Confessions by Minato Kanae

Novel iki nyritakaken Moriguchi Yuko, guru SMP sing putrine seda nang kolam renang sekolahan nggone deweke ngajar. Nek nang Koran lokal britane jare Manami—jenenge putrine Moriguchi-sensei—sing umure esih 4 taun kepleset pas agi makani gukguk-e simbah sing umahe nang mburi sekolahan SMP kie, mbah-mbah sing cokadang dijaluki tulung meng Moriguchi-sensei kon ngrewangi njagani Manami nek pas ditinggal mulang, sebab Moriguchi-sensei ki single mother.

Novel Confessions by Minato Kanae

Nanging Bu Moriguchi ngrasa ana sing janggal sekang sedane Manami, terus mbasan deweke nyelidiki dewek, akhire deweke sadar nek Manami ora seda gur sebab kejegur kolam renang tok. Bukti-buktine ngarah maring anak didike, jebul pelakune ya ora gur siji. Ana bocah loro nang kelas 1-B sing diwaleni Bu Moriguchi sing dadi pelakune. Ngerti kaya kue kedadeane Ibu mana sing ora kepengin ngamuk? Ibu mana sing ora pengin genten mateni wong sing wis mateni anake semata wayang? Senajan Bu Moriguchi esih mikirna posisine sebagai guru sing gelem ora gelem kudu nglindungi anak didike, Bu Moriguchi akhire tetep balas dendam, sing balas dendame kue sidane gur nekakna malapetaka sing lewih gede maning.

Wah.. keprige, lur? Pembunuhan sing pelakune anak-anak, keprige caramu, lur? Menarik sekaligus serem, ya? Asli…

Buku iki pertama kali diterbitaken terjemahane nang Penerbit Haru pas wulan Agustus taun 2019, esih mending anyar itungane ya tapi tekan Oktober taun 2020 bisa wis cetak ulang ping pitu, pancen taun wingi rasane nyong novel iki lumayan diomongna kan ya. Sebab ya pancen se”wow” kue jalan critane. “wow” dalam arti nyong seneng, “wow” dalam arti gendeng ora eling lakune crita, “wow” sebab bar rampung maca nyong rasane wis pol ora enake, mumet, lur.

Nek nyong nonton nang sesi spoiler discussion nang yutube Kanaya Sophia si jere novel iki ndueni genre iyamisu, yakue genre nggo buku-buku sing nek sawise rampung diwaca marai sing maca ngrasa ora enak. Ya bener si. Asline ya ora gur lebare, ket pas maca nyong juga ora wis teyeng arep maca rong ndina rampung kaya dong maca Penance. Nyong kaya maca 50 halaman be megap-megap, lur. Padahal nyong wes ngerti critane, wkwk, iya nyong nge-cheat, wis nonton filme ndisit. Padahal pas rampung nonton filme nyong wis mumet padabae, jebul bar rampung maca bukune rasane esih lewih mumet maning.

Tidak habis pikir idene penulise ki sekang ngendi. Apa enggane pancen merepresentasikan kahanan nang kana, no?

Dadi bocah loro sing dadi pelaku pembunuhane Manami kie latar belakange beda adoh. Sing siji, Naoki, anake wong sugih, senajan ramane sibuk kerja tapi deweke dimanja mbanget nang ibune sebab anak lanang siji-sijine. Siji maning jenenge Shuya, uripe beda adoh karo Naoki, deweke urip karo ramane karo ibu tirine. Shuya ditinggal lunga nang Ibu kandunge pas esih SD, critane ibu kandunge ki pengen dadi ilmuan apa-apa ngono, tapi sebab wis umah-umah wis ndue Shuya mbarang deweke dadi ngerasa Shuya dadi penghalang, terus sue-sue rasa kuciwane ki malih dadi tumindak sing mandan abusive maring Shuya, akhire ibune-bapake Shuya pisah. Padahal semono Shuya esih mbutuhna mbanget karo Ibune. Singkate, sebab tau ngalami dikasari secara verbal karo fisik mbarang meng ibune Shuya ki senajan ora benci karo ibune tapi deweke dadi kaya menarik diri nek nang lingkungan pertemanane. Deweke digambarna dadi bocah cerdas mbarang si alasane, terus deweke dadi ngerasa batir-batire ora ana sing selevel ngono, dadi senenge misah. Ya… Mandan nggaya si jane ya.

Terus apa? Sing arep tak omongna ki apa?

Kaya kie, lur, sing siji ora kurang duit, ora kurang kasih sayang. Sing siji senajan bocah cerdas tapi jelas mbanget kurang kasih sayang sekang wong tuane. Tapi kenangapa loro-lorone akhire padabae masalah? Biang keroke pancen tetep gur salah sijine, tapi kenangapa bisa kaya kue? Kudune wong tua kepriwe ben anak-anake ora dadi bocah nekat kaya kue?

Nang kene tok bae nyong wis mumete pol. Nyong esih bertanya-tanya tekan saiki.

Wis kayakue Bu Moriguchi ya padabae… Malapetaka sing semana gedene nek Bu Moriguchi ora balas dendam sing kaya kae kayane ora bakal kedadean. Balas dendame kue ngrusak uripe bocah loro mau. Parah mbanget. Wis. Mbuh. Dilema mbanget pancen, deweke pancen guru, tapi deweke juga Ibu sing anake dibunuh, alasane anake dibunuh padabae ora bisa ditampa, nyong sing udu sapa-sapa be pokoke moh nyong ora bisa menerima alasan kaya kue T_T  Wis kaya kue sing mbunuh muride dewek.

Nek ditakoni sapa lakon favorite nyong, ora ana, lur, ora ana, wonge mumeti kabeh.

Narasine kan dicritakna ganti-gantian sekang sudut pandange para lakon utamane, pertama jelas Bu Moriguchi terus Mizuki, ketua kelas 1-B, bar kue Ibune Naoki lumantar buku hariane Ibune Naoki, terus Naoki, bar kue nembe Shuya terus terakhir ditutup sekang sudut pandange Bu Moriguchi maning. Nah kue dadi marakna akhire kabeh masalahe dadine gamblang, jelas padang njinggrang. Ya Allah.. pengen nanges mbeti asli.

Penyampaiane jempolan tak akoni, dadi narasine ki ora gur sekedar pindah POV tok, tapi ana sing sekang sudut pandange Ibune Naoki contone, kie awite sekang sudut pandange mbekayune Naoki terus mbekayune Naoki nemokna buku hariane Ibune, nah sekang buku harian kie sudut pandange dadi sekang nggone Ibune Naoki. Sing nggone Mizuki ya padabae, narasine kue critane sekang naskah sing ditulis Mizuki, critane Mizuki arep ngomong karo Bu Moriguchi tapi sebab ora ndue kesempatan terus deweke nulis apa sing dadi unek-uneke terus tulisan mau dimelokna lomba supaya Bu Moriguchi maca.

Sayange plot-twist-e nyong ora menangi kagete, akibat nge-cheat, nyong wis terkaget-kaget agi dong nonton filme T_T iki nembe tau nyong rasane semenyesal iki nonton filme ndisit nembe maca novele T_T

Kayane iki crita ter-gendeng sing wis tau tak waca. Thriller barat ujare nyong be ora segendeng iki. Mbuh… nyong esih mumet luuur T_T

Tapi pesan morale tah ana sing paling mendominasi pokok masalahe, nggo Basa Indonesia apahan

“Kebencian tidak bisa dibalas dengan kebencian. Kemudian, balas dendam mungkin akan membuat kita puas, tapi itu sifatnya sementara, balas dendam nggak akan memberikan ketenangan yang selalu kita inginkan.”

Wis siki, sisane nyong esih mumet, wis, angkat tangan.

Suwun wis maca ya, lur…

Wassalam…


Link:

Genre Iyamisu

Instagram: