Buku kepindo-ne trilogi Rara Mendut iki nyritakna si Genduk Duku, sing nang buku pertama digambaraken dadi dayang prawan kencur sing gandrung karo jaran, ora gur gandrung deweke senajan cah wadon juga pinter numpak jaran. Padahal jaman semono kesane kaya urung lumrah nek ana cah wadon senenge numpak jaran. Nang masa dewasane Genduk Duku juga pernah dadi blantik jaran sebab deweke paham jenis-jenise jaran, endi sing jaran berkualitas duwur endi sing biasa bae jenenge Genduk Duku ki paham seluk beluke.
Kedadean nang novel Genduk Duku iki diwiwiti sekang pelariane si Genduk Duku karo abdi-abdine Pranacitra si Ntir Untir karo Bolu bar Rara Mendut karo Pranacitra seda merga kerise Tumenggung Wiraguna. Sebab wis dadi adate nek ana wong penting kaya Den Rara, apa Tumenggung lsp dipateni ya anak keturunan karo abdi-abdine kudu dipateni mbarang, ora kena ana sing turah.
Tapi Duku slamet. Sebab njaluk perlindungan maring Bendara Pahitmadu, mbekayune Tumenggung Wiraguna sing uga pol diajeni-ne maring Tumenggung Wiraguna dewek. Dadi kesane kaya Tumenggung Wiraguna ki wis ora wani polah nek mbekayune, Bendara Pahitmadu mau wis ngendhika ora.
Duku sadar deweke ora bisa nang kono terus, sebab kue akhire karo Bolu karo Ntir Untir mbarang deweke budhal maring pekalongan nemoni Nyai Singabarong, nyampekaken kabar duka putra siji-sijine wis kapundhut dhateng ngarsane Gusti. Nyai Singabarong jane karep ndadekna Duku putrine, tapi jiwa bebas-e Duku ya ora gelem, jere, apa bedane istanane Wiraguna karo istanane saudagar sugih Nyai Singabarong? Iya juga si..
Nah sekang kono Genduk Duku nerusna laku maring Telukcikal numpak kapal, arep ngabaraken warta duka mau maring Siwa Lanang karo Siwa Wadone Rara Mendut. Nang kapal kue, nang perjalanan maring Telukcikal kue Duku ketemu karo Slamet. Nah sebab pertemuane Genduk Duku karo Slamet kue nyong dadi mawas karo ukara “garwa”. Sing nek miturut KBBI kaya kie :
Asline kue singkatan sigaraning nyawa, sing nang Bahasa Indonesia pada karo belahan jiwa. Uwu pora, lur? Rasane pancen jelas mbanget konsep belahan jiwa kie nang antarane si Genduk Duku karo Slamet.
Tapi sigaraning nyawa naha mesti bakal tiba wektune bakal pisah kan ya. Nah kue krasa mbanget pas tiba wancine Duku kudu pisah karo Slamet, bener-bener Duku wis kaya wong gendeng, senajan akhire eseh bisa waras maning tapi, lur hal kaya kie berat… Lah nyong nek ngemut-emut maning keprige bisane Slamet kudu pisah karo Duku nyong ora sanggup eseh emosi!
Apa sing pada sekang novel iki karo buku pertamane; Rara Mendut? Pada-pada nyinggung soal posisine kaum perempuan nang jaman kerajaan-kerajaan jawa. Wong wadon ora diwai akeh kesempatan nggo melu berpartisipasi secara langsung, dadi punggawa apa pejabat misale. Ora ana kesempatan seakeh siki nggo wong wadon melu kiprah, butuhe wong wadon gur dianggep kudu manut, suwarga nunut neraka katut. Kzl nyong jane nek karo kalimat suwarga nunut neraka katut. Demi apa, bisa seora independen kue wong wadon jaman gemiyen.
Kie salah sji potongan dialog sing mandan memancing emosine nyong:
Lah timbang emosi ya, alhamdulillah bae nyong ora urip nang jamane Rara Mendut karo Genduk Duku. Senajan siki ya eseh ana sisa-sisane perkara sing kaya kue tapi ya nyong alhamdulillah, ora ngalami dikekang nganti semonone. Paling gur kaya “Wis ora usah mangkat maning, ngumah bae ngrewangi mak’e, turmaning ko li cah wadon..” Nyong di kaya kue bae rasane wis kaya arep putus asa rasane. Susah pancen ndue cita-cita nek ora ndue dukungan kaya kie. Padahal nyong eseh pengen ngrasakna weruh ngendi-ngendi, ngambah papan sing urung tau diambah. Nyong asline ora patia seneng nek kon ngunder bae nang kene ora nang kene kaya siki, tapi ya prige maning, nyawang rama biyunge wis pada sepuh kaya kae nyong kuatir mbokane wektune nyong nggo berbakti wis ora akeh. Adine nyong kan juga ndue cita-cita werna-werna, mengko nek adine nyong lunga juga sapa sing ngrewangi mak’e karo bapake? Nyong abot nang kie.
Nyong lunga ora nganti setaun genep be akeh sing kemucap, dumehe cah wadon jere ora apik lunga adoh-adoh apa maning dewekan. Padahal jenenge nang paran kan ora bakal dewek mplek, nang kana mesti bakal ketemu sedulur, bakal ketemu karo wong sing paling menguji kesabaran mbarang, bakal nangis kangen ngumah, bakal nyiwek kelingan rama biyung, bakal ngalami lara dewekan ora ana sing ngrumat, bakal ngalami ketemu atasan sing maregi, tapi kabeh kue penting, tempaan kehidupan ben ndadekna dewek dadi pribadi sing lewih tahan banting, mungkin kue ukara sing pas. Tapi tetep kalah sie, karo “Apa maning bocah wadon lunga adoh-adoh dewekan, wong tua li mikir.”
Padahal nyong sing nglakoni ya juga mikir, nek kelingan wong tua kaya kae nangumah apa nggane tekan nyong arep macem-macem, arep sekarepe dewek? Ora bakal. Turmaning nyong juga eseh sayang karo awake dewek nek arep macem-macem melu-melu cah sing ora nggenah.
Lah bubar wis, ora dadi review kie. Nyong terlalu emosional dadine.
Kayane ngesuk tak review nang instagram bae ya, lur. Apaan yakin, wis telat postingane, ngalor ngidul genah ora T_T pangapurane ya lur… Jane nyong siki aku agi seneng gawe thread nang twitter isine buku-buku sing agi tak waca, kaya reading progress kaya kae. Ngko tak drop link-e nangisor, ya sekedar mutualan lur awkwkwk. Jane nyong seneng dadi ndue record-an pas maca, tapi yakue, wis ping pira ngalami, mangsane nulis review dadi rasane kaya pada ilang apa-apa sing pingin tak sampekna. Sebab nyong ngrasane wes tak sampekna kabeh nang thread mau.
Biasane si nyong nulise tak bolan baleni, ora kabeh, tapi mesti ana bagian sing tak bolan baleni antarane review nang blog kie, thread nang twitter mau, karo review sing nang instagram. Jane kudune nyong fokus bae nang salah siji ya lur, tapi nek nang instagram nyong anu seneng ngalami ribet-ribet nggawe foto buku sing berusaha tak apik-apik senajan dadine ya urung bisa se-aestetik bookstagram-bookstagram sing wis pada pro. Tapi nyong seneng ngedit-ngedit foto, nyiap-nyiapna properti nggo foto, jal nek gur nang blog kie tok, nyong paling nggone foto li seanane tok hehehe 😀
Nahkan, malah curhat mengendi-ngendi..
Yawislaa.. Suwun wis maca ya, lur..
Wassalam…
Link: