pada siap tanggung jawab nek umpamane meng mburine kedadean apa-apa. Masa bodoa kue wong loro keprige perjanjiane arep ndue anak apa ora terserah, tapi kan ana ikatan sing nglindungi ben lorone ora pada sekarepe dewek lunga nek ngrasa bosen.

Nyong kadang dilema-ne nang adegan dewasane nek maca novel-novel kaya kie. Nang kene macani novel kaya kue genah dianggep ora memper. Nyong mesti dilarang nek konangan hahaha, sebab jere ora memper. Apa maning nyong cah wadon, nahkan, nahkan. Lagian wong dene gur maca ka… Padahal terlepas dari adegan dewasane, gaya critane penulise kepenak mbeti diwaca, terjemahane juga ndilalah ora mbingungi, sebab kue mbarang nyong lanjut maca. Asale nyong sering menangi cerita apik tapi penyampaiane penulise kurang kepenak, kadang terjemahane mumeti. La wong jenenge wong nggolet hiburan nek akhire gur digawe mumet ya wang-wangen yo!

Nek ngomong terhibur ya nyong terhibur karo critane Tate karo Miles kie. Nek ora ana adegan dewasane be asline critane ya tetep bisa menghibur… Senajan critane Miles kie mandan drama, tapi untung ana Tate, nyong seneng karaktere Tate sing wonge gamblang, arep iya ya ngomong iya, arep gelem ya ngomong gelem, ora apa-apa terserah hahaha.

Dadi novel iki kan pov-e ganti-gantian aben bab-e ya, pertama sekang sudut pandange Tate terus ngko bab lebare sekang pov-e Miles. Na sing sekang sudut pandange Tate kan critane nyritakna siki pas Tate karo Miles agi menjalin hubungan ranggenah kae mau, nek bab sing nganggo sudut pandange Miles ki critane flashback maring jaman SMA-ne Miles pas agi pacaran karo cewek jenenge Rachel.

Siki nyong agi tekan masalah paling nyebeli sedunia, nyong pengen mbeti ngomong tapi ngko mbokan spoiler, tidaboleh. Masalah kie sing marakna nyong ora sida respect maring Miles. Awite nyong terkesan mbanget maring Miles sing esuk-esuk njaluk ngapura meng bapake Tate gara-gara wengine kegep nang bapake Tate agi kissing nang dapur karo Tate, tapi mbarang ana masalah kie, terus carane Miles memperlakukan Tate juga kaya nguyaki nek agi butuh tok, hadee nyong wis menyerah, ora sida naksir Miles, ora sida. Mbuh mengko bar rampung keprige sidane, apakah Miles bakal nyebeli tekan rampung? Apa malah nyong berubah pikiran? Jajal kayangapa…

Nek penasaran karo critane Tate karo Miles kie kanca-kanca bisa maca nang ipusnas sing legal tur gratis, nek pengin maca sampel-e ndisit ya bisa maca nang GoogleBooks, link-e tak delehna ngisor ya, lur..


Semene ndisit ngocehe suwun wis maca ya…

Wassalam…


Link:

Cover Buku Ugly Love: https://ebooks.gramedia.com/ebook-covers/31661/big_covers/ID_GPU2016MTH03ULWBC_B.jpg

Sinopsis Ugly Love: https://www.google.co.id/books/edition/Ugly_Love_Wajah_Buruk_Cinta/1sA8DwAAQBAJ?hl=id&gbpv=1&printsec=frontcover

Sample Novel Ugly Love kie bisa diwaca nang googlebooks : https://www.google.co.id/books/edition/Ugly_Love_Wajah_Buruk_Cinta/1sA8DwAAQBAJ?hl=id&gbpv=0