The Dead Returns by Akiyoshi Rikako

Judul:The Dead Returns / Houkago Ni Shisha Ha Modoru
Penulis:Akiyoshi Rikako
Penerjemah:Andry Setiawan
Penerbit:Penerbit Haru
Tebal:252 hlm.
ISBN:978-602-7742-57-4
Personal Rate:5/5 Bintang
Cover Novel The Dead Returns

Blurb

Novel iki nyritakna sawijining bocah lanang, cah SMA, arane Koyama Nobuo. Deweke nembe tangi sekang koma, tapi anehe jiwa-ne Nobuo justru ana nang njerone ragane wong liya, nang ragane bocah lanang si nulungi Nobuo pas deweke di jurugna sekang tebing nganti tiba. Terus wong sing siki ragane dinggoni nang Nobuo iki kemungkinan wis seda gara-gara insiden kue. Sebab kue deweke ndueni tekad kudu nemokna sapa wong sing tega-tegane ndorong Nobuo nganti gigal sekang tebing. Kemungkinan paling gede, pelakune kue salah siji sekang 35 bocah nang kelase Nobuo.

Review

Iki wis kaping sanga nyong maca novele Akiyoshi-sensei. Dadi rasane wis terbiasa wis ora ana hal sing mengganggu, wis ora ana rasa ragu-ragu. Narasine kepenak, terjemahane kepenak, pokokmen macane lancar jaya bebas hambatan.

Iki salah siji novele Akiyoshi-sensei sing miturute nyong paling ringan. Ora patia tegang, misterine uga mandan kurang dan justru berakhir dengan heart-warming. Bintang limane nyong kue janjane nggo endinge, nyong seneng mbanget maring endinge, mandan sedih si tapi tetep seneng. Ya mungkin iki salah siji buku sing kudu diwaca nek kanca-kanca nggolet buku sing critane bisa muasna ekspektasine dewek minangka sing maca.

Senajan latare sekolahan, masa-masa SMA, kaya Girls In The Dark tapi The Dead Returns iki lewih simpel nek dideleng sekang konflike. Lakon-lakone uga ora sing kudu crita kabeh sekang sudut pandange dewek-dewek kaya nang Girls In The Dark, dadi ana sing kemunculane mandan kurang berkesan pancen, tapi meringankan pembaca, dewek ora kemudu ngapalna jeneng-jenenge kabeh lakone. Hehehehe

Nek narasine, novel iki crita sekang sudut pandange Nobuo nganggo pov orang pertama, wis tak singgung mau nang pertamanan nyong ora tau ana masalah karo gaya bahasane Akiyoshi-sensei, ora tau ana masalah mbarang karo terjemahane. Dadi wis ora gumun lah nek maca novele Akiyoshi-sensei ki selalu cepet mbanget rampung. (Secepet-cepete nyong ya rong ndina, si wkwk)

Buku iki recommended nek arep diwaca remaja, topike nyinggung-nyinggung pembunuhan pancen, tapi ora vulgar, interaksi lakon-lakone uga esih kelebu wajar ora ana sing nganti nyeleneh keprige.. Ya ala-ala cah SMA nang Jepang, kaya nang film-film Jepang mbanget lah. Tapi nek arep diwaca 20 meng nduwur ya esih oke, esih menghibur, esih marai menebak-nebak, esih bakal marakna sing maca melu terharu karo perjalanane Nobuo nggolet pelakune.

Terus terang bae nek nyong be esih ngalami mandan kaget maring plot-twist-e padahal ora segede nang Holy Mother wkwk.

Yawis lur.. Tekan kene ndisit ya.. Muga-muga manfangat, suwun wis maca…

Wassalam..

The Dead Returns hlm. 98

My Bookstagram

Novela-novelane Penerbit Basabasi sing Cendek, Rame Lan Bisa Diwaca Gratis Nang Ipusnas

Seurunge nyong arep nyampekna ndisit kabeh buku iki nyong ulih referensi sekang thread sing digawe nang Kak @reverreads nang twitter, jane nang thread kue ana buku nonfiksi mbarang tapi nyong arep mbahas novela-ne bae, sing nyong tertarik mbanget pengen maca, karo sebagian ana sing wis tak waca mbarang. Kanggo Kak @reverreads matur suwuun mbanget wis gawe thread sing sangat berfaedah iki, sehat selalu ya! ^^ Oiya link maring thread-e tak selehna nangisor ya lur…

Nyong mulai sekang sing wis tak waca ndisit ya..

Yawis, lur, markicus alias mari kita cuss maring judul sing pertama..

Silsilah Duka

Novela iki nyritakna Ramlah sing bunuh diri nangarepe Majang, anake sing mbarep. Majang nyekseni dewek Ibune sekarat nangarepe. Terus alur-e ditarik mundur, maju, mundur, maju, pokoke maju mundur cakep nganti terungkap apa sebabe Ramlah sing urung sue nembe nglairaken Mangsen, adine Majang, bisa nganti nglakokna bunuh diri nangarepe anake dewek. Kedadean kaya kue gelem ora gelem mengaruhi psikis-e Majang sing esih bocah cilik mambu kencur.

Tapi, lur, nang sedawane crita bakal bermunculan maning crita-crita sing lewih marai miris lan lara ati.

Crita masa lalune Juhairiyah, mertuane Ramlah, sing subhanallah kae, crita sedihe Majang ngalami menstruasi pertama tapi nang sandinge wis ora ana ibune, critane Kholila—adi ipare Ramlah—sing ora perduli nganggo cara apa pokoke pengen mbanget ngalahna ibune sing serba ora gelem ngalah, lan crita-crita sampingan liyane sing pokoke sedawane satus sekian halaman pemaca ora bakal teyeng mesem, nyong bae lah, sedawane maca kie rasane ora karu-karuan, lur! Boro-boro ka ngguyu, mesem setitik be ora bisa, ora ana sing bisa nggawe nyong mesem sekang crita surem lan tragis kie. T_T

Rumah Ilalang

Nyong maca iki sebab langsung tertarik pas maca blurb-e. Critane ana siji waria jenenge Tabita, deweke seda nanging pas kancane, Tania, ngabari bapake respons-e ora sesuai harapan, bapake Tabita bahkan ora nunjukkan niatan arep methuk jenazahe Tabita nang rumah sakit. Wis kaya kue pas arep disarekna, warga sekitar nolak nek Tabita disarekna secara muslim sebab, minggu-minggu terakhi uripe warga sering weruh Tabita melu ibadah nang gereja. Tapi pas Tania maringi gereja sing biasa ditekani Tabita, hasile ora beda adoh, gereja nolak sebab Tabita ora kedaftar dadi jemaat.

Isu-ne sensitif, tapi menarik ya, lur. Sebab kue nyong langsung pengen maca. Sekang ceritane wis mantep, nyong seneng, tapi sayange nek nyong kurang cocok karo gaya bahasa-ne. Malahan tekan rampung maca nyong esih bingung karo ending-e. Nek iki si jane dasare nyong bae sing telmi hahaha

Tapi iki apik, nggo nambah-nambah insight, nambah wawasan. Seurunge nyong ora ngerti si nek nang gereja jebule sisteme jemaat-e didaftar kaya kue, ujare nyong pada karo awake dewek sing bebas arep melu sholat nang masjid sing endi, ternyata ora, ya.. Mungkin nek nang agama liya-liyane juga beda maning carane. Tapi nyong seneng dadine ngerti.

Rumah Jadah

Rumah Jadah iki nyritakna Marsia karo Fandrik sing wis dijodokna kawit Marsia esih nang njero wetenge ibune. Tapi mbasan gede, pas Fandrik teka maring ngumahe Marsia, Marsia malah nolak, sebab deweke ora tresna karo Fandrik, sebab deweke wis ndue pacar Linggo, tapi wong tuane malah ndukung Marsia, padahal perjodohan kan kaya janji ya tapi wong tuane kaya gampang mbanget mblenjanine. Marsia jane kepikiran, apa jangan-jangan wong tuane ndukung Marsia karo Linggo sebab Linggo anake wong sugih, ora kaya Fandrik sing wis yatim piatu lan esih urung jelas kerjane pas nglamar Marsia. Tapi deweke ora ambil pusing, sebab deweke juga ora tresna meng Fandrik, Marsia pengine rabi karo Linggo.

Penolakan kue jebul marai lara atine Fandrik, lara ati sing ora uwis-uwis senajan deweke akhire wis sukses, wis rabi mbarang karo wong liya. Dadia permusuhan sing berlarut-larut, ora Marsia ora Fandrik ora ana sing gelem ngalah. Puncak-e, pas Fandrik nyalon dadi kepala desa si Marsia kebakaran jenggot, akhire melu-melu nyalon. Pas agi panas-panase swasana kampanye, ora nyana ora ana sing ngira, jenazahe Marsia ditemokna wuda blejet nang komplek pesarean.

Sayang telungewu sayang, novel iki akhire ora sesuai harapan senajan plot-twist-e tetep ngageti, tetep nggregeti. Nanging nyong tetep hah? Heh? Hah? Pas rampung maca sebab akeh misteri sing urung kejawab, tapi mungkin penulise pancen pengen sing maca nyimpulna jawaban dewek.

Kejaba sekang dendam karo permusuhan, novela iki uga ngangkat topik-topik seputar tahayul kaya mahluk jadi-jadian sing arane mogut sing jare senenge mangani jenazah sing wis dikubur, karo kepercayaan nek saben malem jemuah ahli kubur temenan pada tilik ngumah dadine warga pada mbakar dupa nangumahe.

Ana mbarang ngenani masalah perbedaan keyakinan sing ruwet, terus ngenani tumindake warga Tanjung Mayang sing marai tambah mumet, senenge nggosip, percaya mbanget karo tahayul. Pokoke kadang nyong sebel dewek lah. Wkwk.

Na kue sing wis tak waca lur, rame si? Wkwk part loro-ne ngenteni nyong rampung maca maning ya!

Terus kue kan stok-e juga gur siji loro malah ana sing kudu antri, tapi tenang, lur.. iki ngantrine ora bakal separah nek awakmu antri Filosofi Teras apa Laut Bercerita, sering-sering ngecek adalah koentjinja, oke?

Suwun wis maca…

Wassalam…


Link

Thread @reverreads : https://twitter.com/reverreads/status/1388332877629194240

Di Tanah Lada by Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie

Judul:Di Tanah Lada
Penulis:Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie
Penerbit:Gramedia Pustaka Utama
Tebal:244 hlm.
ISBN:9786020318967
Personal Rate:4/5*
Cover Buku Di Tanah Lada
Blurb Di Tanah Lada (goodreads.com)

Kebayang ora lur ndue bapak sing sengit karo awake dewek? Bahkan karo anake sing esih cilik be ora ana tanda-tanda ngatonaken welas asih setitik acan. Karo biyunge kasar, karo anake ya pada bae tapi biyunge Salva ki terjebak karo bapake Salva, sebab deweke ibu rumah tangga sing apa-apane di cukupi bojone, dadine deweke nek arep misah juga mikirna le urung mampu secara ekonomi. Tapi kan melas anake ya…

Dadi nyong  maca novel iki nang aplikasi iJakarta, iseng bae awite download iJakarta terus nggolet-nggolet novele Ziggy Zezsyazeoviennazabrizkie (iki nyong nek nulis asmane penulise terpaksa copas, wedi mbokan typo wkwk) sebab pengin mbanget maca tapi nggolet bukune nang marketplace regane mandan larang, urung ana budget wkwk, terus nang ipusnas antrine padabae ora nguati. Ndilalah pas agi nggolet nang iJakarta kue ka ana. Nyong niate maca arep tak rampungna sewengi, saking penake narasine, nek ora bat-bete ora mripate sing wis ora kuat kayane tak rampungna temenan ora ketang tekan jam loro mbuh jam telu wengi. Tapi apalah daya mripate nyong ora sanggup, akhire tak tutup, nyong turu terus nembe lanjut maning ngesuke. Ya langsung rampung!

Novel iki kue crita nganggo sudut pandange Salva, nyong nembe tau si maca novel sing crita sekang perspektife cah cilik kaya kie dadine krasa seger lur. Anding nyong maca Negeri Bawah Air kan lakone juga cah cilik-cilik tapi tetep critane sekang sudut pandange penulise, nek Di Tanah Lada iki ora. Tapine senajan critane sekang perspektife bocah cilik, kayane buku iki ora pas nek diwaca bocah cilik. Sebab nang njerone ana adegan-adegan abusive sing dilakokna wong tua maring anake, terus kuatire nek diwaca cah cilik ngko mbokan bocah sing maca dadi skeptis kaya lakone. Sebab kue novel iki kanggone wong dewasa.

Kejaba sekang narasine sing kepenak, lakon-lakon nang novel iki sebagian ki krasa nyata. Ana si, sing mandan dipolas-poles ben ulih kesan drama-ne, tapi sebagian krasa kaya wong nang sekitare dewek. Contone Ibune Salva, deweke sayang mbanget karo Salva tapi ora ndue daya nek arep njaluk pisah karo bapake Salva. Nang kene nyong sadar, sebagai antisipasi terhadap kemungkinan terburuk, penting nggo wong wadon ndue sangu pendidikan, utawa keterampilan, penting kanggone wong wadon seorane nek ora bisa ngurus keluarga karo nyambut gawe tetep kudu ndue tabungan nggo awake dewek, bukane suudzon karo nasibe dewek, karo Sing Nggawe Urip mbarang ya tapi li ora ana salahe jaga-jaga.

Nyong menangi dewek figur kaya Ibune Salva kie. Dadine semakin on fire nyong nggone maca.

Terus lakone Kak Suri, lakone Mas Alri mbarang, akeh kayane sing seperti mereka berdua ini. Nyong pengin ngomong mbeti tapi dadine ngko spoiler T_T Bahkan nganti lakone bapak ibu sing tunggu Rusun Nero juga krasa kaya induk semang nang dunia nyata hahaha.

Tapi sing nyong paling seneng ya lakon utamane, Salva. Salva iki digambaraken dadi cah cilik sing baisa-biasa bae, ora sing sedih suram mbanget sebab diperlakukan kaya kae nang bapake, tapi juga ora sing tetep ceria hepi-hepi ulala senajan bapake kelakukane na’udzubillah. Justru respons-e Salva sing kadang kaya baisa bae padahal dikasari sedemikan rupa kue sing marai ati rasane kaya dibeset-beset. Perih dewek. Cah semana cilike ngerti apa-apa urung, wis ulih coba wong tua kaya kue. 😦

Kejaba kue, Salva ki bocah pinter lan seneng mbanget belajar bahasa. Dadi pas ulang taun kaping telu deweke ki dikadoni  Kamus Besar Bahasa Indonesia maring mbahe, asmane Kakek Kia. Nah terus kamus kue dadi benda kesayangane Salva. Digawa mengendi ora, selalu di bukak nek deweke krungu wong ngucap istilah-istilah sing deweke ora akrab. Carane penulis menarasikan pemahamane Salva uga rasane natural kaya cah cilik mbanget, ka bisa ya… nyong gumun asli.

Nyong juga seneng lakone P, iya jenenge mung sehuruf tok, P. Tapi keberadaan-e si P iki marai ngundang adegan-adegan sing marai ngguya-ngguyu, mesam-mesem dewek. P iki langsung klop karo Salva ket pertama ketemu, ditambah-tambah bapake P juga kelakuane ora beda adoh karo bapake Salva dadine cah loro ki kaya semacam berbagi kisah yang sama tentang memiliki Papa yang membenci anaknya. P iki umure lewih tua sekang Salva, ana kacek rong taun mbuh telung taun, tapine deweke ki temua mbanget wis kaya kakange Salva bae. Lorone ki kaya lengket maring siji lan sijine, nang kene kadang nyong ngrasa nek cah loro iki umure wis SMP utawa SMA mungkin iki bisa dadi kisah cinta ala-ala wkwk.

Tapi Alhamdulillah lakone cah cilik, dadine ora perlu nambah-nambahi konflik sing wis ruwet nganggo kisah cinta monyet wkwk.

Maca novel iki kaya numpak roller coaster, lur—senajan nyong urung tau, sebab ora wani—dewek wis dijunjung tekan nduwur wis melu terharu, melu seneng, ati wis labuh plong ijig-ijig serrrr… meluncur bebas maring ngisor 😦 Iki salah siji novel tersedih sing pernah tak waca.

Sing nyong seneng sekang novel iki, siji, narasine, gaya bahasane, loro, karaterisasine, telu amanate. Apa amanate?

Bisa bahaya, lur, nek cah cilik, anak-anak, mencari tahu sendiri tentang segala sesuatu yang membuat dia penasaran tanpa di damping orang dewasa.  Bocah cilik kadang nyimpulna dewek, mahami dewek, padahal kesimpulan karo pemahamane seringe urung pas nek dijorna bae, gelem-gelem bocah dadi skeptis, nek wis skeptis, kadang angel nglurusnane. Lewih bahaya maning nek pemahaman si keliru kegawa tekan gede.

Sebab kue buku iki nggo diwaca orang dewasa.


oiya nyong juga wis nulis review nggo bahasa Indonesia nang ig ya lur.. link-e nangisor.

Suwun wis maca wassalam…


Link:

Cover Di tanah Lada : https://i.gr-assets.com/images/S/compressed.photo.goodreads.com/books/1444954928l/27213435.SX318.jpg

Blurb Di Tanah Lada : https://www.goodreads.com/book/show/27213435-di-tanah-lada

Instagram :

Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Judul:Satu Hari Bersamamu / For One More Day
Penulis:Mitch Albom
Penerjemah:Olivia Gerungan
Penerbit:Gramedia Pustaka Utama
Tebal:248 hlm.
ISBN:9789792234336
Personal Rate:4/5*
Satu Hari Bersamamu by Mitch Albom

Sinopsis

Charles “Chick” Benetto nglakokna percobaan bunuh diri sebab deweke wis ngrasa wis pol kecewane maring awake dewek, maring uripe, maring anake, maring segalane. Nang tengah-tengah sekarate Chick Benetto ketemu maning karo ibune sing wis seda wolung taun kepungkur. Mbuh kue hantu mbuh kue prewangan mbuh kue apa, butue Chick bali maring umahe ibune gemiyen terus nang kono deweke ketemu karo ibune.

Merga ketemu maning karo ibune kue, Chick Benetto dadi nemokna alesan kenangapa urip kue berharga senajan deweke tau salah milih, sering salah langkah, wis ping kopang kaping kecewa lan nguciwakna wong liya.

Tapi nemokna alesan kue naha ora bisa mbalekna kahanan dadi kaya maune maning. Ibune ora bisa urip maning, Chick tetep bae ora dikabari pas anak wadon siji-sijine rabi, Chick uga ora bakal rujuk karo mantan bojone. Deweke juga esih nang tengah-tengahe urip karo mati, urung genah bar kie terus arep dipundhut nang Sing Nggawe Urip apa njur esih arep diwai kesempatan urip maning.

Ulasan

Iki jinise buku sing pas mbanget diwaca pas dewek agi ngrasakna nang posisine Chick Benetto, kabehan ambyar, wis ngrasa kaya ora ndue apa-apa utawa sapa-sapa sing kena nggo cekelan, pokoke—na’udzubillah aja ngasi—ujug-ujug ka kepikiran kayane nek nyong ora nana ora bakal ana efeke apa-apa nggo dunya kie. Lumantar buku kie, penulis arep nyampekna se-sebel-sebele dewek karo urip, nek dewek gelem mikir maning jane alesan kenangapa dewek kudu bertahan hidup kue tetep ana.

Iki pertama kali nyong maca bukune Mitch Albom. Wah… Terkesan si, lur, terkesan mbanget. Senajan nyong maca separagraf be kudu tak bolan baleni sebab kadang nyong ora mudeng karo terjemahane, tapi setitik tok, secara keseluruhan si cara nyong terjemahane esih tergolong penak lan gampang dipahami.

Nyong sedih dewek saben maca bab Saat-Saat Ketika Aku Tidak Membela Ibu. Critane si Chick Benetto iki kaya pengeen mbanget cepak karo bapake, pengin mbanget ngrasakna disayang meng bapake kaya disayang meng ibune. Tapi ya kue, kadang dewek naha sering kaya lewih cenderung maring wong sing cuek karo anyes meng dewek tinimbang maring wong sing jelas-jelas nunjukna nek deweke sayang meng dewek. Semono uga si Chick Benetto, demi pengen ulih tresna lewih akeh sekang bapake, Chick malah dadi kaya anak sing pilih kasih maring bapake.

Chick ora krasa nek deweke sering gawe kuciwa ibune gara-gara pengin digatekna maring bapake. Padahal pas bapak ibune pisah, sing kerja keras nguripi karo nyekolahna Chick karo adine ya Ibune, bapake ngilang mbuh mengendi ora ngabari. Ibune banting tulang dewekan, esih kudu ngadepi pandangane wong-wong sing sering negatif maring randa, apa maning ka randane esih enom tur ayu kaya ibune Chick, dinyinyiri di-diskriminasi diunekna werna-werna pokoke ya maregi lag, sega ndog nek carane batire nyong. Wis kaya kue si Chick esih sering kaya ora langsung nyalahna ibune sebabe bapake lunga.

Ana bagian-bagian nang buku iki sing mandan nempel nang pikirane nyong dina-dina kie gara-gara maca Satu Hari Bersamamu kie, dadi Ibune Chick Benetto kue bawel, kaya ibu-ibu liyane lah, senenge kan mesti ribut dewek sing ngemutna wis nggawa payung apa urung mbokan udan, wis nggarap PR apa urung, maem apa urung, pokoke segalanya, na Ibune Chick kue senenge ngoreksi tata bahasane Chick, kaya kie, tak kutipna sekang halaman 40 ya..

“Aku dan Roberta akan…,” Aku mulai bicara.

“Roberta dan aku,” potongnya.

“Aku dan Jimmy ingin…,”

Jimmy dan aku,” katanya.

Kaya kue, kaya ora patia penting, tapi nang kono ana nasehat tersirat, bahwa tata bahasa yang digunakan orang barat menganjurkan kita supaya mendahulukan orang lain, secara tidak langsung dengan cara menyebutkan orang lain dulu baru menyebut ‘aku’.

Kayane nyong ora tau belajar kie pas sekolah…

Nek nang Basa Indonesia For One More Day utawa Satu Hari Bersamamu kue ya “mendamaikan”. Anget tapi marai adem, yuhh prige jal kue, bisa uga ngrewangi meredakan esmoci wkwk emosi maksude.

Oiya iki senajan nang mburi tulisane Novel Dewasa tapine tenang bae ora ana adegan seksual utawa kekerasan nang njerone, tapine tema-ne bunuh diri dadi mandan ekstrim mungkin gara-gara kue dadi ditandai Novel Dewasa.

Siki nyong agi maca Selasa Bersama Morrie, versi terjemahane Tuesdays With Morrie. So far, rong buku iki hawane tak rasak-rasakna ka pada we, lur, anget-anget tapi nang ati rasane nyess, wkwk anget tapi ngadem-ademi! Nyong dadi penasaran karo buku-bukune Mitch Albom sing liyane si..


Kutipan-kutipan sekang Satu Hari Bersamamu sing nyes nang ati:

“Yang terjadi saat impianmu menjadi nyata adalah kesadaran yang perlahan luruh bahwa impianmu tidaklah seperti yang kau bayangkan.

Dan impian itu tak bisa menyelamatkanmu.”

(Satu Hari Bersamamu hlm. 15)

“Jadi,” katanya , melangkah menjauh, “sekarang kau tahu ada orang yang sangat menginginkanmu, Charley. Anak-anak terkadang melupakan itu. Mereka melihat diri sendiri sebagai beban dan bukan sebagai jawaban doa.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 92)

“Ingat, Charley. Terkadang, anak-anak ingin kau teruka sebagaimana dia terluka.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 111)

“Anak yang merasa malu karena ibunya,” katanya, “hanya anak yang belum terlalu lama menjalani hidup.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 111)

“Kembali menjalani aoa yang pernah kau tinggalkan itu lebih sulit daripada yang kau kira.”

—Posey Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 163)

“Semakin kau membela sebuah kebohongan, semakin marah kau jadinya.”

(Satu Hari Bersamamu hlm. 199)

“Sekarang aku merasa malu pernah berniat bunuh diri. Hidup begitu berharga. Aku tak memiliki seorang pun yang bisa membujukku keluar dari keputusasaan, dan itu sebuah kesalahan. Kau perlu memiliki orang di dekatmu. Kau perlu memberi mereka jalan masuk ke hatimu.”

—Charles Benetto (Satu Hari Bersamamu hlm. 240)

visit my bookstagram:

https://www.instagram.com/rifleureads/