Burning Heat by Akiyoshi Rikako

Novel Burning Heat by Akiyoshi Rikako

Kaya ketulis nang blurb-e sing mung kur rong kalimat kae, Sakiko kepeksa rabi karo sing mateni garwane ben bisa menuntut keadilan, ben bisa balas dendam. Sakiko ki dibelan-belani operasi plastik ben bisa rabi karo Hideo sing mateni garwane. Senajan beci Sakiko tetep dadi istri sing solehah, abendina masak nggo Hideo, nganterna Hideo tekan ngarep umah nek arep mangkat makarya, umbah-umbah, reresik umah, wis pokoke idaman mbeti asline. Enggane niate ora demi arep nyelidiki Hideo, enggane niate ora arep balas dendam.

Tetapi hey tetapi, lur, sapa sing ngira terjadilah witing tresna jalaran saka kulina.

Jujur bae nyong ora nyangka arep se-drama kie. Iki novele Akiyoshi Rikako sing paling drama menurute nyong wkwk. Burning Heat ki diwaca rasane ana mirip-miripe karo Memory of Glass asline lur, tapi Burning Heat lewih drama hahaha, terus lewih krasa kuat juga suasana tegange. Thrillere mbarang lewih krasa ujare nyong. Plot-twist-e juga lumayan.. urung sing nganti jos mbanget, apa maning nganti jos gandos wkwk tapi nyong be bisa ora tau kepikiran bakal dadi kaya kue critane.

Tapi ya tetep ranking sijine nyong adalah Absolute Justice. Urung ana sing ngalahna Noriko. Mbuh kie bar nyong ngrampungna Holy Mother kayangapa. Nyong wis maca Holy Mother ana 100an halaman, tapi ya plis, seurunge nyong keceplosan kayane wis ndisit bae la, mbalik maning meng Burning Heat.

Kisahe Sakiko ki dicritakna nganggo alur sing maju mundur, tapi tulung aja ditambahi cantik sebab ukara cantik kurang relate karo isi bukune. Senajan alure maju-mundur, lur, tenang dewek sing maca ora bakal bingung… Akiyoshi Rikako ki pintere pol nggone meramu narasi-narasine dadi alur sing maju mundur kae ora marai dewek rancu karo urutan kedadeane. Mantep pokokmen la.

Terus lur, terus, novel-novele Akiyoshi Rikako ki selalu page turning, selalu.—Ya kayane kecuali Holy Mother sing agi tk waca si— Burning Heat iki juga kekue. Kayane iki alasan terbesar kenangapa nyong sing sebel ngoleksi novel berseri bisa nganti wis ndue 8 judul novele Akiyoshi Rikako numpuk nang meja.

Nek ana sing rasane nyong mengganggu sekang novel iki yakue, kahanane adine Hideo sing lara jantung. Dadi critane Akiko—adine Hideo—ki nganggo alat bantu ventrikel. Kaya kie gambarane nek nyong ngutip sekang paragraf ngisor dewek nang halaman 154

“Mendengar soal alat bantu ventrikel, tidak terbersit gambaran apa pun di kepala orang biasa sepertiku, dan ketika mendengar soal “model tanam” pun, kupikir alatnya benat-benar tersembunyi di dalam tubuh. Namun, Akiko bersandar di kasur dengan lubang di bagian perutnya, dan dari sana ada slang yang menjulur tersambung dengan jantung buatan serta baterai eksternal.”

Tekan semono tok be rasane nyong wetenge nyeri lur. Apa rasane jal, wetenge dibolongi terus awake dewek dileboni selang. Mbuh nyong ora sanggup mikirna. Iki mungkin nek nang platform sing lewih terbuka karo lewih rame kaya twitter nyong wis ditegur ngana-ngene, sebab nang awal ora aweh trigger warning. Pangapura lur, nyong blaka bae urung terlalu paham penggunaane trigger warning ki sing bener kudune kepriwe.

Nah sekang cuplikan mau konangan kan, narasine nganggo narasi orang pertama sekang sudut pandange Sakiko. Bisa-bisane Hideo rabi karo wong sing arane mirip karo adine, ya, Sakiko karo Akiko. Iki biasane nek ana sing mirip-mirip kekie ki jere pertanda jodoh, si jere.

(Ya Allah.. nyong ngapura mbanget ya lur, iki nyong kayane ka agi akeh ngelantur si.)

Tapi nyong paling seneng karo seper telu terakhir bukune. Awite nyong gemes mbeti rasane, sebab maca rong pertelu bukune ki kaya urung ulih petunjuk sing penting babagan kasuse Hideo sing mateni garwane Sakiko, keterlibatane Hideo ki kaya jejake angel mbeti dilacak. Malahan nyong mesam-mesem dewek pas Hideo karo Sakiko akhire kencan wong loro, pokoke pas Sakiko karo Hideo agi uwu-uwunan kae, Ya Allah nyong mesam-mesem dewek kaya wis melu klalen karo apa tujuane Sakiko rabi karo Hideo. Nyong sing udu sapa-sapa nang crita kie be bingung, lur, apa maning Sakiko ya, kayangapa rasane jal ana nang posisine Sakiko.

Ndilalah sepertelu terakhir bukune ki cukup mbanget nggo njelasna kebingungane nyong, pitakonan-pitakonan sing kebek nang njero sirah akhire nemokna jawabane. Ora gur jawaban, dewek bakal dituduhi kebenarane, kebenarane lur. Mbuh ngono waca dewek, rasakna dewek kagete.

Jane nyong esih ndue pitakonan siji sing urung kejawab. Tapi nyong bingung pitakonane arep tak sampekna nang kene apa ora. Pengen tak tulis nang kene tapi ngko mbokan dadi spoiler, apa dadi marakna ngurangi keseruane pas dulur-dulur pada maca.

Novel iki nembe bae rilis terjemahane wulan Maret Rongewu Selikur wingi. Nek ngglet-ngglet mungkin nang marketplace esih ana edisi sing ber-ttd digital-e Akiyoshi Rikako. Diterbitaken nang Penerbit Haru kaya novel-novel terjemahane Akiyoshi Rikako sing liyane, diterjemahaken dening  Asri Pratiwi Wulandari, kandele 296 halaman. ISBN-e 978-623-7531-65-8

Penggemare Akiyoshi Rikako, cus lah, kudu maca sing siji kie. Nyong be jane arep maca Holy Mother ndisit, tapi begitu paket buku iki teka nyong wis ora sabar. Akhire trobos bae wis wkwk.

Nek dulur-dulur seneng thriller sing dramane mending dominan ya kayane iki cocok. Kanggo sing nembe penasaran-penasaran karo karyane Akiyoshi Rikako iki juga cara nyong cocok nggo kenalan.. Nyong lewih merekomendasikan Absolute Justice nggo perkenalan pertama jane, tapi Burning Heat juga mantep, lur.

Wis, wacanen kabeh. Ngandel. Hahaha.


Oiya.. Marhaban Ya Ramadhan ya, sedulur kabeh sing nglampahi puasa… Sedoyo lepat nyuwun ngapunten, kadang mbokan ora krasa nulise cokan ora genah-genah, njaluk agunge pangapura ya, lur… Sebab nyong esih amatir, kadang mesti ana-ana bae kelepatan, salah ngetik, salah paham, salah liya-liyane pokoke nyong njaluk pangapura..

Muga-muga sedulur kabeh puasane lancar, ya…

Tekan kene disit #ReboBuku-ne

Matur suwun kanggo sing wis maca…

Wassalam…


Link:

Alat bantu ventrikel : https://www.google.com/search?client=firefox-b-d&q=apa+itu+alat+bantu+ventrikel

Instagram

Rara Mendut by Y.B. Mangunwijaya

Rara Mendut by Y.B. Mangunwijaya

Iki kepindo nyong maca novele Y.B. Mangunwijaya, seurunge nyong wis maca sing Burung-burung Manyar nang ipusnas pas melu maca marathon sing dianakna nang readathon.id. Wisa taun wingi jane, tapi Burung-burung Manyar-e ki berkesan mbanget nang nyong.

Buku iki diterbitaken nang Penerbit Gramedia Pustaka Utama, Rara Mendut iki buku pertama sekang Trilogi Rara Mendut, buku kepindone judule Genduk Duku, terus buku ketelune Lusi Lindri. Tapi buku kepindo karo ketelune nyong urung maca.

Rara Mendut iki kandele 338 halaman, terus–wis genah mbanget–nyritakna kisahe Rara Mendut sing lair lan gede nang daerah pante utara Jawa. Sawijining dina deweke kepilih dadi garwane Adipati Pragola, Junjungane Kadipaten Pati. Tapi urung kelakon Mendut dikrama nang Adipati Pragola, mawa dawuhe Raja Mataram, Tumenggung Wiraguna teka meng Pati nggawa pasukane. Pati digempur enteng-entengan, Adipati Pragola seda kanthi tragis nang perang kie. Mendut sing ket awal asline ora kepengin urip nang istana dadi mikir sebab Adipati Pragola wis ora ana terus deweke bisa balik maring umahe Siwa Lanang karo Siwa Wadone, mbalik maning paring pante sing ditresnani. Tapi nyatane Mendut malah dadi “wanita rampasan”, deweke karo dayang-dayane diboyong maring Mataram. Singkat kata, Tumenggung Wiraguna ket nembe weruh Rara Mendut ke meneng-meneng wis ngesir.

Tapine kan Mendut ora kaya prawan biasa sing gawean sedina-dinane reresik umah, ngumbahi klambi karo njangan ngrewangi Siwa Wadone. Mendut kue tipe sing senenge melu Siwa Lanange golet iwak tekan tengah laut. Deweke uga sosok Raden Rara sing ora ragu-ragu kemucap ora gelem dikrama nang Tumenggung Wiraguna, jelas mbanget Mendut kie ndue pendirian sing kuat,ora apa-apa waton sendika dawuh. Tapi senajan kue sing marakna Tumenggung Wiraguna tambah penasaran karo Mendut, tetep bae tumindake Rara Mendut ki danggep nyalahi adate istana, tumindak kaya kue mau danggep pembangkangan miturut adate dalem istana.

Wis kaya kue, nggari muncul si Pranacitra sing nek miturute Rara Mendut jere kaya Nakula karo Sadewa didadekna siji. Nyong dewek ora mandan paham perumpamaan sing nganggo lakon-lakon wayang kaya kue, tapi ya intine Pranacitra digambaraken dadi jaka sing ora gur bagus rupane, tapi uga apikan karo sepada-pada, ora gemedhe senajan putrane saudagar sing sugihe ora eling, terus poin sing paling penting deweke juga tresna karo Rara Mendut. Iki sing marakna Rara Mendut tambah moh dadi selire Tumenggung Wiraguna.

Critane Rara Mendut kan wis kondhang asline ya, novel iki juga gemiyen jere wis tau difilmna, jaman rama biyunge dewek esih pada enom. Nyong juga wis tau maca cerpen judule Roro Mendut Triman nang buku kumcer judule Roro Mendut & Atmo sing dianggit dening Besar S.W. , garis besare pada, ning nang cerpen kue lewih ringkes, ana kesan lewih “kekinian” nang sekitar taun 2001-2002 pas buku kumcere terbit, terus endinge juga digantung, siji maning ya, nang versi cerpene ora akeh lakon sampingane dadi ora ana banyolane Ntir Untir karo si Bolu—pengawale Pranacitra—wkwk. Tapi ikonik mbanget ora si, lakon Rara Mendut sing dodol rokok lintingan kae? Nang cetakan novel kie sing cover coklat kae, sing telung buku didadekna siji kae kan juga gambare wong wadon agi udud kan ya..

Buku Kumcer Roro Mendut & Atmo by Besar S.W

Terus nyong pertama ngerti novel Rara Mendut iki malah sekang nonton film Matt & Mou sing adaptasi sekang novel wattpad kae, critane Mou diwai novel Rara Mendut kie meng Matt terus nang akhir critane Mou crita meng Matt jere critane sedih tur tragis. Ditambah weruh nang covere ana asmane penulise, sing wektu semono be nyong esih kaya urung move on sekang Burung-burung Manyar akhire novel iki dadi wishlist.. Nek ora maca Burung-burung Manyar kie kayane nganti siki nyong urung bakal tertarik maca fiksi sejarah wkwk.

Novel iki bahasane campuran Basa Jawa karo Basa Indonesia, tapi sebagai wong Jawa naha nyong esih ora mudeng karo larik-larik tembang sing sering mbanget muncul apamaning kan tembang-tembang iki unsur sing penting nek ngemut-emut settinge pas jaman kerajaan. Sebab Basa Jawa sing digunakaken nang tembang-tembang kue kan biasane Basa Jawa kuno ya, sing nek jaman siki wis ora lumrah dinggo, apamaning ditembangna. Malahan kayane ora akeh pemuda Jawa jaman siki sing paham, termasuk nyong, duh..

Tapi narasine Y.B. Mangunwijaya ki cara nyong kepenak, kawit nang Burung-burung Manyar juga kae kepenak, senajan nyong pengalamane urung akeh karo buku-buku kaya kie tapi ya nyong esih ngrasa menikmati karo rong bukune Y.B. Mangunwijaya wing wis tak waca. Ana kalane nyong nggone maca separagraf tak bolan-baleni tapi tetep ora mudeng ya ana… dadi mungkin bae pas nyong maca akeh detail-detail sing keliwat, eman-eman mbanget jane tapi ya, prige maning, sapa ngerti ngemben pas nyong maca maning wis dadi lewih paham.

Nyong seneng novel iki, tapi ki tetep bae pas maca nyong tetep ana bosene, asale alure mending alon, terus pas nang bagian Rara Mendut diboyong meng Mataram-e ki krasane suwee mbanget, untung mipil diselipi adegan-adegan lucu dadi nyong esih kelipur. Apa maning pas lakone Ntir Untir karo Bolu metu, ngguyu bae nyong. Rong lakon iki senajan porsine ora patia akeh nang novele tapi nyong paling seneng karo lakon loro iki, nek ora ana Ntri Untir karo Bolu mungkin iki crita gur anane sepaneng karo tragis tok.

Lakona Rara Mendut ki nek cara nyong wis kaya pemudi-pemudi kekinian. Miturute wong jaman gemiyen kan wong wadon kudune lemah lembut tur manut, nanging Rara Mendut justru tampil dadi wong wadon sing ndueni daya tarik merga deweke ndueni sifat maskulin. Deweke kanthi tegas wani nolak dikrama nang Tumenggung Wiraguna ora mung gur gara-gara wis ana Pranacitra nang njero atine, tapi uga sebab jiwa bebas nang njerone Rara Mendut ora gelem nek dikon manggon nang istana sing aturane kayane ora nggayah cocok karo bebas sing dikarepaken si Rara Mendut.

Rara Mendut ya wis ora ana gengsi ora ana isin-isinan, dodol udud lintingan nggo mbayari pajege Tumenggung Wiraguna. Ora ketang diunekna “nyaris melacur”, Rara Mendut orapapa timbang pasrah didadekna selir nomer sekiane Tumenggung Wiraguna. Ketebak lah, sidane sing isin ya Tumenggunge.

Tapi jane senajan si Mendut iki kena diomong keras, deweke juga Raden Rara sing tresna ora eling maring dayang-dayange, maring Si Genduk Duku sing wis danggep adine dewek, maring Ni Semangka mbarang sing wis kaya simboke dewek. Mendut juga digambarna ndueni sifat setia kawan, sebab pas ndilalah ana kesempatan nggo kabur sekang Puri Wiragunan, deweke disengi kabur meng Pranacitra be ora gelem, sebab moh ninggal Genduk Duku karo Ni Semangka, karo Putri Arumardi—salah siji selire Tumenggung Wiraguna sing kebeneran cedek karo Mendut—mbarang.

Terus ya, Tumenggung Wiraguna ki nang awal-awal uajre nyong kesatria mbeti kesane—yaiyalaa piyambakipun Panglima je—tapi mbarang tambah meng mburi tambah meng mburi nyong ki gregeten sebab Tumenggung Wiraguna ki wis ndue garwa padmi sing pol teladane kaya Nyai Ajeng, wis ndue selir pirang-pirang mbarang ka ya esih nguber-uber Mendut sing genah-genah wis ora gelem, sing genah-genah wis lewih milih Pranacitra timbang deweke, nyong gregeten ora umum. Tapi ya bisa bae iki nggambaraken sifate menungsa sing selalu kaya ora ana mareme padahal Gusti Allah wis ora kurang-kurang le maringi.

Penulise ki pokoke nggone aweh deskripsi jos, cukup mendukung nyong le berimajinasi mbayangna kayangapa kauripan nang wilayah Kerajaan Mataram pas jaman pemerintahane Sultan Agung Hanyakrakusuma. Siji sing menarik mbanget menurute nyong ya penggambaran suasana pasare, carane pedagang-pedangane nawakna dagangane ki lucu-lucu, wis kaya kue wong-wonge juga krasa mbanget antusiase maring sing jenenge pasar, ora kaya siki, ya, maring pasar rasane bisa ora serame jaman cilik miyen. Mungkin nek jaman siki esih ana wong dodol lemper nggone nawakna monine “Lemper tumenggung, mangga Den, mangga Kangmas, lemper tumenggung, gedhem-gedhi, gedhem gedhi! Jadah dhuda ngengleng. Ayo dik, Diajeng, mangga lho, dhuda ngengleng, nyamleng, ileng-ileng! Kecut-kecut nyamleng!”(hlm.205) auto viral bisa-bisa, nyong senajan ora mandan mudeng karo ukara-ukarane be pengin ngguyu mbayangna ana mbak-mbak nyunggi tampah adol lemper karo jadah terus nggone promosi kaya kue :DD

Wis kekue pokokmen, nek tak critakna kabeh ya ora ana rampunge mengko wkwk. Ndang maca lah… nyg be wis apan otw buku kepindone bar ngrampungna sing agi tak waca siki ndisit.

Eh siji maning, nyong ki lope lope mbanget maring desain covere buku kie! Awite rasane gur apik temen iki samake, tapi mbasan rampung maca akhire nyong mudeng, lur, karo apa sing arep dicritakna nang ilustrasine. Telu-telune ki jan.. ayu-ayu mbanget desaineee pokoke nek mejeng nang rak!

Yawis cekap sementen #ReboBuku episode Rebo Pon, pitu April taun rongewuselikur. Ketemu maning Rebo ngarep ya, Lur!

Suwun wis maca ya..

Wassalam…

Menang Giveaway

Jeng Jeeeng…

Anding kae nyong rasane wis mandan sedih, sebab kaya wis ora sida PO novel anyare Akiyoshi Rikako, Burning Heat sing nembe bae terbit terjemahane nang wulan Maret kie. Kae tanggalan wis tak lungkeri kapan tanggale Penerbit Haru labuh bukak PO. Eeh… jebul duite kanggo nggo liane. Akhire ya ora sida PO, tuku ngemben bae ngenteni duite ana. Jane nyong pengin maskere padahal..

Terus lur, terus… winginane ki ana postingan giveaway-ne sawijining toko buku liwat nang timeline twitter. Id twitter-e tokone @prelovedbydid , nyong akhire melu, jajal-jajalan bae, wong syarate juga ora ribet, gur dikon RT karo reply buku apa sing agi diwaca karo nyertakna kutipan favorit kang bukune. Semono nyong agi maca Rara Mendut, mbene ulih pirang halaman lah, urung ana satus, terus tak poto kan bukune, karo kutipan sing menurute nyong apik. Terus uwis.

Wayahe pengumuman be nyong ora kelingan, malah nyong ora mbukak twitter acan XD. Mbarang esuk-esuke nyong mbukak twitter, wis ana notifikasi sekang @prelovedbydid, nyong awite mandan ora ngandel, sebab seumur-umur melu giveaway nyong urung tau ngalami menang hahaha. Terus nyong ngecek DM, jebul wis ana DM sekang @prelovedbydid wah.. Nyong ya langsung dadi menungsa paling bungah sekabupaten esuk kue hahaha.

Notifikasi ter-uwu

Tak kira ki hadiahe buku senilai satusewu, sebab sing nganakna toko buku, tapi jebul olihe duit, lur! Wis kaya kue mimine ramah tur gercep, bar konfirmasi arep dikirim mengendi hadiahe lsp lsp, ora pake lama-lama duite wis ditransfer maring ovo-ne nyong. Asli nyong ki esih antara ngandel karo ora.

Zuzur ya, semono nyong esih bingung arep tuku buku apa.

Nyong jane kepikiran arep tuku Genduk Duku karo Lusi Lindri lanjutane buku kepindo karo ketelu-ne Rara Mendut, tapi nyong ujug-ujug kelingan karo Burning Heat-e Akiyoshi Rikako. Terus nyong ngglet-ngglet nang marketplace oren mbokane esih ana toko sing adol paketan PO sing ana maskere senajan masa PO-ne wis ditutup. Terus nyong nemu nang sawijining toko, klalen arane wkwk, regane diskon 25% tapi ongkire larang terus nyong jajal niliki nang owlbookstore, tapine sebab nyong mang-mang esih ana maskere apa ora, akhire nyong chat tokone, takon esih ana maskere apa ora.

Chat urung dibales nyong mbukak twitter eeh nang twitter @literarybase ana sing aweh ngerti agi ana flash voucher sekang owlbookstore diskon 15ewu ya nyong cus bae mbalik maning meng marketplace oren, langsung klaim vouchere. Tapi nyong nembe co pas chat-e nyong wis dibales, jere mimin-e esih ana maskere terus akhire nyong nambah Animal Farm sing cetakan cover anyar kae lur, bar kue nyong rasane pengen nanges mbeti totale dadi gur satusewu punjul sitik, kue be wis karo ongkir. Terharu nemeen…

Terus dina Jemuah wingi, tanggal 26 Maret pakete teka! Jeng jeeeng.. isine kaya kie

Isi Box Kebahagiaan

Asli nyong senenge pol lur, ora ngapusi. Nyong matur suwuun mbanget maring @prelovedbydid karo owlbookstrore mbuh T_T nyong pokoke terharu mbeti sida nyong maca Burning Heat! Langsung trobos antrian rong ndina rampung hahaha! Selalu, selalu kaya kie nek maca novele Akiyoshi Rikako!

Jenenge wishlist pancen ora bakal ana entenge ya lur, nuruti hawa nepsu juga ora bakal ana rampunge, tapi asli nyong kaya kie tok be rasane wis paling bungah, pokoke ket wingi nyong menungsa paling bungah sekabupaten Banjarnegara lah! :DD

Bebungahe nyong cukup sekang barang-barang kayangene, lur.. Bener nek batire nyong bola-bali ngomong “Bahagia kue sederhana, mak” kekue. Pancen nek dewek anane nyawang langit terus ya sing nang ngisor kene dadi katon ora ana apa-apane, ora perlu fokus karo keberuntungane wong liya, nek miturut Cak Dlahom nang Merasa Pintar, Bodoh Saja Tak Punya ki kaya kie

Quotes Sekang Buku Merasa Pintar, Bodoh Saja Rak Punya-ne Rusdi Mathari

Jleb langsung maring ati ya, lur? 😷

Angel pancen, angel, tapi kan kaya kue udu blas ora bisa, mungkin kudu dipeksa pancen ben bisa terbiasa..

270321

Sugeng Nyambet Warsa Enggal!

Ora krasa si, ijig-ijig wis ganti taun bae ya. Kaya umume nek genti taun, nyong pengen share wishlist-e nyong sing urung kesampean nang taun 2020 wingi, sapa ngerti tak tulis nang kene dadi donga terus diamini nang sing pada maca hehe.. Nyong juga pengen share resolusi wacan nang taun iki, target arep maca buku pira, muga-muga dadi donga juga, muga-muga eseh bisa ngluangna wektu nggo maca senajan mungkin taun iki kesibukane wis arep mulai normal maning..

Nyong seneng nek taun iki wis bisa mbalik nganggo normal sing lawas maning, wis ora sing new normal-new normalan, muga-muga ya lur… bareng-bareng pada ndonga. Tapi tetep bae kayane mengko dadi tambah angel le ngatur wektu nggo maca. Pancen sing gampang ki tuku buku ya, wektu ora bisa dituku, ora ana sing adol. Turmaning nek ana sing adol kira-kira arep sepira larange ya?

Yawis lah wkwkwk aja kakehen casciscus ora genah… Langsung cus bae iki buku-buku sing pengin tak waca nang taun iki

1. Confessions – Minato Kanae

Nyong wis nonton film-e jane, asli nggilani, serem ngungkuli Penance critane. Nyong asline lewih penasaran karo Confessions tapi mbuh keprige malah maca Penance disit wkwkwk. Nek jare sing wis pada maca pancen akehe pada ngomong Confessions lewih “sakit” padahal Penance be wis kaya kae marakna ora kepenake pol pas rampung maca. Nyong dewek nonton Confessions rasane wis genah-genah ora, ora nyaman jane, tapi nyong  seneng crita-crita sing tegang-tegang kaya kie, sing nampilna apa sing biasane nang dunia nyata ki kesane udu perkara sing lumrah ditampilna apa maning dicritakna nang padongengan sedina-dina. Fix ya, iki wishlist-e nyong nomer siji.

2. Holy Mother & The Death Return – Akiyoshi Rikako

Taun 2020 wingi nyong maca lima bukune Akiyoshi Rikako, ngomong maning, ngomong maning hahaha ben la, nyong seneng mbeti karo tulisan-tulisan Akiyoshi Rikako ka.. Senajan ora kabeh rasane memuaskan nggo nyong si, tapi nyong seneng bae tulisane Akiyoshi Rikako kepenak diwaca, critane ora mandan lumrah si nek nang kene tapi nggo nambah wawasan sisan ngasah imajinasi oke lah. Terjemahane Penerbit Haru juga ndilalah kepenak mendukung mbanget. Apamaning taun 2020 wingi ki nyong agi seneng-senenge genre misteri karo thriller, dadi ya nyong esih penasaran pokoke nyong pengin maca kabeh novele Akiyoshi Rikako, mbuh tuku bukune, mbuh nyilih, pokokmen pengin ngerti kabeh! Tapi ya sing wis diterjemahna disit bae, urung sanggup nyong nek kon maca novel Basa Inggris.

3. Murder at Shijinso – Soji Shimada

Murder at Shijinso juga nyong wis nonton film-e, nuansane lewih meng misteri detektif si timbang misteri thriller, tapi rasane meh kaya nonton Detektif Conan dadi nyong seneng. Apa maning ana zombie-zombienan nang njerone wkwk Nyong awite ora seneng film sing ana zombie-ne tapi kawit nonton Train To Busan terus nonton The Walking Dead sing season siji ndilalah jalan critane ka nyong seneng, ya nyong dadi ketagihan, wingi urung sue bar nonton Alive, zombie-zombienan Korea juga, maning-maning ya nyong seneng. Wkwk malahan taun wingi kan nyong sempat melu kelas nulis cerpen, be nyong cerpene ana zombie-zombie-ne hahaha. Rame juga ternyata crita zombie ya, gemiyen padahal tak kira bakal kaya nonton film horror sing hantu-hantu kae bangsane, ternyata zombie karo lelembut ki beda ya lur hahaha. Nyong nganti siki esih ora seneng genre horror si bisa, anu nek bar nonton film horror hawane dadi tambah kecing, ora waninan dadi nyong seprene mandane menghindari maca horror.

4. Filosofi Teras

Jane nyong wis maca ana 30an halaman, tapi urung teyeng ngrampungna sebab sewane nang ipusnas wis keburu entek, pancen kaya kie nek maca nang hape, hadeeh… mesti ora rampung-rampung. Apamaning khususon buku Filosofi Teras iki kan kebeneran font-e mandane cilik-cilik ora kaya buku-buku liane ya, wis di zoom apaha rasane ora nyaman maca nang hape. Padahal bukune apik, tapi nyong dadi ora rampung. Wis kaya kue antri maning be ngasi saiki ora ulih-ulih banget padete antriane. Mungkin ngesuk nek ana kesempatan maca nyong pengen baleni maning ket awal, wis klalen asale 😀

5. Woe-man Relationship

Iki juga nyong wis penasaran ket sue, tapi arep tuku maju mundur bae kaya pas arep tuku Merasa Pintar, Bodoh Saja Tak Punya. Nganti wingi muncul nang video-ne salah siji booktuber terus nyong dadi ulih gambaran lewih akeh, dadi lewih penasaran, dadi tambah minat karo buku iki mbarang ya iya. Mulai nyelengi maning yuuuh…. Semangat! Sayang mbanget buku-bukune Penerbit Mojok urung ana nang ipusnas ka yo.


Kue ndisit. Nem judul. Padahal nyong wis ndaftar melu challenge Bookstagram Indonesia sing kon nyebutna 9 wishlist-e dewek nang taun iki. Nyong esih mikir telung judul maning kira-kira apa. Jane nek gelem tak lebohna wishlist kabeh geleme dawane pirang-pirang kilo kue wishlist, tapi kan taun iki nyong niate ora pengen tuku buku sing ora patia pengin tak waca. Sekang pengalaman taun wingi kan ya, nek tuku mung gara-gara kegoda diskonan padahal karo bukune ora patia pengin maca ya akhire bukune nggletak tok. Ana kae, sing ket tuku esih nggletak dibukak plastike tok, malah ana sing ket tuku urung dikapak-kapakna esih wutuh plastikan rapet.

Taun iki nyong ora pengin jor-joran nuruti hawa nepsu lah. Nyong juga ndue tanggungan liya, ngglet duit ora gur nggo tuku buku tok. Turmaning kan saiki arep maca buku ana sing gratis tur legal kaya ipusnas, eperpusdikbud, ijateng, ijakarta bangsane, jebul aplikasi perpustakaan digital kui akehe ngepol, kue be Storial karo Wattpad urung kesebut. Dadi ora tuku buku naha udu alasan ora maca buku.

Nek pingin sing ora ngantri kan bisa langganan Gramedia Digital, pada bae sing diwaca, ora ngantri, tur lewih hemat sekang tuku buku cetak. Niate nyong pengin mulai langganan Gramdig bae ben hemat. Nang twitter-e literary base kan sering ana sing nawakna joinan langganan gramdig, nah kui dadi lewih hemat maning. Dadi sepisan maning nyong ngilikna awake dewek, ora tuku buku udu alasan ora maca buku.

Nyong juga ora pengin maca sing ilegal. Kayangene-kayangene nyong juga pengin aweh dukungan nggo para penulis sing wis pada kerja keras, nek ora teyeng tuku buku ori-ne minimal nyong aja maca sekang pdf bajakan, aja tuku buku bajakan, sebisa mungkin nyong ora pengin merugikan para penulis karo penerbit karo kabeh pihak sing terlibat nang proses laire buku, senajan dukungane nyong cilik menthik-menthik.

Nyong ora bisa pro karo sing nyebar buku bajakan, karo sing tuku buku bajakan, tapi ya nyong ora bisa nyalahna mbarang. Kabeh wong ndue alasan bisane tumindak kaya kue, nek kanggone sing pada manggon nang daerah, urung ana perpustakaan gede, apa maning toko buku nang daerahe, terus ndilalah ora bisa asal njaluk duit maring wong tua ya nyong esih bisa mandan maklum, nek bocahe juga ndueni semangat gede pengen sinau pengen maca, ya nyong maklum wong nyatane nyong juga urung teyeng mbantu.

Mbalik maning, jenenge ndue kesempatan bisa tuku karo maca buku kan salah siji hak istimewa sing nyatane nang kene ora kabeh wong bisa ngrasakna. Nyong dewek teyeng tukuni buku kaya kie ajaha wis kerja, gemiyen pas esih sekolah ya gur teyeng tuku sing buku obral cuci gudange Gramedia karo divapress kae, wong sangune pas-pasan.

Gur li sing ngganjel, sing pada urip nang kota cedek perpustakaan, keuangane ndilalah juga omber tapi esih lewih milih buku bajakan, nyong gur ndonga muga-muga enggal ulih pemahaman sing bener.

Tak mulai sekang awake dewek bae ndisit. Sekang sing paling cedek, adine nyong, keponakan-keponakan. Tak warai ben aja mendukung pembajakan. Tak kenalna karo ipusnas karo e-reader gratis tur legal liyane, ben bocah ngerti wong sing gratis tur legal be ana kenangapa nggolet bajakan. Nek nyong ana rejeki ya, sekali-kali tak tukokna orapapa, nyong si malah seneng.

Nyong juga ndue target sing mandan tak undakna taun iki, nek taun wingi nyong targete 30 buku setaun, taun iki nyong 40. Haduh… jemawa temen rasane ya mundakna ka sepuluh hahaha. Tapi ya bismillah, target ya sukur ora target ya orapapa, jenenge maca buku sing penting kan udu jumlahe ya, sing penting sepira akehe sing nyantel nang utek, sepira akehe sing bisa diamalna. Wis kaya kue bae.


Kira-kira kayakue lah, resolusine nyong nang taun 2021. Iki resolusi sing berkaitan karo buku ya. Nek sing semacam arep nabung sing akeh nggo mbojo bangsane ora mlebu nang kene hahaha… Nek sing masalah kie, wis cukup antarane nyong karo Gusti Alloh bae ya..

Kepriwe lur? Apa bae resolusimu taun rongewu selikur iki? Nyong takone sing ana kaitane karo buku tapi lo yaa! 😀 Sah sing macem-macem, hayati musmet wkwk.

Yawis tekan kene disit #ReboBuku –ne ya… ketemu maning rebo ngarep, insyaallah…

Suwun wis maca, wassalam….